Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Panutup

Saka Wikisumber

ING sawijining dina, nalika para sekabat munjuk marang Gusti Yésus saiba élok lan éndahé padaleman suci ing Yerusalèm, ing kono dhawuh wangsulané Gusti Yésus: "Bésuk bakal ora ana watu dilestarèkaké tumumpang ing watu, kang bakal ora dijugrugake."

Nanging nalika sédané rasul Paul, padaleman suci isih meger-meger, ora ana èmpère yèn bakal rusak.

Lan nalika Gusti Yésus mèh ambruk ing dalan jalaran kaboten manggul salib menyang Golgota, ana wong wadon akèh kang padha ngadhuh-adhuh lan nangisi Panjenengané, ing kono Gusti Yésus banjur ngandika marang wong wadon mau: "Aja padha nangisi Aku, nanging awakmu dhéwé lan anak-anakmu iku padha tangisana....!" Mulané ngandika mengkono, jalaran Yerusalèm bakal katempuh laknaté Pangéran.

Éwadéné paskuman mau iya durung ana sing nekani, mangka Kitab Suci iya ora nyebutaké bab prakara mau. Nanging .... pangandikané Gusti ora ana satembung baé sing kècèr .... Miturut buku-buku seyarah, sasédané rasul Paul, ora antara suwé bangsa Yahudi banjur padha mbaléla ing paréntah Rum lan nalika semono paukuman sing wis diweca déning Gusti Yésus kaleksanan.

Kutha Yerusalèm dilurugi wadyabala saka ing Rum, kinepung wakul binaya mangap, nganti ora ana janma manusa sing bisa oncat saka ing kono. Mangka wong Yahudi meneri ngriyayakaké riyaya Paskah, dadiné éwon lan leksan cacahé wong Yahudi sing padha nglumpuk ing kutha Jerusalém. Bareng dikepung wadyabala Rum, ora ana pangan sing bisa mlebu ing kutha, temah wong ing Yerusalèm padha nandhang pailan kang banget. Kasangsaran lan kacingkrangan sing disandhang bangsa Yahudi ing Yerusalèm wis tanpa upama, malah kira-kira ora ana kutha ing salumahing bumi sing tau nandhang sangsara kayadéné kutha Yerusalèm.

Wekasané kutha Yerusalèm kena karebut ing wadyabala Rum lan didadèkaké karang-abang nganti ludhes. Wong Yahudi sing isih kari urip padha dibandhang menyang tanah manca dadi batur.

Padalemané suci kepriye? .... Titus, sénapatining perang, wis paring dhawuh marang para prajurit: "Poma-poma padaleman suci aja nganti rusak, kudu dieman! .. Nanging ana sawenèhing prajurit sing nguncalaké obor murub menyang padaleman mau, temah sedhéla baé padaleman sing misuwur éndahé entek kamangsa ing geni, témboké sing kandel-kandel padha jugrug. Pancèn nyata pangandikané Gusti ora ana setembung baé sing kècèr, kabèh kaleksanan.

Lan tanahé bangsa Yahudi, sing tansah disebut tanah prasetyan, banjur dijègi déning bangsa manca: tanah sing biyèn mili powan lan madu banjur dadi tanah sing cengkar lan garing, ora ana pametuné lan ilang kuncarané .... Bangsa Israèl dibuyaraké sumebar ing salumahing bumi, mangka wiwitané bangsa Israèl iku bangsa kang piniji déning Allah, lan kaparingan tanah prasetyan, nanging saiki bangsa mau ora duwé tanah pusaka ....

Jalaran bangsa mau nampik marang Sang Mesih.

Temahan kataman ing paukuman.

Miturut lairé wekasané nyedhihaké.

Éwadéné wekasaning jaman durung paja-paja nekani!

KEPRIYÉ mungguh kadadéyané para sekabat? Pétrus lan Yochanan? Utawa sekabat lan murid liyané sing padha pracaya marang Gusti Yésus? Aku kabèh padha kepéngin ngerti kepriyé wusanané.

Buku-buku sejarah ana sing nyritakaké, yèn Pétrus disalib atas dhawuhé raja Néro, sing ndhawuhaké ukum pati tumrap Paul. Déné Yochanan dibuwang menyang pulo cilik sing aran Patmos. Ana ing pulo mau Yochanan kaparingan wahyu mungguh apa sing bakal kelakon ing jaman wekasan. Kabèh sing ditingali ing sajroné wahyu mau, ditulis ana ing Kitab Wahyu, kitab sing wekasan ing Kitab Suci.

Déné para sekabat liyané padha pating slebar, ora kasumurupan ana ing endi prenahé lan kepriyé wusanané, kediaba Allah piyambak kang pirsa.

Para wong Kristen kepriyé? Nalika semono akèh wong Kristen sing nandhang dikuya-kuya atas dhawuhé para raja ing Rum, padha dikisas, diobong lan dipakakaké ing kéwan galak; wis gembleng tékadé wong-wong sing padha sengit, arep nyirnakaké golongané wong Kristen nganti tapis ....

Wekasan sing nyedhihaké ....

Nanging sing kaya mengkono iku durung tumeka ing wekasaning jaman. Golongané wong Nasarani sing dinisthakaké déning wong Rum, ing sanyatané ora bisa disirnakaké, senajan warna-warna patrapé mungsuh enggoné arep nindhes lan nyirnakaké golongan mau.

Gusti Allah iku maha setya.

Sumebaré Injil ing tengahé jagad saya lawas saya jembar. Malah bakal tumeka waktuné angger bangsa ing jagad, tekan sing adoh-adoh pisan, padha kawartanan Injil .... Kratoné Allah wis rawuh ing jagad, lan saya lawas saya mundhak gedhé lan mulya, nanging sanyatané Kraton sing ngéram-éramaké, jalaran dudu kraton sing ngudi marang kamuktèn, kawibawan lan kaluhuran.

Kraton mau mung ndayani kabatinané sakabèhé wong sing padha pracaya klawan temen-temen marang Gusti Yésus lan tresna marang Panjenengané, anaa ing endi dunungé lan ora gumantung marang basa lan bangsané, apadéné ora mawang golongan luhur apa asor, sugih apa mlarat ....

Lan wusanané — Gusti Yésus bakal rawuh manèh marang jagad, kayadéné sing wis naté didhawuhaké marang para sekabat. Ing jaman wekasan sakèhé piala lan duraka bakal kasirnakaké. Ing kono Kratoné Allah bakal murba lan misésa swarga lan bumi.

Gusti Yésus bakal nimbali para kagungané lan bakal diparingi kamulyan lan karahayon ing sasampurnané lan uripé mung tansah sumaos minangka kaluhurané Allah.

Ing kono bakal ana kang kasebut: pepanthan siji lan Juru-pangon siji.

Langgeng ing salawasé!.