Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/220

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Kang bisa nguri-uri kabudayan Jawi
Budaya Kang adi luhung
Bisa ngrembaka ing Jawi Tengah iki
Ing manca
Jawa kuwi duwe jeneng
Pancén kabudayan kang ngédhap-ngédhapi
Kudu dijaga lan ditata dening para mudha
Sejatiné tresna kuwi
Ora mung ing lathi
Nanging kudu dilakoni


305. Panggurit: Rismayanti 0000506

Jawa Tengah

Jawa Tengah
Panggonan kang biyèn kula dilairaké
Panggonan kang duwéni tanah subur
Lan gemah ripah......
Jawa Tengah
Tanah lair kulo kang tak tresnani
Duwèni ciri khas rukun lan bebrayuh
Kutha paninggalan lan ugi nilai
Sejarah kang émot ing masyarakat
Krasa bungah lan tentrem urip ing
Tanah jawa
Abot nalika anggonku ninggalaké
Jawa Tengah........

198