Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/303

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa


Jawa Tengah...
Wong Jawa kang ilang jawané...
Mugi...uri-uri kabudayan Jawi...
Soloku...Jawa Tengahku...
“song-song"...kang dadi trenyuhing ati..


441. Panggurit: Ahmad Rozikin 00000735

Wong Jawa Tengah

Indonesia bangsa kang pinunjul
Ora mung gedhé negarané
Ora mung kebak rakyaté
Ora mung akeh kerupsiné
Nanging...
Bangsa sing adiluhung
Budaya apa dene karyané

Jawa Tengah
Pemerintah, guru, pedagang, nganti rakyat flantah
Dadi siji mung ing
Jawa Tengah

Aku, kowé, dhèwèké
Ya wong Jawa Tengah
Wayang, kethoprak, campursari
Ya wong Jawa Tengah
Barabudhur, Prambanan, Gedhongsanga
Ya candhine wong Jawa Tengah

Najan pawakan Landa
Ada tetep Jawa
Ora ana sing liya
Namung wong Jawa Tengah

281