Kaca:Panjurung.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

lagi kaya ngana.

Mula aku banjur tumuju menyang Wonosari, yaiku dhaerah kelairane Mas Juki. Awit aku wis nate ditepungake karo keluargane, mula'ora kaget bapak lan ibu weruh tekaku saperlu ngaruhake kabar keslametane Mas Juki ing Garut. Dheweke ora katut kena musibah, mung wae SD-ne rusak berat. Mula Mas Juki dipindhah ana SD liya.

“Ndhuk, sliramu ora perlu nguwatirake keslametane Juki, ya, sesuk rak njur ana layang saka Juki kanggo kowe, Ndhuk!”

“Inggih, Bu, rumaos ayem manah kula, awit piyambakipun taksih pinaringan slamet.” Aku mulih kanthi nggawa esem, esem kang kebak pengarep-arep.

Rina ganti wengi, tambah dina tambah sasi ganti taun, daktunggu- tunggu ora ana kabar saka Mas Juki. Nganti aku lali yen aku wis lulus saka SPG lan malah wis dadi guru SD ana ing tlatah Dieng, Banjarnegara. Biyen nalika dheweke nelakake tresna marang aku karo kandha,

“Dhik Siti ..., yen sesuk sliramu lulus sekolah, olehe dadi guru bisaa dadi siji neng Garut karo aku, ya Dhik! Ing tembe bisaa kaleksanan gegayuhane awake dhewe mbangun bale wisma sing bahagia lan sejahtera, ya Dhik!”

“Tya Mas, mung pangestumu wae sing tansah daksuwun. Muga aku enggal lulus lan nyawiji karo panjenengan. Bisa dadi siji olehe mulang neng Garut kana,” mangkono wangsulanku rikala semana. Janji kuwi sing njalari aku sengkut anggonku sinau, isin yen nganti aku ora lulus. Semono uga mesakake bapak lan simbok anggone ngragati aku. Kejaba aku klebu anake wong ora duwe, aku uga isin karo tangga teparo yen nganti mogol.

Aku pancen ngugemi janji tresna saka Mas Juki. Sanadyan ora akeh kanca-kanca sing ngerti sesambunganku karo Mas Juki, nanging aku ora nampa tresnane priya liya sing luwih nggantheng, luwih sugih, uga luwih liya-liyane arep ngesir aku. Nanging aku rumangsa dosa dene aku nganti ngianati tresna. Aku wedi tenan, mula nganti pirang-pirang taun sumisih ngendhani priya-priya mau. Malah ana sing ngarani yen aku sombong barang. Paribasan aku mlaku, aku liwat tengah, ngugemi Mas Juki ora ana kabare, yen nampa tresnane priya liya rumangsa dosa. Kamangka umurku saya tambah, banjur piye? Tak coba nglayangi Mas

33