Gotong Royong (Fahmi Ahmada)

Saka Wikisumber
Lintang Biru
[ 42 ]

FAHMI AHMADA
SMP negeri 1 Imogiri

Gotong Royong

Wit pelem gedhe dhuwur,
oyote dawa tekan ngendi-endi.
Saka ngisore wit,
ana sêmut kang padha gotong royong.
Semut iku mau nggawa apa...?
Semut iku mau nggawa bathang walang!
Ngapa wong jaman saiki arang gotong royong?
Ngapa wong jaman saiki arang, padha tetulung?
Apa kowe pengin ngerti tenanan?
Jawabane ana sajroning atimu dhewe. ..!