Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/323

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

469. Panggurit: Putri Hardiani 00000535

Jawa Tengah

Sak kluthek ambané
Sisih lor laut Jawa
Kidul Yogyakarta
Lairé putri
Mancah swasana sunyi
Tangisé wong tuwa
Nyambut senengé jiwa
Mripat ngamba
Basa Jawa nyuwara
Budaya kang adiluhung
Lan bumi kang mawarna
Aku kintir
Ing panggon banjir ilmu
Ing Jawa Tengahku
Ing kéné uripku


470. Panggurit: Litik Henri Supriyanto 00000192
Endahe Jawa
Yèn kasawang mata ora béda karo papan liyané
Gedhéné ora kaya Jakarta
Cilik ora kaya Timor Lésté
Ananging jangkepé kaya Amérika!

Tionghua nganti Jawa
Priyayi nganti kiyai
Préman nganti bajingan

Panganan ...

301