Babad Saka Kitab Suci/Pawarta Saka Malékat Jabraèl

Saka Wikisumber

KACARITA, lelakoné kawiwitan ana ing Yerusalèm, ing sajeroné padaleman suci ing bangsal kencana, kang kasebut "Pasucèn".

Ing kono ana imam wis tuwa, lagi nindakaké ayahané klawan wedi lan pakéring. Ing mesbèh padupan emas wis didèkèki dupa, banjur diobong. Kukusing dupa kumelun mendhuwur ésthané kaya nggambaraké sumengkané puja-pujiné saumat kabèh ana ing pangayunané Allah. Enggoné ngobong dupa mau ora kanggo butuhé dhéwé, nanging kanggo saumat kabèh, pancèn mengkono iku wis dadi wajibé imam; lan nalika semono mbeneri gilirané imam sing wis tuwa mau saos kurban marang Gusti Allah ana ing jero Pasucèn.

Imam mau omahé ora ana ing Yerusalèm, nanging ana ing pagunungan laladané tanah Yudéa, karo somahé mung wong loro sélo, awit padha ora duwé anak, mangka sakaroné wis padha lungsé ing wayah. Miturut adaté kaimaman, para imam mau genti-gentèn manut tibaning urak munggah menyang Yerusalèm nglakoni ayahaning imam ana ing padalemané Pangéran.

Imam sing wis tuwa mau arané Zacharyah, lan somahé Elisabèt.

Zacharyah enggoné nindakaké ayahané klawan tumemen, mangka tanpa rowang siji-sijia; sarampungé saos kurban, bakal metu saka ing Pasucèn lan nglantaraké berkahé Allah marang umat kagungané, sing padha ngentèni ana ing palatarané padaleman suci.

Imam sing ngibadah mau rumangsa begja banget, déné kepareng ngladosi pepundhutané Pangéran.

Nanging dumadakan imam mau kagèt banget.

Apa ta kang katon iki? .... Sorot apa ta iki kang cahyané mblerengi mripat?

Zacharyah énggal mundur, tumuli katon ana Malaékat jumeneng ana ing ngarepé, pangagemané sarwa putih gumebyar mblerengi kaya soroté srengéngé. Zacharyah mung meneng baé, atiné tab-taban ngandhut wedi. Tujuné Malaékat mau banjur ngandika, arum pangandikané: "Zacharyah, aja wedi!" Cetha pangrunguné Zacharyah marang pangandikané Malaékat kang ndhawuhaké prakara kang ngéram-éramaké, dhawuhé: "Aja wedi Zacharyah, awit pandongamu wus katrima, Élisabèt somahmu bakal nglairaké anakmu lanang, iku jenengna Yochanan." Pangandikané Malaékat mau ora ana sing nlisip satembung baé saka pangrunguné Zacharyah, nanging sajaké Zacharyah durung pati nyandhak wosé, Zacharyah isih terus ngrungokaké, lan pawarta sing didhawuhaké Malaékat mau saya mbungahaké. Dhawuhé mengkéné: "Iku bakal ndadèkaké bungah lan renamu, tuwin akèh wong kang bakal padha bungah awit saka lairé. Mulané mengkono awit iku bakal dadi wong pinunjul ana ing ngarsané Pangéran, lan bakal ora ngombé anggur sapanunggalané kang ngendemi, sarta bakal kapenuhan ing Roh Suci wiwit saka wetengané emboké mula. Apadéné bakal ngulihaké wong Banisraèl akèh marang Pangéran Allahé, tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhingini tindaké Pangéran, klawan ngrasuk rohé lan ngampil pangwasané Éliyah." Wosé pawarta sing adi-aèng yaiku sing surasané: "Bakal lumaku ndhingini tindaké Pangéran, dadi cecala rawuhé Sang Juru Panebus."

Zacharyah wedi banget, groyok swarané nalika matur marang Malaékat: "Srana punapa enggèn kawula saged sumerep, bilih punika sedaya saèstu badhé kelampahan? Punapa kawula lan sémah kawula samangké taksih badhé pinaringan anak? .... Awit kawula sampun sepuh saha sémah kawula sampun lungsé ing wanci."

Ora, Zacharyah ora bisa énggal-énggal ngandel. Tekané pawarta kabungahan mau dadakan, mangka pawarta mau luwih déning wigati. Wis mataun-taun enggoné Zacharyah lan Élisabèt nyenyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana momongan anak, nanging semu-semuné Gusti Allah ora kepareng minangkani panyuwuné mau. Mangka saiki-saiki bareng wis padha tuwa, lagi dirungoni pawarta kang banget mbungahaké mau. Apa manèh anak lanang peparingé Allah mau bakal kepareng lumaku dadi cecala ndhisiki rawuhé Sang Juru Slamet, kang diprasetyakaké marang para leluhur. Wah, saiba gedhéné kabungahané yèn bisa kelakon temenan. Nanging kepriyé bisané Zacharyah ngerti yèn sing mentas dirungu mau bakal kelakon temenan? Mengko gèk mung impèn baé ....

