Wikisumber:Hak cipta

Saka Wikisumber

Ancasing Wikisumber iku mujudaké kapustakan sing bisa didum-dum kanthi mardika. Apa sing diarani mardika mono kapacak ing Seserepan bab Kabudayan Mardika. Anané paugeran hak cipta sing modhèren mbutuhaké kawicaksanan sing bisa ngayomi awaké dhéwé saka tuntutan ukum.

Definisi:

  • Hak cipta sing dirembug ing kaca iki ya iku hak cipta karya sing bisa diunggah ing Wikisumber basa Jawa, kaya ta buku-buku basa Jawa.
  • Paugeran sing digugu ya iku Undang-Undang Hak Cipta 2014 ing Indonésia amarga akèh-akehé buku basa Jawa iku dibabar ing Indonésia utawa, sadurung Indonésia mardika, ing Indiya-Néderlan. Barkas saka nagara liya kudu mèlu paugeran saka nagarané.
  • Karya utawa barkas, ya iku buku (nganggo format PDF, DjVU, lsp.), gambar, swara/audio (nganggo format mp3), vidéo, lsp.
    • Karya sing bisa diunggah ing Wikisumber iki ya iku karya-karya sing gegayutan karo basa Jawa.

Karya mardika[besut]

Karya mardika iku karya sing wis diuculaké menyang dhomain publik, utawa diidinaké déning sing nduwéni karya supaya bébas diowah-owahi, diturun tanpa wates, lan didol; ana déné sing nduwéni/nggawé iya ora kabotan.

Karya-karya basa Jawa sing panganggité séda sadurungé 50 taun kapungkur (contoné: taun iki 2021, tegesé séda sadurungé 1961) dianggep karya mardika.

Karya basa Jawa sing wis mardika kudu diunggah menyang Commons, supaya ing lokal ora kakehan barkas, lan bisa dienggo ing samubarang proyèk.

Karya ora mardika[besut]

Karya basa Jawa sing durung bisa dipasthèkaké mardika apa ora miturut taun sédané panganggité, utawa dibabar pamaréntah Indonésia, bisa diunggah menyang lokal wiki iki.

Sing bisa ngunggah barkas ing wiki iki mung admin. Manawa kowé nduwé barkas sing ora mardika sing arep diunggah, mangga sesambungan karo para admin.

Pranala[besut]