Yèn ing tawang ana lintang

Saka Wikisumber

Panembang: Waljinah

Pangripta: Andjar Any

Tèks[besut]

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
aku ngenteni tekamu
marang mega ing angkasa, nimas ngsun takokke pawartamu

Janji-janji aku eling, cah ayu
sumedhot rasane ati
lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
tresnaku sundhul wiyati

Dhek semana janjimu disekseni mega kartika
kairing rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
rungokna tangising ati
binarung swarane ratri, nimas
ngenteni mbulan ndadari

Dhek semana janjiku disekseni mega kartika
kairing rasa tresna asih

Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
rungokna tangising ati
binarung swaraning ratri, nimas
ngenteni mbulan ndadari