Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/213

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

291. Panggurit: Kestiawan 0000463

Indahing Jawi Tengah

Laut tansah lan alas tansah asri
Aku mlaku ing tanah iki
Mlakuku mung tumuju siji
Yaiku tanahku iki
   Tanahku kang kutresnani
   Tanahku kang kunanti ing dunya iki
   Dadi mung siji
   Indahé ing Jawa Tengah ora ana sing nandhingi


292. Panggurit: Isti Faradisa 0000464

Kutha Semarang

Semarang.............
Kutha lumpia ingkang pangerti
Kutha ingkang dados agungan ati
Kutha kang ngukir sakabrek kenangan lati

Semarang........
Sapaninggal leluhur kang dadi rohing jiwa
Amung tansah nancep ning ati
Agawé tresna njeroning jiwa

Semarang.........
Kutha kang kebak pakaryan
Kutha kang cumawis tutur kata alus
Kutha kang kedah diagung ning ati

Kutha Semarang........
Kutha kang dados panggonanku lair

191