Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/221

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


306. Panggurit: Dewi Wulandari 00000438

Budayaku

Iki Jawa Tengahku
Ning Kéné kabudayanku
Batik lan tari ciri budayaku
Basa Jawa iku basa ibu
Joglo ciri khas provinsiku
Candhi lan prasasti dadi simbol budayaku


307. Panggurit: Novi Haryanti 00000452

Jaman Saiki

Panguripanku saiki
Negabdi marang wong tuwa nganti ngrintis
Tumeka marang sekolah-sekolah
Wiwit cilik nganti gedhé seméné
Njaluk piwulangan marang guru.......
   Bangsa......
   Olèhku ngabdi marang bangsaku
   Olèhku ngabdi marang wong tuwaku
   Minteraké anak-anak bangsa
   Nganti bisa merjuangké bangsa iki
Bangsa Indonesia........
Jaman wis rada béda
Apa sing arep di karepna
Sakliyané nduwéni bekal
Kanthi laras, becik
Yaiku kapinteran.........

199