Galunggung

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 32 ]GALUNGGUNG St. Fathonah

Udakara 18 taun kepungkur, jumedhere Galunggung kang ngedab-edapi gawe miris kabeh kang krungu. Sato kewan padha metu saka ngalas lumayu nrabas sawah lan tetanduran. Manuk-manuk pating gliber golek pengayoman amarga kegawa hawa kang banget panase. Ing wektu iku ora ana esem lan guyu, kabeh miris, sedhih, lan bingung. Swaraning wong-wong pating jlerit, pating glembor ...! Swara titir kang sesautan nambahi kekesing ati.

“Kiyamat ... kiyamat ...,” mangkono aloke wong-wong kang padha bingung, banjur padha mlayu nylametake awake dhewe-dhewe, nganti ora kober mikirake anak, bojo, bandha, lan sakpiturute. Ora maido sapa wae sing lagi ngalami pacoban, apa maneh bencana sing gedhe kayanjebluke Galunggung kuwi mesthi wae njalari judheg, bingung, malah uga linglung. Nganti arep nyaut anak bae kleru bantal. Kuwi bisa wae kedadeyan amarga linglung dadakan. Kabeh ora bisa nata atine. Sarwa kesusu anane.

Semono uga aku sing ana Yogya kene melu-melu mbingungi lan was-was, pikirane tansah ora jenjem. Mlayu mrana mrene saperlu golek kabar bokmenawa ana wong kang kagungan layang kabar sing anyar. Angger omah daktakoni. Dene yen pinuju ana layang kabar anyar aku njlimet olehe nggoleki jeneng-jenenge korban sing wis bisa dievakuasi. Radhio uga daksetel sora bokmenawa martakake jeneng-jenenge para korban Galunggung iku.

“Dhuh... Gusti ... mugi paring kekiyatan dhumateng kula ...saha paringa sih kawelasan dhateng gegantilaning manah kula. Awit nembe kalih wulan menika piyambake labet tugas kabenum dados guru SD ing wilayah Garut punika ...,” ndremimil anggonku ndedonga marang Pangeran, nyuwun pitulungan.

Wektu semana aku uga ngaruhake nganggo layang tumuju SD Cisewu, papan dununge tugas guru Mas Juki. Pisan, pindho, nganti ambal kaping telu, ora ana balesan babar pisan. Aku nglenggana awit kahanan

32 [ 33 ]lagi kaya ngana.

Mula aku banjur tumuju menyang Wonosari, yaiku dhaerah kelairane Mas Juki. Awit aku wis nate ditepungake karo keluargane, mula'ora kaget bapak lan ibu weruh tekaku saperlu ngaruhake kabar keslametane Mas Juki ing Garut. Dheweke ora katut kena musibah, mung wae SD-ne rusak berat. Mula Mas Juki dipindhah ana SD liya.

“Ndhuk, sliramu ora perlu nguwatirake keslametane Juki, ya, sesuk rak njur ana layang saka Juki kanggo kowe, Ndhuk!”

“Inggih, Bu, rumaos ayem manah kula, awit piyambakipun taksih pinaringan slamet.” Aku mulih kanthi nggawa esem, esem kang kebak pengarep-arep.

Rina ganti wengi, tambah dina tambah sasi ganti taun, daktunggu- tunggu ora ana kabar saka Mas Juki. Nganti aku lali yen aku wis lulus saka SPG lan malah wis dadi guru SD ana ing tlatah Dieng, Banjarnegara. Biyen nalika dheweke nelakake tresna marang aku karo kandha,

“Dhik Siti ..., yen sesuk sliramu lulus sekolah, olehe dadi guru bisaa dadi siji neng Garut karo aku, ya Dhik! Ing tembe bisaa kaleksanan gegayuhane awake dhewe mbangun bale wisma sing bahagia lan sejahtera, ya Dhik!”

“Tya Mas, mung pangestumu wae sing tansah daksuwun. Muga aku enggal lulus lan nyawiji karo panjenengan. Bisa dadi siji olehe mulang neng Garut kana,” mangkono wangsulanku rikala semana. Janji kuwi sing njalari aku sengkut anggonku sinau, isin yen nganti aku ora lulus. Semono uga mesakake bapak lan simbok anggone ngragati aku. Kejaba aku klebu anake wong ora duwe, aku uga isin karo tangga teparo yen nganti mogol.

Aku pancen ngugemi janji tresna saka Mas Juki. Sanadyan ora akeh kanca-kanca sing ngerti sesambunganku karo Mas Juki, nanging aku ora nampa tresnane priya liya sing luwih nggantheng, luwih sugih, uga luwih liya-liyane arep ngesir aku. Nanging aku rumangsa dosa dene aku nganti ngianati tresna. Aku wedi tenan, mula nganti pirang-pirang taun sumisih ngendhani priya-priya mau. Malah ana sing ngarani yen aku sombong barang. Paribasan aku mlaku, aku liwat tengah, ngugemi Mas Juki ora ana kabare, yen nampa tresnane priya liya rumangsa dosa. Kamangka umurku saya tambah, banjur piye? Tak coba nglayangi Mas

33 [ 34 ]Juki ing Garut, ora kasil. Aku nglokro ..., apa ya kedadeyan aku dadi prawan tuwa? Kaya-kaya anggonku dedonga marang Pangeran tan kendhat, geneya durung diparengake panyuwunku?

Ing sajroning kebingungan, ana salah siji priya sing merak ati, kaya-kaya ngerti kabeh isen-isening atiku. Saya suwe saya luluh atiku, aku kepranan. Priya kuwi njalari tuwuhe kembang-kembang tresna sing meh wae alum tan siniram banyu. Mbaka sethithik, aku nglalekake Mas Juki, aku ngronce kembang-kembang tresna mau kanthi rasa asih.

Ya wiwit iku, kembang tresnaku sangsaya ngrembaka, aku mbangun bale wisma karo priya sing luwih banget daktresnani. Saiki wis nuwuhake momongan loro sing manis-manis.

34

samian

Mkamgpananngundh aranan sani isan

me ang gaene an;

= iba