Menyang kontèn

Babad Saka Kitab Suci/Ayem Tentrem Ana Ing Pangayomané Gusti

Saka Wikisumber

ING wusana kapal layar sing arep ngateraké rasul Paul menyang negara Rum, mancal saka ing palabuhan Késaréa. Sing mandhégani laku yaiku panatus prajurit kang aran Yulius, wong Rum. Prau mau momot wong lelaran akèh lan prajurit sawetara sing kudu ngawat-awati lelaran mau. Ana juru mudhi lan juragané apadéné para pambelahé sing padha nglakokaké prauné .... Ana ing antarané, wong-wong mau rasul Paul katoné mung kaya wong sing tanpa daya prabawa, wong lelaran sing tangané diranté.

Éwadéné ....

Enggoné padha lelayaran menyang negara Rum iku caloné ora mung sedhéla, mangka iya ora sepi ing bebaya.

Nalika semono mangsa panas wis mèh kepungkur, banjur ngancik mangsa rontog, akèh udan lan barat .... Wong sing wani nglakokaké prau ing segara meneri ing mangsa udan, iku mesthiné dudu wong baèn-baèn, mesthiné malim sing wis akèh pangalamané. Wong kaya mengkono iku èmperé baé Yulius utawa juru mudhiné ....

Mungguh rasul Paul, ana ing kapal mau ora digapé babar pisan. Senajan becik pangrengkuhé Yulius marang Paul nganti dililani nemoni para mitrané sadurungé budhal, éwasemono Paul isih ajeg dadi wong bebandhan kaya liya-liyané.

BARENG tekan ing satengahing segara, prauné saben dina katempuh ing prahara, temah enggoné layaran rindhik-rindhik, mèh ora bisa mbacut marga kepangkalan angin. Yèn juru mudhi lan pambelahé ora peng-pengan, prauné wis mesthi mung dadi dolanané ombak lan angin.

Satekané ing kutha Mira, wong-wong mau banjur padha ngalih ing kapal layar sing budhal saka tanah Mesir nggawa gandum menyang Rum.

Enggoné layaran dibacutaké nganti tekan ing palabuhan ing pulo Kréta. Sarèhné layaran ing mangsa antarané mangsa panas karo bedhidhing iku mbebayani banget marga saka gedhéning ombak lan prahara, rasul Paul banjur paring rembag, supaya padha lèrèn ana ing palabuhan kono nganti salebaré mangsa bedhidhing. Nanging Yulius mung gumuyu baé, rembagé Paul pancèn iya becik lan klebu ing nalar, nanging Paul iku dudu ahli pelayaran ing segara, dadi panatus mau milaur ngandel marang juru mudhi lan juragan katimbang karo Paul. Enggoné layaran arep dibacutaké tekan ing kutha, ora adoh saka ing kono, wetara patang puluh mil dohé, kutha palabuhan sing adhepé ngidul ngulon lan ngalor ngulon, luwih kepénak dilèrèni sasuwéné mangsa bedhidhing, kira-kira sawetara sasi lawasé. Prauné layaran rindhik-rindhik mlipir ing pulo Kréta, lakuné ora adoh....

WONG-wong mau padha gegetun déné ora nggugu rembugé Paul, wong sing dinyana tuna ing kawruh mungguh ing pelayaran, ora weruha wong mau enggoné olèh kawruh iku marga kaparingan saka Allah piyambak.