Ing kono Malaékat banjur ngandika manèh: "Aku iki Jabraèl, kang ngadhep ana ing ngarsané Allah, sarta kautus ndhawuhi kowé, martani kabungahan iku mau. Lah kowé bakal dadi bisu, ora bisa celatu kongsi tumeka ing dina kelakoné iku mau, mulané mengkono awit kowé ora ngandel ing pituturku."

Iku kang bakal dadi tenger, nanging iya dadi paukuman tumrap Zacharyah, sebab enggoné maido.

Padha sanalika Malaékat mau murca saka ing pandeleng, patrapé kayadéné nalika ruwuh, tanpa sabawa lan banget nggumunaké. Zacharyah banjur metu, atiné kebak kabungahan kaworan pakéring. Bareng wis tekan ing jaba, banjur ngegaraké tangané arep nglantaraké berkah marang wong kang isih padha ngentèni, nanging Zacharyah ora bisa ngucap apa-apa, njalari gumuné wong akèh. Kabèh padha nunggal panyana yèn Zacharyah mentas weruh tetingalan wahyu ana ing padaleman suci mau, mulané nganti suwé ora metu-metu, luwih suwé katimbang adaté imam-imam liyané. Mangka saiki Zacharyah dadi bisu. Nanging yèn nyawang polatané sing katon sumringah lan mripaté sing ngemu kabungahan, wong-wong bisa ngerti dhéwé, yèn Zacharyah banget enggoné kepranan atiné déning lelakon sing mentas baé dialami ana ing padaleman suci. Klesik-klesik swarané wong pada rerasan: "Imamé mau mentas weruh tetingalan wahyu!" Nanging ora ana siji baé sing ngerti temenan apa sing kelakon mau.

Saulihé Zacharyah saka Yérusalèm, Élisabèt, somahé, banjur dijarwani bab pawarta kabungahan. Wis mesthi baé ora nganggo crita lésan, jalaran Zacharyah kebacut bisu, nanging nganggo tulisan.

Kabèh sing arep dikandhakaké ditulis ana ing papan panulisan, sabak kayu sing didèkèki malam. Dadiné Élisabèt bisa maca kabaré kabungahan mau.

Marga saka iku wong tuwa sakloron mau padha saos pamuji sukur marang Pangéran saka telenging atiné, awit sajegé urip durung tau ngalami kabungahan sing semono gedhéné. Lan sabanjuré mung tansah padha nganti-anti klawan bungah marang kelakoné prasetyan kang diparingaké déning Pangéran.

Iku mau pawarta kang kapisan kang diampil Malaékat kalantaraké marang imam Zacharyah, wong sing prasaja banget uripé, nanging sing tresna marang Allah klawan gumolonging atiné.

KACARITA, let nem sasi sawisé lelakon mau, malaékat Jabraèl tumedhak manèh saka ing swarga menyang ing bumi.

Panggonan sing dirawuhi saiki désa cilik sing arang kocap, yaiku désa Nasarèt ana ing laladan Galiléa. Pawarta kaswargan sing diampil mau ora dijujugaké menyang omah gedhong gedhé njenggarang, nanging menyang omah cilik, sing dienggoni wong wadon isih enom tur legan. Ing kono rawuhé Malaékat dumrojog tanpa larapan, pangagemané sarwa gumebyar mblerengi mripat.

Wong wadon sing karawuhan mau kalebu wong lumrah baé, ora tau kocap, déné arané Maryam. Maryam mau ora sugih pawong mitra, wong ing désa sakiwa-tengené prasasat ora ana sing wanuh. Satemené Maryam isih tedhaké sang prabu Dawud, nanging sarèhné wis let pirang-pirang atus taun, mulané akèh tedhaking ratu sing padha kesilep, bebasan tunggak jati padha mati. Mengkono uga Maryam, sapa sing ngira yèn tedaké bangsa luhur?

Éwadéné, — bareng Malaékat jumeneng ana ingarepé Maryam, pangandikané; "Bagéa kowé kang kinasihan, Pangéran nganti kowé kang binerkahan ana ing antarané para wadon.

Maryam kumenyut atiné .... klawan wedi lan éring enggoné nyawang marang Malaékat mau. Apa ta karepé déné kok diuluki salam mengkono mau?

Jebul .... Maryam diparingi weruh pawarta kang mbungahaké banget, dhawuhé: "Aja wedi, Maryam, saka antarané sakèhé wong wadon, mung kowé kang pinilih déning Allah. Kowé bakal mbabar putra kakung. Iku namakna Yésus. Iku bakal dadi wong pinunjul, lan kawastanan Putrané kang Mahaluhur, lan bakal ngratoni umaté langgeng salawasé."

