Kaca:Lintang Biru.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NORMA FIA AFRIANA
SMP Negeri 2 Pleret

Dosa

Kalbu drodog kenceng,
Awak gemeter
Mripat miliake mutiara-mutiaring ati
Yen krungu suara jejeluk kang ngresepake

Ngelingi dosa wis kaudi
Kaya nggrogoti sucining ati
Saya suwe, gawe buthek beninge banyu
Gawe sumpek katrontremaning ati

Dhuh Gusti
Linepatna kalepatan kawula
Among panjenengan Dzah kang Maha Kuasa
Kang paring pangapura

Alam

Alam kadhang ngapusi
Tak delengake katon edi
Kepenak kanggone
Alam ...

Langkung gedhe sabarmu
Jalwa kang ngrembaka nang nduwurmu
Tan ora mikir lestarimu
Ananging kowe yen nesu

43