Babad Saka Kitab Suci/Misaya Iwak Kang Ngéram-Éramake
PAWARTA bab Gusti Yésus wis sumebar ing sawrataning tanah Galiléa kabèh, pawarta bab sih lan kawelasané Gusti Yésus, bab pangandikané kang arum lan ngresepaké ati kaya sing durung tau keprungu ing tanah kono. Ing saben panggonan, ing désa lan ing kutha, kang dirawuhi Gusti Yésus, ing endi-endi baé wong-wong ing kono padha nglumpuk lan nampani Gusti Yésus klawan bungah lan pakéring. Apa manèh wong-wong sing padha lara disowanaké ing ngarsané Gusti Yésus, temah kabèh padha diwarasaké.
KACARITA ing sawijining dina Gusti Yésus ngleresi rawuh ing sapinggiré Galiléa, kadèrèkaké wong golongan gedhé, kabèh padha kepengin ngrungokaké pangandikané. Kerep baé wong-wong mau padha rumangsa kawelèhaké déning pangandika mau marga saka akèhing piala lan dosané, nanging iya kerep baé malih dadi ayem lan tentrem atiné marga saka pangandika kang mratélakaké bab ananing pangapura tumrap angger wong kang padha nggetuni dosané klawan terus ing ati. Pangandikané Gusti Yésus bab bebenduné Allah iku tansah diimbangi pangandika bab sih lan kawelasané Allah.
Mulané wis mèmper baé yèn wong golongan padha tansah kepéngin ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus. Durung tau ana rabbi ing tanah kono sing bisa memulang kaya patrapé Gusti Yésus: arum pangandikané tur kinantènan ing pangwasa.
Kocapa wong golongan sing padha kepéngin ngrungu piwulang klawan cetha padha suksukan rebut ngarep, temah suwé-suwé Gusti Yésus enggoné jumeneng wis tekan ing pinggiré banyu segara. Ing kono Gusti Yésus banjur nimbali juru amèk iwak sing prauné lagi labuh ana ing pinggir segara kono. Sawisé Gusti Yésus minggah ing prau, banjur dhawuh ngunduraké sethithik saka ing dharatan, dadi uwal saka ing pandheseké wong golongan. Gusti Yésus pinarak ana ing prau nerusaké memulang wong golongan sing padha andèr ing sapinggiré segara.
Kaya mengkono patrapé Gusti Yésus enggoné memulang wong golongan. Déné wong golongan warna-warna patrapé enggoné nampani pangandika: ana sing lingguh, ana sing ngadeg, malah ana sing munggah ing prau liya-liyané sing lagi padha labuh ing sacedhaké prau panggonané Gusti Yésus pinarak; kabèh padha nggatèkaké banget marang pangandikané Gusti Yésus, wong lanang lan wadon, nom lan tuwa. Pangandikané Gusti Yésus sing arum angresepaké ngumandhang ana ing atiné wong kabèh, padha ketaman ing pangaribawané sih lan kawelasané pangandika: "Tekané Putrané manusa iku nggolèki lan mitulungi rahayu .."
Sakèndelé ngandika, nuli dhawuh marang Simon — prauné mau duwèké Simon — mengkéné: "Mancala menyang panggonan kang jero, jalamu tumuli tibakna misaya iwak."
Kepriyé dawuhé? .... Simon utawa Pétrus nyawang Gusti Yésus klawan gumun. Didhawuhi mancal menyang panggonan kang jero lan misaya iwak? Mangka wayahé isih bedhug awan, dudu wayahé wong golèk iwak!
Unjuk wangsulané Pétrus: "Guru, sampun sadalu muput enggèn kula sami nyambut damel, boten angsal punapa-punapa." Karepé: saya maneh ing wayah awan, gèk arep olèh apa? Nanging Pétrus énggal nyambungi unjuké: "Ewasemanten awit saking dhawuh Tuwan, kawula inggih badhé ndhawahaken jala."
Pancen kuduné iya mengkono. Samangsa Gusti Yésus dhawuh, tan kena ora Pétrus kudu ngleksanani, ora ngétung wayah lan kangèlan.
Prauné banjur dilakokaké menyang panggonan kang luwih jero. Simon Pétrus lan Andréas banjur nibakaké jalané; bareng jalané ditarik munggah, ing tangan wis krasa aboté ora jamak, jalaran kebak iwak akèh banget, malah jalané nganti bedhah. Kanca-kancané sing ana ing prau liyané padha diawé kapurih ngréwangi. Yochanan lan Yakobus énggal padha tandang ngréwangi ngunggahaké jalané Pétrus. Bareng wis bisa munggah, prau karo pisan padha kamotan iwak, kebak nganti kaya mèh ngèrem-ngèremna.
Simon Pétrus bareng weruh, banjur ngrumangsani apes lan sèkèng, lan banget kaeraman nyumurupi iba mulya lan kwasané Gusti Yésus. Mulané banjur nyungkemi jengkuné Gusti Yésus sarta munjuk: "Gusti, Tuwan mugi nilar kawula, awit kawula tiyang dosa." Gusti Yésus pirsa apa isiné teleng segara, mesthiné iya pirsa kang ana ing telenging atiné Simon. Simon rumangsa ora pantes ditenggani Gusti Yésus, mulané Gusti Yésus diaturi tindak saka ing prauné.
Nanging Gusti Yésus ora kersa nilar Simon. Gusti Yésus iya wis pirsa apa sing dadi osiking atiné Simon.
Simon Pétrus dalah kanca-kancané padha rumangsa isin marga saka dosané, apadéné iya rumangsa nandhang apes lan asor ana ing ngarsané Gusti Yésus. Nanging marga saka rumangsaning ati kang mengkono mau, para sekabat mau malah saya wuwuh enggoné padha disihi déning Gusti Yésus. Pangandikané marang Simon: "Aja wedi, wiwit samengko kowé bakal padha amèk wong."
KEPRIYÉ, amék wong? .... O, Simon lan kanca-kancané wis padha nyandhak marang kersané Guruné: padha kadhawuhan martakaké bab katresnan lan pangwasané Gusti Yésus, temah wong-wong kang padha ngrungu pawarta mau padha kagèndènga marang ngarsané Sang Pamartaning jagad, supaya padha pracayaa marang Panjenengané murih olèha karahayon. O, yèn mung didhawuhi nindakaké sing kaya mengkono, Simon sakancané padha saguh nglakoni lan ngéstokaké dhawuh, malah padha rumangsa olèh kanugrahan lan berkah gedhé.
BARENG wis padha munggah ing dharatan manèh, Simon sakancané banjur padha ninggal bale-omahé, brayaté, pagawéané lan negarané, ndhèrèkake tindaké Gusti Yésus ing sapurug-purug.
Para murid mau padha ora ninggal Guruné manèh nganti tekan waktuné Gusti Yésus ngalami saat sing gawaté keliwat-liwat.
Nanging saiki durung paja-paja tekan waktuné.