Maryam bareng ngrungu pangandikané Malaékat mengkono mau, saya mundhak enggoné kepranan atiné. Saiki Maryam lagi ngerti apa karepé pangandikané Malaékat dhèk mau kaé. Dadiné Malaékat mau ngandikakaké bab rawuhé Yésus, Sang Mesih, iya Sang Juru Slamet kang wis diprasetyakaké, mangka awaké dhéwé sing bakal dadi ibuné, lah apa ta kacèké karo wong wadon liyané? Généya ta awaké dipilih déning; Allah kakarsakaké dadi ibuné Sang Pamarta? Généya ta kanugrahan sing ngungkul-ungkuli kamulyané, diparingaké marang awaké?

Nanging senajan durung mari kagèt lan gumuné, Maryam iya munjuk klawan tumungkul wedi, éwadéné kaworan bungah, unjuké mengkéné: "Lah kawula parekanipun Pangéran, kedhatengana kados pangandika Tuwan."

SAPUNGKURÉ iku mau Malaékat banjur kondur menyang swarga ngadhep ingarsane Pangéran, Pawarta kabungahan, iya wasita-adi, sing durung tau kawartakaké ana ing donya, wis kelakon ditimbalaké menyang jagad. Ora ditujokaké marang para raja, para panggedhé, utawa para pangwasa lan para wong sugih, nanging Malaékat mau ndhawuhaké pawarta kaswargan marang wong wadon sing durung tau kocap babar pisan, nanging wong wadon sing ngibadah lan tresna marang Allah klawan gumolong atiné.

KOCAPA sapungkuré lelakon mau Maryam banjur budhal menyang ing pagunungan ing tanah Yudéa, merlokaké tilik Élisabèt, sing isih kepernah sanaké dhéwé. Jalaran Malaékat iya maringi pirsa bab kabungahané Élisabèt.

Maryam enggoné ana ing omahé Élisabèt nganti sawetara sasi lawasé, banjur mulih. Ora wis-wis enggoné wong wadon loro mau padha rerasan bab gedhéning kanugrahané Pangéran sing tumanduk marang para abdiné. Saiba ta bungahé atiné yèn pada ngrasak-rasakaké bab dhawuhé Malaékat: Élisabèt bakal dadi ibuné Yochanan sing bakal lumaku dadi cecala ndhisiki rawuhé Sang Mesih, lan Maryam bakal dadi ibuné Gusti Yésus, Juru Slamet, sing wis wiwit jaman kuna dianti-anti rawuhé. Prakara-prakara sing adi-aèng mau ora lèrèn-lèrèn dadi pocapané wong wadon loro mau.

Ing wusanané Yochanan kelakon lair, prasetyané Allah ditetepi. Bareng jabang bayi wis umur wolung dina, banjur dianakaké karaméan nemtokaké jenengé bayi, tangga-teparo lan sanak seduluré Zacharyah lan Élisabèt wis padha nglumpuk arep ngèstrèni, apadéné arep ngguyubi kabungahané wong tuwa loro mau. Sapa jenengé bocah mau?

Akèh wong sing muni; "Beciké dijenengaké Zacharyah, nunggaksemi bapaké." Nanging Élisabèt gèdhèg, ujaré: "Ora, awit bayiné kudu dijenengaké Yochanan." Bareng ngrungu jeneng Yochanan, wong mau padha mlenggong, jalaran apa ahli-warisé Zacharyah ana sing jenengé Yochanan, tegesé: "Allah iku Mahawelas"? Apa ta sebabé déné milih jeneng baé kok Yochanan?

Zacharyah banjur disasmitani, diaturi nyetakaké sapa bakal jenengé si jabang bayi. Sawisé njaluk panulisan, banjur nulis muni: "Yochanan iku jenengé." Wong kabèh padha cingak lan wedi, luwih-luwih bareng padha ngrungu Zacharyah wiwit bisa guneman manèh, pulih kaya wingi uni, ora ana tabet-tabeté babar pisan yèn mentas nandhang bisu nganti pirang-pirang sasi lawasé.

Ing kono Zacharyah banjur nglairaké kekidungan pamuji sokur sumaos marang Gusti Allah, "Allah iku Mahawelas. Pangéran wis nindakaké pakaryan kang élok."

Nalika semono wong sing padha nglumpuk ana ing omahé iya padha dicritani apa sing kelakon ana ing padaleman suci, temah padha mundhak gedhé kabungahané.

Panyawangé marang bayi sing padha ditiliki saiki wis gèsèh katimbang nalika wiwitan, jalaran padha ngerti yèn caloné bakal dadi nabi gedhé, dadi cecala ndhisiki rawuhé Sang Mesih.

Bareng wis dijarwani, lagi padha nyandhak apa sebabé si jabang bayi mau dijenengaké Yochanan. Nyata .... "Allah iku Mahawelas."

ANADÉNÉ Yochanan banjur mundhak-mundhak gedhéné, bareng wis diwasa, dadi wong kang dedeg-pengadegé gedhé dhuwur, panguripané sarwa prasaja, adaté seneng nenepi ana ing ara-ara samun.

Ana ing kono sinambi ngentèni tibaning saat Gusti Allah nimbali, perlu kautus marang umat kagungané lan nglantaraké dhawuh "Pada mratobata, marga kratoné swarga wus cedhak."