Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/223

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Kari ngrembaka
Utawa mbudidaya
Tanpa ninggal kabudayan
Aja nut ing kalakoné ala
Kamigilan budaya manca
Uri-uri budaya Jawa


310. Panggurit: Chatarina Putri C. 00000035

Petani

Isuk-isuk aku kudu wis tangi
Rebutan banyu saben wengi
Nggawa pacul kanggo maculi
Arité dinggo ngariti dami
Ora peduli panasé matahari
Sawahé kudu tak opéni
Ora peduli adhemé wengi
Ngilèni banyu saka kali
Ora peduli kudu ngentèni
Sing penting iso dadi pari
Makani rakyat Semarang kang
padha ngentèni.


311. Panggurit: Cholipah 0000045

Jawa Tengah

Jawa Tengah
Adiluhung budayamu,

Ora

201