Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/214

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH


293. Panggurit: Nunung istiana 0000469

Tapa Brata

Aku kepèngin tapa.......
Supaya ati bisa lali marang lelara
Lara sing kok jalari dina wingi
Marga janjimu among nyulayani

Aku kepèngin tapa.....
Nadyan aku ora bisa lila
Lila marang kasunyatan
Sing bisa gawé nelangsa

Tapa brata.........
Aku iki manungsa
Aku emoh kena godha
Godha marang sipat kang ala


294. Panggurit: Bambang Sulanjari 00000480

Ayo.......

Gemregah ora wegah
Kanti palatan sumringah
Siaga umangsah
Nadyan udu mung sadhengah
   Mangkono tekade rakyat mratah
   Babar pisan tanpa njangka opah
   Bebasan ninggal sanak ninggal omah
   Ngengkuyung moncering Jawa Tengah
Tumuju Jawa Tegah kuncara
   Jawa Tengah gagah


192