Menyang kontèn

Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Lengkap

Saka Wikisumber

Tata Cara Penulisan Bahasa Jawa menggunakan Aksara Jawa

BAB 1. DENTAWYANJANA

[besut]

1. Dentawyanjana ateges aksara untu (denta = untu, wyanjana = aksara) lumrahe ditegesi carakan yaiku urut-urutane aksara Jawa wiwit saka a tekan z cacahe rong puluh yaiku :

ꦲ꧈ꦤ꧈ꦕ꧈ꦫ꧈ꦏ꧈ꦢ꧈ꦠ꧈ꦱ꧈ꦮ꧈ꦭ
ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la,
ꦥ꧈ꦝ꧈ꦗ꧈ꦪ꧈ꦚ꧈ꦩ꧈ꦒ꧈ꦧ꧈ꦛ꧈ꦔ
pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga.

2. Aksara 20 ing dhuwur iku siji-sijine diarani aksara legena. (Jawa kuna lagna), tegese aksara wuda, tanpa sandhangan.

3. Miturut kedaling pakecapane , aksara 20 iku kena diperang dadi lima yaiku :

a. Aksara gorokan : ꦲ꧈ꦏ꧈ꦒ꧈ꦔ꧉
b. Aksara untu : ꦤ꧈ꦢ꧈ꦠ꧈ꦱ꧉
c. Aksara cethak : ꦕ꧈ꦗ꧈ꦪ꧈ꦚ꧉
d. Aksara ilat : ꦫ꧈ꦭ꧈ꦝ꧈ꦛ꧉
e. Aksara lambe : ꦮ꧈ꦥ꧈ꦩ꧈ꦧ꧉

Kejaba iku ana aksara kang diarani

f. Aksara irung : ꦤ꧈ꦚ꧈ꦩ꧈ꦔ꧉
g. Aksara luluh : ꦫ꧈ꦭ꧉
h. Aksara mandaswara : ꦮ꧈ꦪ꧉

4. Wujude aksara Jawa iku jejeg utawa dhoyong. Jejeg, lumrahe tumrap aksara cap-capan; dhoyong, tumrap tulisan tangan. Dhoyonge tulisan Jawa mangun pojok 60 grad.

5. Unine aksara Jawa ing sajroning carakan iku jejeg. Nanging yen ana ing sajroning tembung, unine aksara Jawa legena iku ana sing jejeg lan ana sing miring. Tuladhane :

a. Sing unine jejeg, kayata aksarane tembung-tembung ing ngisor iki :

ꦲꦥ ꦠꦩ ꦭꦫ ꦩꦠ ꦗꦪ ꦲꦤ ꦏꦤ ꦔꦥ

b. sing unine miring, kayata aksara ing purwane tembung-tembung telung wanda ing ngisor iki :

ꦗꦮꦠ ꦲꦏꦱ ꦕꦫꦏ ꦫꦮꦤ ꦮꦤꦫ ꦢꦲꦤ

Katrangan : Sing diarani uni jejeg utawa swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asale.

Tuladha : a tetep a : sapa, kana, mara, rasa, bala, bata, nala lsp.

Sing diarani swara miring yaiku swara sing wis owah saka asale.

Tuladha : a dadi ā : pāpān , pāngān, bārāng, sāwāng, pāsār lsp.

BAB 2 PASANGAN

[besut]

1. Pasangan iku ana kang awujud:

a. Aksara wutuh kang katulis ing sangisoré aksara kang dipasangi, ora kagandhèng, yaiku: ꦫ꧀ꦫ꧈ꦪ꧀ꦪ꧈ꦒ꧀ꦒ꧈ꦔ꧀ꦔ꧉

ꦢꦂꦩꦤ꧀ꦫꦲꦸꦥ꧀ Darman raup
ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦪꦸꦪꦸ golèk yuyu
ꦩꦔꦤ꧀ꦫꦸꦗꦏ꧀ mangan rujak
ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦒꦒꦏ꧀ manuk gagak
ꦩꦂꦪꦩ꧀‌ꦤ꧀ꦒꦕꦸꦁ Maryam ngacung
ꦔꦼꦩꦸꦠ꧀ꦒꦸꦭ ngemut gula

b. Aksara tugelan kang katulis ing saburiné aksara kang dipasangi, yaiku‌: ꦲ꧀ꦲ꧈ꦥ꧀ꦥ꧈ꦱ꧀ꦱ꧉