Lagi baé prauné mancal saka ing palabuhan, anginé wiwit mundhak banter dadi prahara gedhé. Prauné katempuh ing lésus kang aran Eroklidon. Wong-wong mau padha ngerti yèn lésus Eroklidon iku kakuwatané ngébat-ébati temenan. Prauné kabuncang mrana-mréné, ora bisa nduwa marang angin, mulané diumbar banjur ngèli baé. Nganti pirang-pirang dina ora katon srengéngé utawa lintang-lintang lan rembulan, jalaran langité peteng katutupan ing mendhung nggameng, mangka panempuhé prahara tanpa ana pedhoté. Layaré suwèk pating sluwir; tiyang kapal katempuh sumiyuting lésus coklèk kayadené biting dicoklèki; kemudhiné wis ora kena dierèh manèh, dadi prauné mung ngèli manut arusing banyu. Bareng nyumurupi kaanané prauné sing nyedhihaké mengkono iku, wong-wong mau pedhot pangarep-arepé bisané olèh pitulungan, ciptané mung bakal mati klelep ing segara. Pancèn niyaté ora arep lelayaran adoh .... Wong mau padha gegetun déné ora nggugu rembugé Paul ....

WONG sing ana ing prau mau kabèh padha miris lan geter, kejaba siji sing duwé rasa ayem lan tentrem jalaran pangayomané Pangéran. Wong iku rasul Paul.

Paul ora mung tenguk-tenguk baé, nanging mèlu tetulung ing sabisa-bisané, lan tansah mbombong atiné wong-wong mau supaya aja nganti semplah. Lan nalika semono rembugé Paul digugu lan digatèkaké, jalaran kedayan déning ayem lan tentreming panggalihé.

Ing sawijining dina, nalika Paul ditutup ing pakunjaran ing kutha Yerusalèm, Gusti jumeneng ana ing ngarepé sarta ngandika: "Paul, sira dikendel, déné padha kaya enggonira wus neksèni bab ingatasé Ingsun ana ing Yerusalèm, mengkono sira iya perlu neksèni ana ing Rum uga."

Dadi cetha ana ing negara Rum, rasul Paul wis yakin, yèn kudu ngadhep ing ngarsané sang prabu ing Rum, mulané mesthi ora bakal mati ing segara jalaran katempuh ing lésus. Déné wong liya-liyané, wong lelaran, prajurit, juru mudhi lan pambelahé, kepriye? Rasul Paul uga diparingi pirsa bab bakal kadadéyané wong-wong liyané sing ana ing prau.

Ing sajroné kinurung ing bebaya pati, kinalang-kalang ing ombak prahara, rasul Paul jumeneng ing tengahé wong-wong ing prau sing padha geter lan miris sarta klawan tatag enggoné ngandika: "Kanca-kanca, leresipun rumiyin sami nggegaa dhateng rembag kula, boten mancal saking Kréta, dados saged sumingkir saking bebaya pejah lan kapitunan mekaten punika. Éwadéné sapunika sampéyan sami kula pituturi, dipun sakéca ing manah. Amargi badhé boten wonten nyawanipun panunggilan sampéyan ingkang tiwas, namung baitanipun kémawon ingkang boten saged kapitulungan. Jalaran wau dalu wonten malaékatipun Allah ingkang kula bektèni, jumeneng wonten ing ngajeng kula sarta ngandikakaken bab prakawis punika sadaya. Mila kanca-kanca, sampéyan dipun sakéca ing manah, sebab kula pitadhos dhumateng Allah, bilih badhé kalampahan kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula wau. Namung kémawon kula kedah sami dhumawah ing satunggaling pulo."

Ing kono wong prau padha mbacutaké pagawéané klawan ngetog kakuwatan tanpa mangan, tanpa ngombé, lan tanpa lèrèn, daya-daya tekana ing salah sawijining pulo.

