Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/324

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Panganan nganti tanduran
Hiburan nganti kesenian
Ana kabèh ing Jawa

Lumpia, apem, nagasari, thiwul, rengginang
Sega gandhul, sega pecel, sega megana, sega goréng
Beksa, wayang, ludruk, ketropak, tembang
Coba, apa sing kurang saka Jawa?

Jawa...
Nadyan padhet pendhudhuké
Ananging bisa rukun mangun dhusun.


471. Panggurit: Miga Isnan Fitriyani 00000380

Tentrem dan Tampakmu
Adhem iku sliramu
Tentrem iku sliramu
Guyub iku sHramu
Temata iku yo sliramu

Semeblak......
Gilar-gilar.......
Tentrem ing ati


472. Panggurit: Novitasari 00000122

Jawa Tengah
Papan kelairanku
Papan aku nimba ngilmu

302