ꦮꦶꦛꦱꦼꦩ꧀ wit asem
ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦩꦶꦠ꧀ nyuwun pamit
ꦩꦔꦤ꧀ꦱꦭꦏ꧀ mangan salak
ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦲꦼꦁꦏꦸꦏ꧀ manuk engkuk
ꦒꦸꦥꦏ꧀ꦥꦸꦭꦸꦠ꧀ gupak pulut
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦒꦃ dipun-segah

c. Aksara tugelan kang katulis ing sangisoré aksara kang dipasangi, ora kagandhèng, yaiku: ꦏ꧀ꦏ꧈ꦠ꧀ꦠ꧈ꦭ꧀ꦭ꧉

ꦲꦪꦩ꧀ꦏꦠꦺ ayam katé
ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦸꦥꦠ꧀ damel kupat*)
ꦤꦤꦼꦩ꧀ꦠꦺꦭ nanem tela
ꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦭꦸꦕꦸ slamet lucu*)
ꦲꦸꦭꦩ꧀ꦭꦺꦭꦺ ulam lélé
ꦲꦉꦥ꧀ꦠꦸꦫꦸ arep turu*)
  • ) katrangan: pasangan ka, ta, lan la yen oleh suku bali wutuh manèh.

d. Aksara tugelan kang katulis ing sangisoré aksara kang dipasangi, ora kagandhèng, yaiku: ꦝ꧀ꦝ꧈ꦧ꧀ꦧ꧈ꦛ꧀ꦛ꧉

ꦒꦤ꧀ꦝꦶꦏ꧀ gandhik
ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦭ꧀ kanthil
ꦒꦩ꧀ꦧꦱ꧀ gambas
ꦊꦩ꧀ꦧꦠ꧀ lembat
ꦧꦼꦤ꧀ꦛꦶꦏ꧀ benthik
ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦭ꧀ kendhil
ꦒꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ gandhul
ꦩꦤ꧀ꦛꦸꦏ꧀ manthuk
ꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ rambut

e. Kang duwé dhapur dhéwé lan kang panulisé kagandhèng karo aksara kang dipasangi, yaiku: ꦮ꧀ꦮ꧈ꦤ꧀ꦤ꧈ꦚ꧀ꦚ꧉

ꦲꦉꦥ꧀ꦮꦶꦱꦸꦃ arep wisuh
ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦤꦤꦱ꧀ golèk nanas
ꦮꦶꦱ꧀ꦮꦉꦒ꧀ wis wareg
ꦒꦼꦊꦩ꧀ꦚꦸꦒꦸꦃ gelem nyuguh

f. Kang duwé dhapur dhewe lan kang panulisé ora kagandhèng karo aksara kang dipasangi, yaiku: ꦕ꧀ꦕ꧈ꦢ꧀ꦢ꧈ꦗ꧀ꦗ꧈ꦩ꧀ꦩ꧉

ꦥꦤ꧀ꦕꦶ panci
ꦱꦶꦤ꧀ꦗꦁ sinjang
ꦢꦤ꧀ꦢꦤ꧀ dandan
ꦗꦭ꧀ꦩ jalma
ꦏꦸꦤ꧀ꦕꦸꦁ kuncung
ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦭ꧀ punjul
ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ andum
ꦭꦤ꧀ꦕꦶꦥ꧀ lancip

2. Pasangan ꦏ꧀ꦏ꧈ꦠ꧀ꦠ꧈ꦭ꧀ꦭ yen karaketan sandhangan suku utawa sandhangan wyanjana (cakra, keret, péngkal), kudu dibalèkaké dadi aksara wutuh.

Tuladhane :

ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ kidul-kulon
ꦥꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ꦠꦽꦧꦁ pantèk trebang
ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦮꦺ sampun luwé
ꦥꦏ꧀ꦏꦿꦩ Pak Krama
ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮ wis tuwa
ꦲꦉꦥ꧀ꦠꦸꦫꦸ arep turu
ꦠꦤ꧀ꦭꦾꦤ꧀ tan lyan
ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦿꦗꦁ dipun-trami
ꦥꦏ꧀ꦏꦾꦲꦶ Pak Kyai

3. Panjingan ꦭ꧀ꦭ utawa ꦮ꧀ꦮ (ꦮ gembung), ora kena tumrap ing pasangan kang katulis ing sangisoré aksara sesigeg.

ꦩꦔꦤ꧀‌ꦏ꧀ꦮꦕꦶ mangan kwaci
ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦩ꧀‌ꦧ꧀ꦭꦼꦱ꧀ wis ambles

4. Pasangan ora kena pisah karo aksara sing dipasangi. Yen papané sesak, pasangan kang pancèné kudu katulis ana saburiné aksara kang dipasangi, kenå katulis ana ing sangisoré, utawa aksara kang dipasangi karo pasangané pisan katulis ana ing wiwitané larikan anyar.