BARENG wis olèh patbelas dina enggoné kombak-kombul kaontang-antingaké mrana-mréné ana ing segara, wetara wayah tengah wengi, ana aloking wong: "Dharatané wis cedhak!" .... Wenginé peteng ndhedhet, éwadéné wong prau sing kulina ngambah segara, bisa nemtokaké yèn dharatané wis cedhak, marga ngrungu jumeguring ombak sing ambyar ana ing pesisir. Bareng dijajagi, ketemu segarané mung kari rong puluh dhepa sawisé mbacut lakuné sawetara, njajagi manèh ketemu limalas dhepa. Dadi saiki wis cetha, yèn segarané saya mundhak cetèk, ateges saya cedhak menyang dharatan. Wong sing ora kulina lelayaran, bareng ngrungu yèn dharatan wis cedhak, atiné seneng awit rumangsané bakal énggal mentas saka ing bebaya. Nanging wong-wong sing nglakokaké prau malah wedi, awit padha ngerti, yèn saiki bebaya kèrem lan mati klelep saya mundhak gedhé, luwih gedhé katimbang nalika isih adoh saka ing dharatan. Dharatan pancèn wis cedhak, nanging sadurungé mentas ing dharat, adaté ana punthuk-punthuk karang utawa klabar, lan ana ing kono prauné kebanting utawa kandhas temah remuk déning panempuhing alun gedhé.

Wong pambelah sing padha ngerti bab ananing bebaya mau, banjur padha sarujuk arep minggat nganggo sampan supaya bisa slamet mentas ing dharat, ora perduli wong-wong liyané apa bisa kapitulungan apa ora.

Sarèhné kuwatir menawa kandhas ing parang, mulané padha mbuwangi jangkar lan bareng karo ngudhunaké jangkar wong pambelah sing padha arep minggat, iya banjur ngudhunaké sampan sengadi mbuwangi jangkar. Nanging akalé wong mau konangan déning Paul. Paul banjur matur marang panatus lan para prajurit: "Menawi tiyang punika boten lestantun wonten ing baita, sampéyan sami boten saged kapitulungan." Yulius kagèt, déné ana wong kok arep golèk uripé dhéwé. Prajurité banjur didhawuhi: "Sampané cegurna ing segara." Prajurit banjur énggal padha nigasi kendharaté sampan, diceguraké ing banyu banjur kèrem. Dadi para pambelah ora kaleksanan sedyané sing ora becik mau, temah padha kisinan. Déné para prajurit katon padha muring nyumurupi pratingkahé para pambelah mau ....

Nanging ésuké, nalika ngarepaké raina, Paul ngatag-atag wong kabèh, padha kaklumpukaké kapurih mangan, kaya-kaya sing dadi panggedhéné kapal saiki rasul Paul, pangandikané: "Sampéyan dipun sakéca ing manah; sampéyan nedha lan ngombé, supados badhan sampéyan dados kiyat, awit sampun kawan welas dinten punika sampéyan boten kalebetan punapa-punapa. Mila sampéyan kula purih nedha lan ngombé, awit punika klebet marginipun anggèn sampéyan kapitulungan. Sebab sampéyan sadaya badhé boten wonten ingkang rentah rambutipun saeler kémawon." Sawisé ngandika mangkono, Paul banjur mendhet roti lan saos sokur marang Allah ana ing ngarepé wong kabèh, lan rotiné sawisé dicuwil-cuwil, tumuli wiwit dhahar. Wong-wong mau padha ngawasaké marang Paul klawan gumun lan éring, déné kok semono tatag lan manteping atiné marga saka pracayané marang Allahé, wong sing dadi panunggalané wong lelaran, nanging jebul malah luwih luhur bebudèné katimbang karo wong liya-liyané ....

Sawisé wareg enggoné padha mangan, wong-wong mau banjur padha mbuwangi gandumé ing segara, supaya prauné dadi èntèng, lan jangkaré padha dikethoki kabèh. Bareng wis ora digondhèli jangkar, prauné dibablasaké déning ombak lan prahara ngener ing pesisir. Wong sing ana ing prau padha ngerti yèn prauné sedhela manèh bakal ambyar kebanting ing parang utawa kandhas ing klabar, atiné senag-senig, embuh urip, embuh mati .... Para prajurit kuwatir bokmenawa lelarané padha minggat, mulané padha sarembug arep matèni lelarané. Nanging panatus ngéman marang Paul, mulané ngampah kakarepané para prajurit kang mangkono mau, apadéné préntah supaya nguculi ranténé, lan sapa sing bisa nglangi padha dipurih nyegur dhisik lan mentas ing dharat. Déné sing kari padha dipurih golèk urip dhéwé-dhéwé sarana reramon blabag utawa remukané prau. Wong ing prau sanalika krasa yèn prauné kandhas ana ing klabar, pérangané sing ngarep ambles ing wedhi ora obah, nanging sing buri remuk katempuh ing alun. Wong-wong mau kabèh padha nyegur ing banyu lan wekasané lestari mentas kabèh ing dharat.

