Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/304

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

442. Panggurit: Ahmad Jami‘ul Amil 00000367

Surakarta

Sepisan anggonku ngancik kuthamu
Tumancep niyat kang pinasthi
Tansah cumondhong jroning ati
Surakarta
Daksawang minangka panendaning cita
Tulusing ati niat kang suci
Anggonku sinau kabudayan
Ngudi kamulyan karaharjan

Surakarta...
Kutha budaya anggoné para sujana sinau
Kraton Solo, Sriwedari
Aku pengin sinau..

lya saiki aku ya wis entuk
Surakarta
Entuk paendahing ati
Mugi tansah madhep
Maring ati
Surakarta
Aku tresna marang sliramu


443. Panggurit: Frency Kartika Sari 00000118

Tresnaku Jawa Tengahku

Tresnaku marang kutha iki
Kutha Jawa Tengah
Gedhé banget...
Ora bisa takkira-kira nganggo tetembungan

282