Katrangan: Pasangan ca (ꦕ) lan ja (ꦗ) ora kena sangisoré na (ꦤ) ing sajroning satembung

ꦥꦤ꧀ꦕꦶ panci
ꦮꦤ꧀ꦕꦶ wanci
ꦥꦺꦤ꧀ꦕꦺꦁ pèncèng
ꦥꦤ꧀ꦕꦶꦁ pancing
ꦥꦶꦤ꧀ꦕꦁ pincang
ꦥꦺꦤ꧀ꦕꦏ꧀ péncak
ꦥꦶꦤ꧀ꦕꦸꦏ꧀ pincuk
ꦥꦺꦤ꧀ꦕꦺꦴꦏ꧀ péncok
ꦥꦤ꧀ꦗꦁ panjang
ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦭ꧀ punjul
ꦱꦶꦤ꧀ꦗꦁ sinjang
ꦒꦿꦺꦤ꧀ꦗꦺꦁ grenjeng
ꦲꦺꦤ꧀ꦗꦶꦁ énjing
ꦧꦼꦤ꧀ꦗꦸꦠ꧀ benjut
ꦧꦤ꧀ꦗꦸꦂ banjur
ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦗꦺꦴꦂ slonjor

Perlu dikawruhi yèn tata panulisé tembung Jawa nganggo aksara Jawa ing jaman biyèn karo jaman saiki ana bedané, ing antarané:

1. Aksara na lan sa ing saburiné wanda sing nganggo sandhangan layar kudu katulis na murda lan sa murda, nanging mung wantah baé.

2. Aksara sa sing dipasangi pasangan ja kudu ditulis nganggo sa murda, saiki ora (mung wantah baé).

ꦩꦼꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ ꦢꦸꦭ꧀ꦩꦯ꧀ꦗꦶꦢ꧀ saiki ꦩꦼꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ ꦢꦸꦭ꧀ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀

3. Aksara na sing dipasangi pasangan tha lan dha kudu ditulis na murda, nanging saiki ora.

ꦏꦼꦟ꧀ꦝꦶꦭ꧀ ꦏꦟ꧀ꦛꦺꦴꦁ saiki ꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦭ꧀ ꦏꦤ꧀ꦛꦺꦴꦁ

4. Tembung aran apurwa ha (ꦲ) sing kadhisikan tembung ing, purwa a (ha) kudu katulis ng, nanging saiki ora.

conto: ingalas saiki ing alas, ingara-ara saiki ing ara-ara.
ꦲꦶꦁꦔꦭꦱ꧀ ꦲꦶꦁꦔꦫꦲꦫ saiki ꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ ꦲꦶꦁꦲꦫꦲꦫ

5. Tembung nganggo seselan in katulis ngango pasangan n (na rangkep) , saiki ora.

Conto: pinnanggih saiki pinanggih, tinnampanan saiki tinampanan.
ꦥꦶꦤ꧀ꦤꦔ꧀ꦒꦶꦃ ꦠꦶꦤ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦤ꧀ saiki ꦥꦶꦤꦔ꧀ꦒꦶꦃ ꦠꦶꦤꦩ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦤ꧀

6. Tembung nganggo seselan um kudu ditulis rangkep, saiki ora.

Conto: dhummateng saiki dhumateng, dummugi saiki dumugi.
ꦝꦸꦩ꧀ꦩꦠꦼꦁ ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ saiki ꦝꦸꦩꦠꦼꦁ ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ

7. Ater-ater anuswara sing luluh karo purwaning tembung katulis a (ha), saiki ora.

Conto: anyapu saiki nyapu, anulis saiki nulis.
ꦲꦤ꧀ꦪꦥꦸ ꦲꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ saiki ꦚꦥꦸ ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀

8. Tembung punika, punapa, puniki nganggo na rangkep, saiki ora.

Conto: punnapa saiki punapa, punnika saiki punika, punniki saiki puniki.
ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦥ ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦏ saiki ꦥꦸꦤꦥ ꦥꦸꦤꦶꦏ

BAB 3 SANDHANGAN

[besut]

Kang diarani sandhanganing aksara iku tetenger kang dienggo ngowahi utawa muwuhi unining aksara utawa pasangan, kèhé ana rolas, yaiku:

1. Sandhangan swara ana 5, yaiku:

ꦶ jenengé ulu (wulu), awèh uni kaya déné i
ꦸ jenengé suku, awèh uni kaya déné u
ꦺ jenengé taling awèh uni kaya déné e
ꦺꦴ jenengé taling–tarung, awèh uni kaya déné o
ꦼ jenengé pepet, awèh uni kaya déné ĕ

Tuladha:

