Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/318

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Katambahan iringan lakuning gamelan
Ngambara angleyang-leyang
Angrasa adheme driya
Nrenyuhake lelakuning panjangkah
Luhuring budi pekerti
Ngiringi tumindak ing dina-dina iki
Kang kebak suminaring surya

Sirna...muspra
Aja ilangna tlatahku iki
He.. jalma manungsa
Balekake kahuripanku
Aku tresna bumiku iki
Bakal takjaga
Kanthi pungkasaning carita


461. Panggurit: Khityatus Saikhael 00000502

Jawa Tengah
Jawa Tengah,
Jawa Tengah negeri kelairanku
Kang sampurna gawé crita uripku
Susah, seneng, sedih
Tumplek bleg ing dunya iki

Kenangan kang gawé béda
Saben dinten saben wengi
Aku tansah khawatir, wedi
Saumpamané besuk aku ninggalna bumi iki

Aku janji,
Sanggup jaga bumi Jawa Tengah

296