Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Juru Slamet Kang Diprasetyakaké

Saka Wikisumber

KIRA-KIRA patang èwu taun kepungkur Adam lan Hawa dipapanaké ana ing patamanan Pirdus kang luwih déning éndah. Saben dina sugengé tansah kapirsan déning tingalé Pangéran, lan ora ngerti babar pisan apa sing diarani dosa utawa duraka. Sapungkuré Adam lan Hawa, ora ana wong sing ngrasakaké kamuktèn lan kawibawan kayadéné leluhur loro mau nalika isih padha ana ing patamanan Pirdus.

Éman, kamuktèn lan kawibawané mau ora bisa lestari, anané mung sedhéla banget.

Adam lan Hawa padha dhumawah ing dosa, sebab padha dhahar wohing wit larangan, temahan kelakon ditundhung metu saka patamanan kang sarwa éndah mau déning malaékat kang ngasta pedhang murub, banjur nglembara ing saenggon-enggon. Bumi kang tinitah gumelar sarwa nengsemaké tumuli malih dadi bumi kang katoné sarwa nyedhihaké. Adam lan Hawa kang mauné kena dibasakaké mukti wibawa anyakrawati abaudhenda, saiki katoné apes lan ngenes. Kaya mengkono iku kadadéyané dosa. Dosa mau misahaké Adam lan Hawa saka Gusti Allah, sebab Gusti Allah kang Mahasuci mesthi ora kepareng mirsani dosa. Iku mula-bukané urip ing alam donya tansah kinalang-kalang ing karépotan lan kasusahan, wiwit saka Adam lan Hawa turun-tumurun nganti ing jaman saiki. Kabèh tedhak-turuné Adam lan Hawa bakal ngalami nandhang laralapa lan prihatin, déné wekasané mesthi nemahi mati. Iku kang dadi paukumané dosa. Éwasemono — nalika nalika padha ditundhung metu saka patamanan Pirdus, miwiti nglembara ing jagadraya, ana prakara kang mbungahaké lan nggedhékaké ati. Gusti Allah piyambak wis paring pangandika, yèn ana kang bakal miyos lan rawuh ing jagad; iku kang bakal ngasoraké si Pangawakdursila, lan kang bakal ngrembat ngésahaké dosaning manusa, sarta kang bakal ngrukunaké manusa karo Gusti Allah.

Ana ing patamanan Pirdus Gusti Allah ndhdhawuhaké bebenduné marang Sétan, déné wis ngloropaké Hawa nganti umawah ing dosa. Senajan dhawuh pangandikané Gusti Allah iku sarwa ringkes, éwadéné Adam lan Hawa bisa ndungkap kang dadi karsané, yaiku: Ana kang bakal ngluwari manusa saka pangwasané dosa, lan kang bakal nyingkiraké sawernaning rasa tintrim lan giris. Iba begjané yèn bisa kelakon mengkono. Iku sawijining kanugrahan gedé kang tanpa upama. Mulané Adam lan Hawa nalika jaman semana wis wiwit ngarep-arep marang rawuhé kang dipangandikakaké mau.

Adam lan Hawa, bareng wis sepuh, banjur séda, ora nganti menangi rawuhé Sang Juru Slamet.

Sapungkuré iku mau manusa saya mundhak ndadra enggoné padha gawé dosa, saya suwé saya gedhé durakané, lan ing wekasan kena dibasakaké wis kebak sundukané, temah Gusti Allah ndatengaké banjir patopan, nganti manusa lan sato kéwan padha tumpes tapis. Nanging — ora kabèh nemahi mati. Gusti Allah rak wis paring prasetya yèn ing tembé Sang Juru Slamet bakal rawuh. Prasetyané Gusti Allah mesthi ditetepi, ora tau mlèsèt. Nalika ana banjir patopan, bumi kaeleban ing banyu, nanging nabi Nuch sagarwa putrané ora katut katumpes. Para putrané padha tangkar-tumangkar sarta ngebaki jagad. Nabi Nuch, bareng wis sepuh, banjur séda. Mangka Juru Slamet sing diprasetyakaké durung kelakon miyos.

Sasi lan taun gilir gumanti, jaman solan-salin tanpa kendhat. Manusa wis padha lali marang anané Gusti Allah. Sing dipikir lan sing ditindakaké mung kakarepané déwé sing sarwa dosa. Ora ana sing éling marang Gusti Allah, nanging Allah ora kesupèn marang manusa.

