Dina Libur

Saka Wikisumber
[ 110 ]

20
DINA LIBUR
(lagu kroncong)

Dina libur sliweran montor jawatan
rupa-rupa montor jip lan sédhan
sing nitihi para putra
lan pak kepala sekaliyan

Lenggat-lenggut nèng montor sajak kepénak
gliyak-gliyak playuné ra ngoyak
mèsam-mèsem bung kepala
panggalihé katon ayem

Ménggok ngétan, mandheg jègreg
mampir nyang rèstoran
ééé, pak supir methèngkrèng
ora suwé njur diteri cap-jaé gorèng

Mung émané montoré ana gambaré
wajik abang nèmplèk ing kacané
nandhakaké kuwi montor dhines
jawatan sing duwé

Pangrasané laku iki kèh nyatané
masarakat kèh kang dha meruhi
sesliweran montor jawatan
kang dienggo kelèncèran

Rama-ibu putra-putri padha aksi
nyrebat krambil kang sajak meruhi
mumpung ana montor nganggur
bèngsin kebak wanci libur

Pancèn pénak, sarwa gratis
gèk ya kari nyéngklak
lan yèn ana rusaké, gampang banget
mung kari mréntahké baé

Padha sara, sarané wang kang prasaja
nadyan ana montor kari nyéngklak
nganti buthak yèn lelungan
klakoné mung nunggang bécak.