Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/317

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

459. Panggurit: Pramita Apriliyana 00000053

Seksi Dalanku
Sajumangkahku abot ninggalake sliramu
Saben kaéndahanmu nduweni teges
Kang gawé ora bosen olehku nyawang
Pawayanganmu tansah kumanthil ing netra
Ngebaki rasa tresnaku
Tresna kang tan winates
Sanadyan ing ngendi-endi papan tinemu prastawa
Nanging jumenengku krasa sepi
Yen ora karo sliramu
Sliramu papan kapisan aku jeritake tangis
Nganti papan pungkasan aku ditangisi
Sliramu seksi dalan lakonku
Mujudake akehing kenangan
Sliramu, tresnaku, Jawa Tengahku


460. Panggurit: Endah Nurhidayah 00000052
Tlatah, Tresnaku
Tlatahku,
Tlatah kelairanku
Kebak panguripan
Kebak kabecikan
Ananging?

Budaya angrembaka
Ginawa kaéndahing donya
llining swara-swara tetembangan

Katambahan .....


295