Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/311

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Siji baka siji dionceki wong kang njawadi

Tangi oo le..tangi !!
Mbok junjunga tanganmu
Lha kaé kembange wis mbrodhol
Aja nganti kokgundhuli Tanah Jawa iki

Hai mencer !!!
Aja sumelang kowé...!!
Bedhilmu kuwi wis gedhé-gedhé
Aja mbok rusak tamaning liyan
Mung kanggo kamardikaning perangmu
Nek ora gelem ganti
Tak dor !! Dor! Dor!

452. Panggurit: Elysah Marlina 00000070

Jawa Tengah Gegayuhaning Manungsa
Jawa Jiwaning ati
Tengah kalbu kang gawé kasenengané ati
Aman, ayem, tentrem
Jawa Tengah
Satunggaling papan keajaiban donya
Barabudhur iku jenengé
Ora amung lokal ugi Internasional
Bangga Kaliyan Jawa Tengah
Provinsi kang dadi gegayuhaning manungsa
Jawa Tengah mugi kok dadi
Provinsi kang tentrem
Nentremake saben atining manungsa

289