NALIKA malaékaté Allah ngetingali Paul lan jumeneng ana ing ngarepé, pangandikané mengkéné: "Aja kuwatir, Paul, wus mesthi kowé bakal séba marang ngarsané Sang Prabu. Lah kowé wus diparingi déning Allah sakèhé wong bebarenganmu nunggang prau." ....

Apa sing dipangandikakaké mau, kelakon temenan. Cacahé wong kabèh ana rong atus pitung puluh nem, siji baé ora ana sing tiwas.

Bareng wis padha mentas kabèh, énggal banjur padha gawé geni bedhiyang, jalaran kabèh padha ndrodog kadhemen lan sandhangané teles kabèh. Wong sing padha manggon ing pulo mau padha becik atiné, mulané padha ngréwangi lan nyukupi sakabutuhané kabeh. Nalika padha gawé totor gedhé, Paul lan wong liyané padha ngrakupi kayu rèncék, ditumpangaké ing geni.

Kocapa nalika Paul iya lagi numpangaké kayu ing geni, dumadakan awit saka panasé ana ulané mandi metu, nyakot kanthil ing astané. Wong-wong liyané bareng weruh ula mau kumlawèr ing astané Paul, banjur padha mundhur lan nyawang marang Paul semu welas. Gagasané wong-wong mau: "Wong iki mesthiné gedhé banget dosané, wurung mati klelep ing segara, saiki sida mati dicakot ula mandi .... Delengen, tangané mesthi abuh utawa wongé ambruk mati sanalika!" Nanging Paul ngipataké ula mau marang geni lan ora kelaran babar pisan, tangané ajeg baé ora nganti abuh, wisané ula mandi ora pasah tumama ing sarirané Paul .... Bareng wis suwé enggoné padha ngenténi, mangka padha weruh yèn Paul ora nemahi tiwas, banjur padha malik panemuné, lan padha wedi marang Paul. Pangucapé wong mau: "Wong iku apangawak dewa!" Wong mau padha durung ngerti sapa satemené Paul iku.

Wong-wong mau nganti sawetara sasi enggoné padha manggon ing pulo panggonané mentas ing dharat, ngentèni lebaré mangsa bedhidhing. Pulo mau aran Mélité utawa Malta.

Ora adoh saka panggonan iku mau ana palemahan darbèké panggedhéné pulo, nama Publius, wong tani sugih. Publius mau kang awèh pamondhokan marang wong-wong sing padha kandhas prauné telung dina lawasé. Kabecikané Publius mau diwales tikel déning Paul. Nalika semono ramané Publius lagi lara panas lan bebanyu getih, mangka ora ana sing bisa nambani. Paul banjur nyelaki, lan sawisé ndedonga, sing lara banjur ditumpangi asta, temah dadi lan warasé.

"PAUL, RASULÉ YÉSUS KRISTUS, AWIT SAKA KARSANÉ ALLAH, TUMEKAA MARANG PARA SUCI LAN KANG PADHA PRACAYA ANA ING PATUNGGILANÉ KRISTUS YÉSUS."

Bareng wong ing pulo kono padha ngrungu warta bab kaelokan mau, banjur padha marek marang ngarsané Paul kambi nggawani sadulur-saduluré sing nandhang lelara warna-warna, lan sapa sing nyedhak, banjur diwarasaké sanalika. Ana ing kono Paul ora lali nedahaké wong-wong mau marang Sang Juru Slamet, kang kwasa maringi karahayon langgeng marang angger wong kang pracaya marang Panjenengané.

