Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/224

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Ora kalah karo provinsi liyo,
Gemah ripah, loh jinawi tanahmu
Gawé aku betah urip ning bumimu......
   Jawa Tengah
   Provinsi tercintaku,
   Provinsi kebanggaanku........


312. Panggurit: Lukmi Nurdiningsih 00000059

Kutha Raja

Adzan wus ngumandhang
Tandha tengara wanci manembah
Para kyai lan santri padha sesuci
Sujud ngarsani Gusti
   Masjid gedhé ngaglah bawéra
   Rinacik jaman romawi
   Mapan aneng kutha raja
   Semarang papan Gubernuran
Masjid gedhé kang maglong-maglong
Kang dadi mahkota Jawa Tengah
Akeh wong padha moro aneng kana
Bukti katresnané marang Jawa Tengah


313. Panggurit: Muhammad Mabrur 00000088

Pemilu ing Jawa Tengah

Sedhéla menéh ning awakmu ana pésta
Yaiku kanggo rakyat Jawa Tengah
Kanggo milih pemimpin sing pantes
Kanggo kemakmuran Jawa Tengah

202