Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/228

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


319. Panggurit: Ratna Yuliyanti 00000135

Budaya Jawa

Apa iya kabudayan saiki isih lestari
Delenga para manungsa!
Coba delenga........
Uwis akèh sing ora nggatèkaké kabudayan
Ana tetarian, pewayangan, lan liyané

Suket-suket padha nangis
Nyawang dunya Jawa iki
Apa ya ora éman-éman
Wis éndah mengkéné tapi kurang angrawat
Ayo kita penerus bangsa Indonesia
Nyoba sesarengan nglestarikaké budaya Jawa


320. Panggurit: Sri Sukarti 00000194

Jawa Tengah wis Kadung Tak Tresnani

Umpama
Srengengé ora sumunar
Aku percaya yén Jawa Tengah tansah padhang
Tetanduran kang ijo royo-royo
Nambah kaéndahing jagad
Kali sing grumicik
Nambah adhem ing ati
Atiku tansah rinujik-nujik
Rikala keprungu swara
Wong kang ora tresna marang Jawa Tengah
Aku ora trima ora lega
Amarga aku wong kang tresna

206