Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/195

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Gawé titikaning Jawi
Tembang-tembang kang nyinari Jawi
Mati urip ing Jawi
Aku tresna Jawi


259. Panggurit: M. Fajrifitriani Fahrizal 00000272

Aku Tresna Jawa Tengahku

Nora kepeksa, nora dipeksa
Nora éman nggonku unjal omongan
Datan bisa dakiali
Datan bias dak pungkiri
Aku tresna bumi kelairanku
Aku tresna Jawa Tengahku
Kaluharan budaya saha tradhisi
Nora ]uput uga poténsi kang linuwih
Hiya dadi pusering budaya tanah Jawi
Béda dialék nora dadi ngapa
Ananging tetep nyawiji ing basa
Basa kanga adiluhur, basa Jawa
Aku tresna Jawa Tengahku
Aku tresna budaya lan tradhisiku
Uga aku tresna marang basa Jawaku


260. Panggurit: Bayu Pradana Putra 00000271

Tresna Kuthaku

Lintang kang gumebyar ana ing awang
Gumebyar nalika ana ing kutha iki

Cahyané.....

173