Kacarita, saka ing antarané manusa sing maèwu-èwu cacahé Gusti Allah miji sawijining wong sing isih éling marang Allah. Wong pilihané Gusti Allah mau jenengé Abraham. Gusti Allah tumuli ndamel prasetyan karo Abraham. Abraham bakal kadadèkaké bangsa gelengan gedhé nganti prasasat tanpa wilangan. Tedhak-turuné Abraham cacahé bakal kaya lintang sing abyor ing langit lan kaya wedi sing gumelar ing pinggir segara. Turuné Abraham, kapisahaké saka ing antarané bangsa liya-liyané lan kapapanaké ana ing tanah Kanaan, kapiji dadi umat kagungané Allah.

Nanging sing banget mbungahaké, yaiku: saka ing antarané bangsa tedhaké Abraham ing tembé bakal miyos Sang Juru Slamet, iya Panebusé jagad. Iku wujuding kanugrahan gedhé, malah sing gedhé dhéwé, sing diparingaké Gusti Allah marang manusa.

Abraham bareng wis sepuh iya banjur séda. Lan Juru Slamet durung paja-paja rawuh. Prasetyan kang mbungahaké durung ditetepi. Éwadéné sédané Abraham bisa kanti tentrem lan ayem, jalaran pracaya, yèn Gusti Allah mesthi ora bakal ngingkedi pangandikané.

Iskak lan Yakub, kayadéné Abraham, iya kaparingan prasetyan kang mbungahaké mau déning Gusti Allah. Nanging bareng wis tekan titimangsané kukud saka ing jaman ramé, Iskak lan Yakub iya banjur séda klawan narima, senajan ora kepareng menangi rawuhé Sang Juru Slamet. Manusa ora diparengaké weruh kapan rawuhé; sing pirsa mung Gusti Allah piyambak.

Sadurungé Yakub séda, para putrané padha kaparingan berkah. Yahuda dipandumi berkah sing gedhé dhéwé: Sang Juru Slamet bakal miyos saka taler Yahuda. Enggoné Yakub nglairaké berkah mau mung manut sapanuntuné Gusti Allah piyambak.

Sapungkuré lelakon iku mau, lelakon manéka warna gilir gumanti tumruntum tanpa ana pedhoté nganti maèwu-èwu taun.

Sang Juru Slamet durung kelakon miyos. Wong Israèl sing pada ngantepi pangabektiné marang Allah, enggoné nganti-anti miyosé Sang Juru Slamet nganti cecengklungen. Nalika bangsa Israèl isih padha nglembara ana ing ara-ara samun nganti patang puluh taun lawasé, bareng wis pada dedunung ana ing tanah prasetyan kang loh jinawi, lan nalika dadi wong bandangan diboyong menyang ing tanah Babil, panganti-antiné marang Sang Juru Slamet isih ajeg dumunung ana ing atiné bangsa Israèl.

SAMANGSA wong Israèl sing padha ngibadah, saos kurban marang Gusti Allah, samangsa kéwan sing arep dikurbanaké, kasembelèh lan kaobong ana ing mesbèh, wong mau iya wis ngerti, yèn awaké dhéwé sing satemené kudu mati karana saka dosané, apadéné iya ngerti yèn awaké déwé ora bakal bisa sowan marang ngarsané Gusti Allah.

Salawasé tansah ana apa-apa sing misahaké wong-wong mau saka ing patunggilané Allah. Sing misahaké mau yaiku dosané dhéwé. Lah sapa sing bisa nyirnakaké dosa mau? Gèk sapa sing saguh nyangga paukumaning piala sing dilakoni déning manusa kabèh? Ana Siji sing bisa, yaiku Sang Juru Slamet utawa Juru Panebus. Panjenengané bakal ngrembat paukuman, sing satemené kudu disangga déning wong-wong mau. Panjenengané bakal nandhang sangsara lan séda, dadi tawur utawa bebantené wong kabèh. Yèn wis kelakon mengkono, manusa lagi diparengaké sowan ing ngarsané Allah.

Maha-asihé Sang Juru Slamet mau bakal nylametaké manusa ing salawas-lawasé, mulané iya wis mungguh banget sinebut Sang Juru Slamet.

Éman, ora kabèh wong padha nyandhak prakara iku mau. Pancèn iya kalebu prakara kekeran kang ora gampang kawiyak.

Nanging wong lsraèl lanang wadon sing padha ngibadah temenan, bisa ngerti wigatining kekeran mau; mulané tansah nyuwuna marang Allah rina lan wengi supaya Sang Juru Slamet énggala rawuh lan pada nganti-anti klawan sabar-tawekal.