ꦲꦶꦏꦶꦕꦺꦫꦺ iki céré (tg. bangsané coro cilik)
ꦢꦸꦢꦸꦕꦺꦴꦫꦺꦴ dudu coro
ꦱꦼꦒꦥꦺꦫꦱꦼꦥ sega péra sepa‌ (tg. tanpa rasa)
ꦧꦶꦧꦶꦕꦼꦠꦶꦧꦛꦶ Bibi Keti bathi
ꦧꦸꦢꦤꦸꦠꦸꦏꦸꦠꦲꦸ Bu Danu tuku tahu
ꦏꦼꦧꦺꦴꦤꦺꦩꦺꦫꦸꦠꦼꦭꦸ keboné Mèru telu

2. Sandhangan wyanjana ana 3, yaiku:

ꦿ jenengé cakra, sesulihé panjingan ra
ꦽ jenengé keret, sesulihé cakra-lan-pepet.
ꦾ jenengé pengkal, sesulihé panjingan ya

Tuladha:

ꦏꦿꦱ krasa
ꦥꦽꦭꦸ prelu
ꦏꦾꦻ kyai
ꦪꦠꦿ yatra
ꦧꦿꦸꦠꦸ brutu
ꦏꦽꦠꦸ kretu
ꦥꦿꦲꦸ prau
ꦲꦩ꧀ꦧꦾꦸꦂ ambyur
ꦏꦽꦠꦼꦒ꧀ kreteg
ꦠꦿꦸꦮꦺꦭꦸ truwèlu
ꦏꦺꦴꦥꦾꦲ꧀ kopyah
ꦱꦩ꧀ꦥꦾꦸꦃ sampyuh

3. Sandhangan panyigeging wanda ana 3, yaiku:

ꦃ jenengé wignyan, leliruné sigeg ꦲ
ꦂ jenengé layar, leliruné sigeg ꦫ
ꦁ jenengé cecak, leliruné sigeg ꦔ

Tuladha:

ꦒꦼꦫꦲ꧀ gerah
ꦏꦸꦂꦩ kurma
ꦭꦪꦁ layang
ꦢꦂꦩ darma
ꦮꦃꦪꦸ wahyu
ꦤꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁ nundhung
ꦲꦢꦺꦴꦃ adoh
ꦮꦺꦴꦂꦱꦸꦃ worsuh
ꦧꦁꦏꦺꦴꦁ bangkong
ꦒꦺꦴꦫꦺꦴꦲ꧀ goroh
ꦏꦁꦒꦺꦴ kanggo
ꦏꦺꦴꦧꦂ kobar

4. Sandhangan pangkon (patèn), yaiku ꧀ Sandhangan pangkon utawa patèn, gunané kanggo mratèlakaké yen aksara kang dipangku iku dadi sesigeging wanda kang ana ing sangarepé. Kajaba iku, sandhangan pangkon uga dadi sesulihé pada lingsa, lan manawa diwuwuhi pada siji (lingsa), dadi leliruné pada lungsi.

Tuladha:

a. Pangkon dadi sesigeging wanda kang ana ing sangarepé:

ꦥꦥꦒ꧀ papak
ꦢꦶꦥꦥꦒ꧀ dipapag
ꦮꦶꦠ꧀ꦗꦫꦏ꧀ wit jarak
ꦢꦶꦗꦫꦒ꧀ dijarag
ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ cilik
ꦒꦶꦭꦶꦒ꧀ gilig
ꦏꦺꦴꦕꦺꦴꦏ꧀ kocok
ꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦒ꧀ cocog
ꦢꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦒ꧀ digodhog

b. Pangkon dadi sesulihé pada lingsa:

꧋ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺꦥꦥꦠ꧀ ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦏꦧꦺꦃ
Anaké papat, urip kabèh.
꧋ꦏꦲꦺꦢꦸꦢꦸꦥꦽꦏꦸꦠꦸꦠ꧀ ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦢꦽꦏꦸꦏꦸ꧉
Kaé dudu prekutut, manuk drekuku.
꧋ꦮꦺꦢꦶꦪꦲꦶꦔ꧀ꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ ꦮꦤꦶꦪꦲꦶꦔ꧀ꦧꦼꦤꦼꦫ꧀꧉
Wedia ing luput, wania ing bener.

c. Pangkon diwuwuhi pada siji (lingsa), dadi sesulihé pada lungsi.

꧋ꦲꦗꦱꦼꦤꦼꦔ꧀ꦲꦸꦩꦸꦏ꧀ ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦩꦠꦶꦏꦼꦠꦼꦏꦸꦏ꧀꧈
Aja seneng umuk, mundhak mati ketekuk.
꧋ꦧꦤ꧀ꦝꦺꦴꦱ꧀ ꦲꦶꦁꦗꦼꦫꦺꦴꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ ꦲꦶꦁꦗꦧꦲꦠꦺꦴꦱ꧀꧈
Bandhos, ing jero empuk, ing jaba atos.

