Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Kahanan kang tumata apik
Kahanan kang èndah
Tresnaku iki ora bakal luntur
Setyaku ora bakal sirna
Kanggo anak putu bésuk
Kanggo urip kang luwih apik
Kanggo mujudaké kahanan kang èndah
Kahanan kang dianti-anti
Kahanan kang èndah èdipèni


117. Panggurit: Ari Kurniawan 00000737

Mbudidayaké Bahasa ning Jawa Tengah

Ning jaman éra globalisasi iki bahasa Jawa
Wis akèh ora dha minat gunakaké bahasa Jawa
Apa manèh ning kalangan anak mudha saiki
Akèh anak mudha saiki gunakaké bahasa gaul sing modérn wektu iki
Mumpung isih enom budaya Jawa
Wajib dilestarikaké terutama bahasa di Jawa Tengah
Ben ora lali, tembang-tembang Jawa kaya tembang macapat, pucung, gambuh, lan liyané
Perlu diapalaké supaya ora lali nèk wis tuwa
Terutama bahasa tutur katané supaya pas
Ngucap bener ora kocar-kacir ngomong bahasa
Indonésia karo bahasa Jawa.


118. Panggurit: Dwi Yuliyanto 90000740

Mangsa Ketiga ing Semarang

Panas iki ora kaya panasé neraka
Panas iki ora kaya panasé mawa

84