Kaca:Lintang Biru.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Apa iki sing jenenge tresna?
Pendhak ketemu sliramu, jantung ku dheg-dhegan,
banter banget
Saben ana sliramu...
Dhadha ku rasane mak seeeeer...!
0.. .iki to rasane tresna?
Apa tresna kuwi bisa didelok?
Apa bisa dirungokake?
Ora....,.tresna kuwi mung bisa dirasakake!
Sing bisa ngrasakake yo mung sliramu dhewe...
Mula aja takon karo wong liya!
Nek tresna kuwi rasane kaya apa?

Gotong Royong

Wit pelem gedhe dhuwur,
oyote dawa tekan ngendi-endi.
Saka ngisore wit,
ana sêmut kang padha gotong royong.
Semut iku mau nggawa apa...?
Semut iku mau nggawa bathang walang!
Ngapa wong jaman saiki arang gotong royong?
Ngapa wong jaman saiki arang, padha tetulung?
Apa kowe pengin ngerti tenanan?
Jawabane ana sajroning atimu dhewe. ..!

Golek Ngelmu

Dadi bocah aja mung tura-turu neng ngomah wae!
Dadi bocah aja mung nglamun wae!

34