Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/194

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

257. Panggurit: Nur Khamidah 00000289

Èndahing Tanah Jawa

Padhang suminaré bagaskara ing wanci ésuk
Nyuminari jagad raya kang èndah
Gegodhongan padha pating jejogèdan, kéna obahing angin
Urip ing tanah Jawa gawé rasa syukur marang Gusti
Tata karma, subasita, unggah-ungguh kenthel banget ana ing
tanah Jawi
Lan.....
Kabudayan-kabudayan kang isih dijaga kanti katresnaning ati
Senadyan dialèk Jawa iku akèh banget ning, Jawa Tengah,
tanah Jawi bisa gawé raketing bebarengan
Jawa Tengah éndah tetep ana ing ati


258. Panggurit: Hati Nurjanah Retna Utami 00000273

Urip Iki

Urip iki mampir ngombé
Urip iki mampir kedhép
Ora bisa diètung ngangge driji
Aku ora ngerti kapan aku mati
Aku ora ngerti kapan kowé mati
Aku mung ngerti siji
Lair ing Jawi
Panggonan kang nentremké ati
Budaya kang èdipèni
Kang nuwuhaken budi
Gapruaking ati
Gawé tentrem ati
Gamelan kang kemricik

172