Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/312

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

453. Panggurit: Rifanti 0000065

Kembangku

Kembangku,
Tlatah pangudi budaya
Kembangku,
Ruh Jawa kang ngrembaka

Witing jebul lan surupe srengengé
Witing cilik tumekaning gedhé
Ing rah iki tumetes abdi juwang
Marang kowé,
Kembangku

Dhuwuring gunung ambaning segara kang sugih nyawa, sugih bandha
Kembangku,
Iki tlaga wening lan watu krikil
Kang anguji abdi marang kowé,

Kaé,
Kaé rak asining segara?
Kang dadi seksi reksaning nyawa lan budaya
Marang kowé,
Kembangku

Jero anggoné mendhem dhuwur anggoné junjung
Kowé,
Kang sugih nyawa sugih bandha
Nangisa! yen tanganmu dadi brandhal ing bandhamu
Nangisa! yen awakmu kang nggawé pati marang nyawamu
Nanging,
Kembangku
Ngguyua! yen kupu kaé padha opén marang bandhamu

290