5. Sandhangan iku ora kena pisah karo aksara sing disandhangi. Manawa ing tiba ing wekasané larikan kang papané wis sesak, sandhangan dalasan aksara kang disandhangi, kudu katulis ana ing larikan anyar (larikan candhaké).

BAB 4 UNINÉ AKSARA LAN SANDHANGAN SWARA

[besut]

1. Aksara lan sandhangan swara iku tumrap tembung siji karo sijiné, uniné ora mesthi padha. Aksara ꦲ upamané, ana kang uniné kanthi abab akèh, ana kang mawa abab manda-manda. Aksara ꦏ kang dadi sesigeg, uniné ana sing anteb lan ana kang ampang. Aksara legena, ana kang unine jejeg, lan ana sing miring. Kabèh iku, katrangané bakal dipratèlakaké ana ing buri.

2. Sok ana wong nulis:

ꦱꦥ‌‌ kliru ꦱꦺꦴꦥꦺꦴ ꦥꦿꦏꦫ kliru ꦥꦿꦏꦺꦴꦫꦺꦴ ꦩꦺꦴꦫꦶ kliru ꦩꦫꦶ ꦏꦸꦤꦶꦁ kliru ꦏꦸꦤꦺꦁ ꦱꦧꦸꦤ꧀ kliru ꦱꦧꦺꦴꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝ kliru ꦏꦤ꧀ꦝ‌‌ utawa ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴ

Kang njalari klira-kliru mangkono iku, jalaran wong kang nulis durung ngreti temenan marang uniné aksara legena kang dumunung ing siji-sijiné tembung, lan durung lebda marang unining siji-sijiné sandhangan swara. Mulané prelu banget wong ngreti temenan marang uniné aksara legena lan unining siji-sijine sandhangan swara. Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 5

BAB 6 UNINE SANDHANGAN WULU

[besut]

(UNINE SWARA I)

1. Tumrap ing wanda menga, kabeh sandhangan wulu aswara jejeg, kayata :

ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦗꦶ ꦔꦠꦶꦲꦠꦶ ꦢꦢꦶꦏꦾꦲꦶ
iki siji ngati-ati dadi kyai

2. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manwa sandhangan wulu dumunung ing :

a. Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan, kayata :

ꦠꦶꦩ꧀ꦧ ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦏꦤ꧀ꦕꦶꦁ
timba pinten kancing
Sing nyebal : ꦲꦶꦁꦏꦁ (ingkang)

b. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun, kayata :

ꦕꦶꦠ꧀ ꦥꦿꦶꦠ꧀ ꦕꦿꦶꦠ꧀
cit prit crit

c. Wanda wekasan kang sigeg, banjur oleh panambang a, i, e, an, anipun, utawa en. Sing maune nduweni swara miring bali jejeg maneh.

ꦩꦤ꧀ꦕꦶꦁ = -> mancing ( i miring)
ꦩꦤ꧀ꦕꦶꦁꦔ -> mancinga (i jejeg)
ꦩꦤ꧀ꦕꦶꦁꦔꦶ -> mancingi (i jejeg)
ꦥꦤ꧀ꦕꦶꦁꦔꦺ -> pancinge (i jejeg)
ꦥꦤ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ -> pancingan (i jejeg)
ꦥꦤ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ -> pancinganipun ( i jejeg)

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa dumunung ing :

a. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun, kayata :

ꦲꦶꦁ꧈ ꦱꦶꦁ꧈ ꦥꦶꦁ꧈ ꦠꦶꦁ꧈ ꦥꦿꦶꦁ꧈ ꦮꦶꦠ꧀꧈ ꦱꦶꦂ꧈ ꦥꦶꦂ꧈ ꦠꦶꦂ꧉
ing, sing, ping ting, pring, wit, sir, pir, tir.

b. Wanda wekasan :

ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ ꦏꦼꦫꦶꦱ꧀ ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀
becik keris murid

c. Saliyane wanda wekasan , manawa sesigege dudu aksara irung, kayata :

ꦱꦶꦱ꧀ꦮ ꦱꦸꦭꦶꦱ꧀ꦠꦾ ꦱꦸꦮꦶꦒ꧀ꦚ
siswa sulistya*) suwignya
*)Katrangan : pasangan ta bali wutuh maneh

BAB 7 UNINE SANDHANGAN SUKU

[besut]

( SWARA U )

