Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

115. Panggurit: Riyan Azar Santoso 00000734

Panarima

Wit-witan jumedhul saka ngakasa
Manèka warna godhong lan woh-wohané
Kebak aksara kang wis katulis
Bisa kawaca lan ora bisa kawaca
Gumantung saka pandhang
Kadhang katon kadhang ora katon
Dening mendhung katon surem
Nggawa kertas tanpa aksara
Kumlèyeng ing dhuwuré sira
Gawa duka lan pambagya harja


116. Panggurit: Arif Rahman 00000735

Setyaku

Jawi Tengah
Nagari kang èndah
Èndah budaya
Èndah tata karma
Èndah kahanan
Kakarepan bangun tanah kalairan iki
Agawé susah atiku
Susah deloki wong mudha angèl ditata
Pasar ilang gemrebegé
Wong wadon ilang wirangé
Aku kudu bisa!
Aku kudu maju!
Balèkaké kahanan kaya sadurungé

Kahanan....

83