Telung sasi lawasé enggoné wong-wong mau padha dadi rerumatané wong ing Malta. Bareng ana kapal mancal saka ing pulo Malta, wong mau kabèh pada mèlu mbacutaké lakuné, disangoni apa sakabutuhané déning wong-wong ing pulo Malta, kagawa saka enggoné wis karoban kabecikan déning pitulungané rasul Paul. Prau sing dinunuti mau aciri gambaré déwa kembar, kang aran Kastor lan Poluks; bareng enggoné lelayaran olèh sawetara dina, lestari tutug ing tanah Itali klawan slamet.

Mengkono uga Paul. Satemené Yulius kepéngin banget ngluwari Paul, supaya aja tansah dadi lelaran, nanging Yulius ora wani nerak dhawuhé sang prabu. Éwadéné Yulius ora bosen nyritakaké marang wong ing Rum bab kabecikané Paul nalika padha bareng lelayaran. Awit saka kang mengkono mau rasul Paul kelilan dedalem piyambak karo prajurit sing rumeksa, dadiné ora nganti dilebokaké ing pakunjaran kayadéné wong lelaran liyané. Mangka pamanggoné Paul ana ing dalem olèhé nyéwa piyambak nganti lawas, nanging panggalihé Paul ajeg tentrem lan ayem jalaran tansah rumaos kaayoman déning Gustiné ....

WEKASANÉ lelakoné rasul Paul ora dicritakaké ing sajroné Kitab Suci. Enggoné manggon ing negara Rum nganti rong taun lawasé lan ana ing dalemé piyambak mau Paul wenang nampèni sakèhé wong sing padha teka nemoni, padha diwartani bab kratoné Allah lan diwulangi bab Gusti Yésus Kristus klawan luwih tatag lan ora ana wong kang ngalang-alangi.

Prakara iku njalari kabungahané rasul Paul, senajan dadia wong lelaran pisan, nanging isih olèh wewengan nggelaraké marang wong akèh bab sihé Gusti Yésus.

Salawasé dadi lelaran rasul Paul ora kèndel-kèndel nyerat serat kintunan, minangka sulihé enggoné maringaké pangandika marang para wong Kristen sing padha manggon ing kutha-kutha, Korinta, Éfesus, Filippi, lan serat marang para mitrané, yaiku Timotéus lan Filémon, apadéné serat marang bangsa Yahudi. Senajan pisah adoh karo para murid lan pawong mitrané, éwadéné dadi cedhak prasasat adu arep déning anané layang kiriman mau. Ana layang kiriman sawetara sing ditulis ana ing kutha Rum. Layang-layang mau kalebu dadi pérangané Kitab Suci.

CRITANÉ bab rasul Paul mung kapunggel tekan semono. Ing buku-buku sejarah ana critané bab panguya-uya sing ditindakaké déning para raja ing Rum, ing kono wong-wong Kristen padha nandhang dikuya-kuya, malah ana sing nyritakaké yèn rasul Paul katigas janggané atas dhawuhé raja Néro sing ambek siya. Nanging ora ana wong sing bisa mbuktèkaké bener-luputé kabar mau. Sing wis mesthi kena ditemtokaké yaiku yèn ing sajroné nandhang sangsara nganti tumeka ing sédané, rasul Paul tansah ana ing pangayomané Gustiné.

SERATÉ rasul Paul marang Timotéus ana sing mengkéné surasané: "Aku wus nglakoni tarung kang utama, wus nutugaké playuné balapan, wus ngantepi ing pracaya. Wasanané aku ginantungan makuthaning kabeneran, kang bakal diparingaké marang aku ing dina iku déning Gusti kang jumeneng hakim kang adil, tur ora ngamungaké marang aku baé, malah uga marang sakèhé wong kang cecengklungan ing bakal ngetingale."

Paul, abdi kang setya-tuhu, wis katimbalan marang kamulyan kang langgeng ana ing swarga.