Dosa (Norma Fia Afriana)

Saka Wikisumber
Lintang Biru
[ 51 ]

NORMA FIA AFRIANA

SMP Negeri 2 Pleret

Dosa

Kalbu drodog kenceng,
Awak gemeter
Mripat miliake mutiara-mutiaring ati
Yen krungu suara jejeluk kang ngresepake

Ngelingi dosa wis kaudi
Kaya nggrogoti sucining ati
Saya suwe, gawe buthek beninge banyu
Gawe sumpek katrontremaning ati

Dhuh Gusti
Linepatna kalepatan kawula
Among panjenengan Dzah kang Maha Kuasa
Kang paring pangapura