Para nabi ing jaman kuna bola-bali ngandikakaké bab bakal tumekané jaman karahayon mau dadi jejering pangidungé para juru masmur. Para imam mulangaké bab karahayon iku marang saumat kabèh; mengkono uga para bapa ora kendhat nyaritakaké bab kang wigati mau marang anak putuné turun-tumurun.

Kang bakal rawuh mau kasaosan peparab utawa sesilih kang apik-apik.

Asmané bakal kasebut Immanuèl, tegesé: Allah nunggil klawan kita. Iya kasebut Sang Mesih, Sang Jebadan, Sang Juru Slamet, Sang Juru Panebus, Sang Pamarta. Nanging lelakon sing nyedhihaké ana ing patamanan Pirdus wis ana patang èwu taun kepungkur, éwasemono kang diprasetyakaké durung rawuh.

KOCAPA, nalika jaman semana tanah Kanaan dadi jajahané negara Rum; wis pirang-pirang tanah liyané sing ditelukaké déning wadyabala Rum. Bangsa Israèl iya didadèkaké bangsa telukan, lan dhampar kapraboné raja Dawud dilenggahi ratu saka negara liya. Iku mau njalari prihatiné bangsa Yahudi. Mulané iya ora nggumunaké, yèn wong Yahudi akèh kang padha duwé panyana, wis tekan titimangsané sang Juru Slamet rawuh ngagem kamulyan lan kawibawan kayadéné ratu agung binathara, sekti mandra guna lan prawira ing perang, lan rawuhé mau bakal ngluwari bangsa Israèl saka pamisésané mungsuh, temah bangsané bakal ngalami jaman kamuktèn, malah iya ora mokal yèn bangsané ing tembé bakal nelukaké saindenging jagad. Nanging wong-wong mau ora ngerti apa nalaré Sang Pamarta iku kedah rawuh ing donya. Rawuhé ora bakal ngayoni perangé mungsuh sing sikep gegaman panah lan pedhang lan sing nggempur baluwarti. Mungsuh sing arep ditandhingi iku ora kasat mripat, nanging linuwih kasektèn lan kadibyané.

Rawuhé Sang Juru Panebus bakal nglawan si pangawak dursila, iya Sétan, sing tansah nuntun manusa nglakoni sarupaning piala sarta misahaké manusa saka ngarsané Gusti Allah, iya Iblis, mungsuh sing ambek niaya lan nggegirisi.

Mangka .... Sang Juru Penebus mesthi bakal ngasoraké mungsuhé inglawas-lawasé.

Nyata, bareng wis olèh telu utawa patang éwu taun Sang Juru Slamet kang diprasetyakaké lagi rawuh. Allah iku setya-tuhu, prasetyané siji baé ora ana sing kecicir.

Nanging — rawuhé iku ora ngagem kamulyan lan kawibawan, ora kaya ratu agung binathara. Rawuhé Sang Pamarta iku ora binarengan lelakon kang ngébat-ébati, kang njalari pawarta bab rawuhé mau kaweruhan wong sajagad kabèh. Ora, kaaran kang setemené iku kosokbali karo panyanané wong akèh, awit enggoné rawuh mau prasasat tanpa sabawa tur prasaja banget, mangka sing ngerti utawa sing diprungoni mung wong siji loro.

Ana Malaékat tumedhak saka swarga kautus menyang jagad nimbalaké pawarta, yèn wis tekan titimangsa sing diprasetyakaké nalika jaman kuna, nanging sing dijujug dudu kedhatoné raja binathara, sing diparani dudu ratu lan para panggedhé kadonyan utawa para wong sugih. Pawarta kabungahan saka swarga sing diampil Malaékat mau ora diparingaké marang wong-wong sing wis tinunggon ing kamuktèn lan kamulyan.

Ora — Malaékat mau murugi wong sing ora tau kocap. Wiwitané njujug ing panggonané imam, wongé wis tuwa tur mung wong lumrah; sapungkuré iku Malaékat ngrawuhi sawijining prawan kang uripé prasaja banget.

Dadiné wong loro mau sing padha ngerti dhisik dhéwé yèn wis tekan titimangsa kelakoné lelakon adi-aèng, sing durung tau kelakon selawasé jagad gumelar.

Allah kang Mahakuwasa ngutus Sang Putra rawuh marang jagad kang wis kèrem ing dosa lan cilaka, pamurihé, supaya ngentasaké jagad saka ing kasangsaran.