Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 4
Kaca iki lagi digarap
|
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:
Diakritis:Ḍ ḍ Ṭ ṭ É é È è Ê ê ô Aksara nglegana:ꦲ ꦤ ꦟ ꦕ ꦖ ꦫ ꦬ ꦏ ꦑ ꦢ ꦣ ꦠ ꦡ ꦱ ꦯ ꦮ ꦭ ꦥ ꦦ ꦝ ꦞ ꦗ ꦙ ꦪ ꦚ ꦘ ꦩ ꦒ ꦓ ꦧ ꦨ ꦛ ꦜ ꦔ Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ Aksara swara:ꦺ ꦼ ꦶ ꦴ ꦵ ꦸ ꦁ ꦂ ꦃ ꦉ ꦊ ꦋ ꦿ ꦽ ꦾ ꧀ ꦄ ꦍ ꦌ ꦅ ꦆ ꦇ ꦎ ꦈ ꦻ ꦷ ꦹ ꦐ ꦰ Angka & tanda baca:꧐ ꧑ ꧒ ꧓ ꧔ ꧕ ꧖ ꧗ ꧘ ꧙ ꧇ ꧈ ꧉ ꧋ ꧊ ꧌ ꧍ ꦳ ꦀ ꧆ ꧞ ꧟ ꧁ ꧂ ꧃ ꧄ ꧅ ꧏ |
Ing tahoen 1222 ana ratoe ing Toemapel oetawa Singasari, djenengé Ken Angrok.
Critané Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemoené layang iki ana ing Bali ḍèk tahoen 1891. Ken Angrok lair ana ing satjeḍaké Toemapel (Singasari), asal wong tani loemrah baé. Ken Angrok katjarita bagoes roepané lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangadji adji lan wani marang penggawé loepoet. Ing sawidjining dina ana Brahmana ketemoe karo dhéwékné, kandha yèn dhéwékné titising Wisnoe. Anggoné kandha mangkono ikoe, awit Brahmana maoe ngerti yèn Ken Angrok ikoe wong kang gedhé karepe lan kenceng boediné. Brahmana bandjoer golèk dalan bisané Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Toenggoel Ametoeng. Ora antara soewé kelakon Ken Angrok kaabdèkaké. Bareng wis mangkono, Ken Angrok bandjoer tansah golèk dalan kapriyé enggoné bisa ngendhih Sang Adipati, nggentèni djoemeneng. Ketemoening nalar Ken Angrok bandjoer ndandakaké keris becik marang Empoe Gandring. Sawisé keris dadi, katon becik temenan, nganti mitrané Ken Angrok aran Keboidjo kepéncoet kepéngin nganggo, bandjoer nemboeng nyilih: oleh. Saka senengé, keris maoe saben dina dianggo sarta dipamèr pamèraké, dikandhakaké doewèké dhéwé. Bareng wis sawatara dina Ken Angrok bandjoer nyolong kerisé dhéwé kang lagi disilih ing mitrané maoe dianggo nyidra Sang Adipati. Kelakon séda, keris ditinggal ing sandhingé layon. OEroesaning prakara: mitrané Ken Angrok sing kena ing dakwa, dipoetoes oekoem pati. Ken Angrok bandjoer bisa oleh Sang poetri randaning Toenggoel Ametoeng lan goemanti madeg adipati: Sang Poetri asmané Ken Dhedhes.
Sasoewéné dicekel Ken Angrok negarané tata, redja, wong cilik banget soengkemé. Sawisé mbedhah karadjan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok bandjoer emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahoen 1222 mbedhah pradja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratoe ing Kedhiri Praboe Kertadjaya séda nggantoeng sabalané kang padha toehoe. Kedhiri bandjoer ditandoeri adipati kabawah Singasari. Bareng para ratoe darah Empoe Sindhok wis kalah kabèh karo Ken Angrok, Ken Angrok bandjoer djoemeneng Ratoe gedhé, djedjoeloek Praboe Redjasa, yaikoe kang noeroenaké para ratoe ing Madjapait.
Katjarita Sang Retna Dhedhes nalika sédané adipati Toenggoel Ametoeng wis ambobot. Bareng wis tekan mangsané, Sang Retna mbabar poetra kakoeng, diparingi peparab Radèn Anoesapati. Wiwit timoer nganti diwasa Sang Pangéran ora ngerti yèn satemené doedoe poetrané Praboe Redjasa, nanging roemangsa yèn ora ditresnani ing Sang Praboe, béda banget karo rayi rayiné. Ing sawidjining dina Anoesapati kelair marang iboené mangkéné: "Iboe, poenapa, déné Kangdjeng rama poenika teka boten remen dhateng koela?" Sang Retna banget trenyoehing galih mireng atoer sasambaté kang poetra, wasana bandjoer keprodjol pangandikané; kang poetra dicritani lelakoné wiwitan tekan wekasan. Anoesapati banget ing pangoengoené, sanalika bandjoer doewé sedya males oekoem, nanging isih sinamoen ing semoe. Keris yasané Empoe Gandring disoewoen, pawatané moeng kepingin banget anganggo. Kang iboe lamba ing galih, keris diparingaké.
Anoesapati bandjoer nimbali abdiné kekasih, diparingi keris maoe lan diweroehaké ing wewadiné. Benginé Sang Praboe séda kapradjaya ing doeratmaka. Layoné Sang Praboe dicandhi ana ing Kagenengan (cedhak Malang). Anoesapati nggentèni djoemeneng Nata. Anoesapati djoemeneng ora soewé, awit Radèn Tohdjaya ngerti yèn Anoesapati kang nyédani ramané, moelané soemedya males oekoem lan iya kelakon. Tohdjaya djoemeneng Nata, nanging iya ora soewé. Tohdjaya oetoesan mantriné aran Lemboe Ampal, didhawoehi nyirnakaké kalilipé loro, yaikoe: Ranggawoeni, poetrané Anoesapati, lan nakdoeloere kang aran Narasingamoerti; yèn ora bisa kelakon, Lemboe Ampal dhéwé bakal kena oekoem pati.
Doemadakan ana sawidjining Brahmana kang welas marang radèn loro, bandjoer wewarah saperloené. Satriya loro bandjoer ndhelik ana ing panggonané Pandji Patipati. Lemboe Ampal nggolèki radèn loro ora ketemoe, bandjoer ora wani moelih, ngoengsi marang Pandji Patipati. Bareng ana ing kono mbalik ngiloni radèn loro, malah ngremboegi para poenggawa kang ora cocog karo Tohdjaya diadjak ngraman, wasana kelakon, Sang Praboe nganti nemahi séda.
Ranggawoeni djoemeneng Nata adjedjoeloek Sjri Wisynoewardhana nganti nakdhèrèké Narasinga. Nganti tekan ing séda priyagoeng loro maoe roekoen banget, nganti dibasakaké: "Kaya Wisynoe lan kang raka Bathara Endra". Karatoné moendhak gedhé poelih kaya dhèk djamané Praboe Erlangga, malah djadjahané woewoeh Madoera. Sang Nata séda ing tahoen 1268, layoné diobong kaya adat, awoené sing separo dicandhi ana ing Welèri, ditoempangi reca Sjiwah, sing separo dipethak ana candhi Jago (Toempang) nganggo reca Boedha. Dadi tetéla ing wektoe ikoe agama Sjiwah karo Boedha campoer.