1. Tumrap ing wanda menga, kabeh sandhangan suku aswara jejeg, kayata :

ꦠꦸꦲꦸ ꦮꦸꦭꦸ ꦭꦸꦤ꧀ꦪꦸ ꦧꦿꦸꦠꦸ
tuhu wulu lunyu brutu

2. Tumrap ing wanda aswara jejeg, manawa dumunung ing :

a. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun , kayata :

ꦲꦸꦠ꧀ ꦮꦸꦠ꧀ ꦚꦸꦠ꧀ ꦕꦸꦂ
ut wut nyut cur

b. Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan, kayata :

ꦧꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈ ꦧ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦁ꧈ ꦕꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ꧈ ꦱꦿꦸꦤ꧀ꦢꦺꦁ
bumbung blumbang*) cumplung*) srundeng
*) katrangan : pasangan la bali wutuh maneh.

c. Wanda wekasan kang banjur oleh panambang ꦲ꧈ ꦲꦶ꧈ ꦲꦺ꧈ ꦲꦤ꧀ ꦲꦤ꧀ꦤ꧈ ꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦲꦼꦤ꧀ (-a, -i, -e, -an, -ana, -anipun, -en) Kayata :

ꦱꦧꦸꦤ꧀ sabun ( u miring)
ꦚꦧꦸꦤ꧀ꦤꦶ nyabuni (u jejeg)
ꦱꦧꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ sabunan (u jejeg)
ꦱꦧꦸꦤꦤ꧀ꦤ sabunana (u jejeg)
ꦱꦧꦸꦤꦤ꧀ꦤꦺ sabunane ( u jejeg)
ꦱꦧꦸꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ sabunanipun (u jejeg)
ꦱꦧꦸꦤ꧀ꦤꦼꦤ꧀ sabunen (u jejeg)
ꦱꦶꦤꦧꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ sinabunan ( u jejeg)

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa sandhangan suku dumunung ing :

a. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun, kayata :

ꦩꦸꦁ꧈ ꦧꦸꦁ꧈ ꦧꦸꦂ꧈ ꦧꦸꦤ꧀ ꦥꦸꦤ꧀ ꦗꦸꦤ꧀ ꦠꦸꦂ꧉
mung bung bur bun pun jun tur

b. Wanda wekasan, kayata :

ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ ꦩꦤ꧀ꦕꦸꦂ꧈ ꦚꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ꧈ ꦔ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦿꦸꦏ꧀
sampun mancur nyamplung*) nglumpruk*)
*) katrangan : pasangan la bali wutuh maneh.

c. Saliyane wanda wekasan, manawa sesigege wanda iku dudu aksara irung, kayata :

ꦢꦸꦏ꧀ꦱꦶꦤ ꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ ꦠꦿꦸꦱ꧀ꦛ ꦩꦸꦂꦤꦶ
duksina suksma trustha murni

BAB 8 UNINE SANDHANGAN TALING

[besut]

(SWARA E )

1. Tumrap ing wanda menga aswara jejeg, manawa sandhangan taling iku dumunung ana ing :

a. Tembung mung sawanda :

ꦲꦺ꧈ ꦭꦺ꧈ ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦗꦺ꧈ ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦧꦺ꧉
he le taun je taun be

b. Wanda wekasan, kayata :

ꦏꦠꦺ ꦱꦠꦺ ꦒꦸꦭꦺ ꦥꦼꦠꦺ
kate sate gule pete

c. Purwane tembung 3 wanda, kayata :

ꦏꦺꦮꦭ ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ ꦫꦺꦮꦤ꧀ꦢ ꦱꦺꦮꦏ
kewala kemawon rewanda sewaka

d. Sangarepe wanda wekasan kang menga legena, utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa suku , kayata :

ꦫꦺꦤꦺ ꦢꦺꦮꦺ ꦏꦿꦺꦠ ꦥꦺꦭꦺꦴ
rene dewa kreta pelo

e. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan swara saliyane pepet utawa taling, kayata :

ꦏꦺꦪꦺꦴꦏ꧀ ꦲꦺꦫꦩ꧀ ꦕꦺꦧꦺꦴꦭ꧀
keyok eram cebol

2. Tumrap ing wanda menga aswara miring, manawa dumunung ing .

a. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang uga menga mawa sandhangan wulu utawa suku, kayata :

ꦏꦺꦫꦶ ꦧꦺꦗꦶ ꦠꦺꦗꦶ ꦕꦺꦏ꧀ꦭꦶ
keri beji teji cekli

b. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg lan mawa sandhangan pepet utawa taling, kayata :

ꦩꦺꦱꦼꦩ꧀ ꦭꦺꦫꦺꦤ꧀ ꦏꦺꦉꦩ꧀ ꦒꦺꦥꦺꦁ
mesem leren kerem gepeng

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manawa dumunung ing :

a. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan swara liyane wulu utawa suku, kayata :

ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦿ ꦩꦺꦤ꧀ꦢ ꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺ ꦲꦺꦤ꧀ꦝ
endra menda tempe endha

b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan wulu utawa taling tarung, kayata :

ꦏꦺꦤ꧀ꦝꦁ ꦱꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦁ ꦲꦺꦤ꧀ꦗꦶꦁ ꦧꦺꦁꦏꦺꦴꦁ
kendhang semplang enjing bengkong

4. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, manawa dumunung ing :

a. Tembung mung sawanda,kayata :

ꦲꦺꦃ ꦠꦺꦃ ꦩꦺꦃ ꦗꦿꦺꦱ꧀
heh teh meh jres

b. Sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu utawa suku, kayata :

ꦗꦺꦁꦏꦶ ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸ ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ ꦏꦺꦏ꧀ꦱꦶ
jengki estu estri*) keksi
*) katrangan : pasangan ta bali wutuh maneh.

c. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling, kayata :

ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ ꦏꦺꦁꦱꦼꦂ ꦥꦺꦤ꧀ꦢꦼꦁ ꦒꦿꦺꦤ꧀ꦗꦺꦁ
kendel kengser pendeng grenjeng

d. Wanda wekasan kang sigeg,kayata :

ꦢꦸꦩꦺꦃ ꦗꦺꦴꦒꦺꦢ꧀ ꦒꦺꦴꦝꦺꦒ꧀ ꦧ꧀ꦭꦼꦝꦺꦒ꧀
dumeh joged godheg bledheg

BAB 9 UNINE SANDHANGAN TALING TARUNG

[besut]

( SWARA O )

1. Tumrap wanda menga aswara jejeg, manawa dumunung ing :

a. Tembung mung sawanda, kayata :

ꦲꦺꦴ ꦮꦺꦴ ꦱꦺꦴ ꦭꦺꦴ
ho wo so lo

b. Wanda wekasan, kayata :

ꦱꦶꦤ꧀ꦪꦺꦴ ꦔꦱꦺꦴ ꦧꦺꦝꦺꦴ ꦉꦧꦺꦴ
sinyo ngaso bedho rebo

c. Purwane tembung telung wanda, kayata :

ꦏꦺꦴꦫꦮ ꦭꦺꦴꦢꦪ ꦧꦸꦠ ꦭꦺꦴꦕꦪ
korawa lodaya buta locaya

d. Sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa suku, kayata :

ꦏꦿꦺꦴꦝ ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦗ ꦧꦺꦴꦝꦺꦴ ꦲꦺꦴꦫꦺ
krodha semboja bodho ore

e. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :

ꦚꦺꦴꦤ꧀ꦪꦃ ꦏꦺꦴꦗꦸꦂ ꦏꦺꦴꦩꦸꦏ꧀ ꦏꦺꦴꦔꦱ꧀
nyonyah kojur komuk kongas

2. Tumrap ing wanda menga aswara miring, manawa dumunung ing :

a. Wanda ing sangareping wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu lan suku, kayata :

ꦠꦺꦴꦥꦶ ꦩꦺꦴꦫꦶ ꦮꦺꦴꦭꦸ ꦏꦺꦴꦭꦸ
topi mori wolu kolu

b. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling tarung, kayata :

ꦕꦺꦴꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀ ꦏꦿꦺꦴꦝꦺꦴꦁ ꦏꦺꦴꦥꦾꦺꦴꦂ
coplok krodhong kopyor

3. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg, manawa dumunung ing :

a. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga lan mawa sandhangan swara taling atawa taling tarung.

ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺ ꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺ ꦧ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴ ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴ
kondhe ngombe blondho conto

b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasankang uga sigeg tanpa sandhangan swara, utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung, kayata :

ꦥ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦁ ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦁ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦛꦶꦠ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺ
plonthang komplang konthit kondhe

c. Wanda wekasan kang sigeg banjur oleh panambang a a, , an an\ , kayata

ꦕꦏꦺꦴꦠ꧀ cakot ( o miring)
ꦕꦏꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀ cakottan ( o jejeg )
ꦚꦏꦺꦴꦠ꧀ꦠ nyakotta ( o jejeg )

d. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg kang banjur oleh panambang a a utawa an an\ kayata :

ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ rontog ( o miring)
ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ꦒ rontoga ( o jejeg)
ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦒ꧀ꦒꦤ꧀ rontogan ( o jejeg )

4. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring, yen dumunung ing :

a. Tembung mung sawanda, kayata :

