Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/227

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


317. Pangeurit: Dyah Anggarina Retno K 00000123

Rumangsa Handarbéni Jawa Tengah

Bumiku........
Tlatah pertiwiku........
Jawa Tengahku...........
Bumi sangsaya mobrak-mabrik
Kabéh wong wis padha keblinger
Padha mudha wis ora ngerti solah basa
Mula para kadang.
Ayo padha nggawé bumi iki apik manèh
Ora mung nggawé karusuhan
Kang ora nentremaké ati
Muga kita tansah bisa handarbéni
Jawa Tengah nganti salawasé


318. Panggurit: Priyadi 00000110

Kapan?

Bumi kang kapidak kebak sandhungan
Kebon lan sawah dadi dalan
Pabrik-pabrik dadi tanduran
Péga lan pedhut ndadékaké peteng kahanan

Pepadhang kapan tuméka
Anggawa kabar kang bungah
Mring aruming kenanga kang wus buncah

Lurung-lurung tansah bubrah
Kamanungsan katon barang kang miwah
Kapan Jawa Tengah
Dadia bebungah?

205