ꦭꦺꦴꦂ ꦢꦺꦴꦩ꧀ ꦩꦺꦴꦃ ꦭꦺꦴꦃ ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀
lor dom moh loh jlog

b. Wanda wekasan, kayata :

ꦲꦢꦺꦴꦃ ꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ ꦲꦤ꧀ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀
adoh babon anjlog *)
*) katrangan : aksara Jawa ora kena tumpuk telu.

c. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara, kayata :

ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧ ꦤꦺꦴꦁꦏ ꦕꦺꦴꦤ꧀ꦢꦿ ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝ
amba nangka candra randha
ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦕ ꦠꦺꦴꦩ꧀ꦧ ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝ ꦗꦺꦴꦁꦒ
kanca tamba tandha jangga
ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ ꦭꦺꦴꦁꦏ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝ ꦩꦺꦴꦁꦱ
ganda langka kandha mangsa

Taling-tarung ing dhuwur iku lumrahe diarani TALING-TARUNG PALSU. Diarani mangkono, jalaran yen tembunge rinaketan panambang apa bae, taling-tarung iku banjur ILANG ; kajaba yen dipanambangi ꦲ. Tuladhane :

ꦏꦚ꧀ꦕ+ꦏꦸ (ꦩꦸ꧈ꦤꦺ꧈ꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦫ꧈ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀)
ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸ (ꦏꦚ꧀ꦕꦩꦸ꧈ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧈ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦫ꧈ ꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀)
kancaku (kancamu, kancane, kancanipun, kancanira, kancaningsun )

d. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan swara saliyane taling utawa taling tarung, kayata :

ꦗꦺꦴꦁꦏꦶ ꦏꦺꦴꦁꦱꦶ ꦠꦺꦴꦁꦏꦶ
jongki kongsi tongki

e. Wanda sigeg aksara irung sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan swara pepet utawa taling-tarung , kayata :

ꦱꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀
sonten konten lombok
ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦁ ꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦾꦺꦴꦏ꧀ ꦥ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦛꦺꦴꦱ꧀
lonthong gombyok plonthos
ꦧꦿꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦱ꧀ ꦏꦿꦺꦴꦤ꧀ꦕꦺꦴꦁ ꦧꦿꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁ
brongkos kroncong brondong

BAB 10 AKSARA MURDA

[besut]

1. Murda = sirah (Walanda: hoofd, Inggris: head)

Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda: hoofdletter, Inggris: capital).
Aksara murda iku satemene ORA ANA. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang DIANGGEP minangka aksara murda iku sejatine AKSARA MAHAPRANA, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik)

2. Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda) ana wolu, yaiku:

ꦟ꧈ ꦑ꧈ ꦡ꧈ ꦯ꧈ ꦦ꧈ ꦘ꧈ ꦓ꧈ ꦨ
Pasangane:
◌꧀ꦟ꧈ ◌꧀ꦑ꧈ ◌꧀ꦡ꧈ ◌꧀ꦯ꧈ ◌꧀ꦦ꧈ ◌꧀ꦘ꧈ ◌꧀ꦓ꧈ ◌꧀ꦨ
Aksarane lumrah:
ꦤ꧈ ꦏ꧈ ꦠ꧈ ꦱ꧈ ꦥ ꦚ ꦒ ꦧ
Aksara ꦕ ora ana murdane, nanging pasangane ana murdane, yaiku: ◌꧀ꦖ, nanging ing jaman saiki wis ora kanggo.
Aksara murda ꦘ ing jaman saiki uga wis ora kanggo. (Mriksanana layang Sarining Paramasastra Jawa kaca 121).

3. Aksara murda mung kanggo ing tata-prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda.

Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane, kayata:
I. ꦑꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦟꦤ꧀ꦦꦑꦸꦨꦸꦮꦟꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦑꦂꦡꦲꦢꦶꦟꦶꦁꦫꦠ꧀꧈
Kanjeng Susuhunan Paku Buwana ing Surakarta Hadiningrat.
II. ꦢꦺꦮꦶꦯꦶꦤ꧀ꦡꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦥꦸꦠꦿꦶꦦꦿꦨꦸꦗꦟꦑꦫꦡꦸꦤꦒꦫꦩꦤ꧀ꦡꦶꦭꦶꦏꦒꦂꦮꦦꦿꦨꦸꦫꦩ꧉
Dewi Sinta putrane putri Prabu Janaka ratu nagara Mantili kagarwa Prabu Rama.

4. Saiki jaman demokrasi. Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara burine; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata:

1 ꦢꦶꦦꦥꦿꦮꦶꦫ Dipaprawira
2 ꦦꦿꦮꦶꦫꦩꦂꦠꦪ Prawiramartaya
3 ꦧꦸꦒꦸꦫꦸꦟꦸꦂꦫꦠꦿꦶ Bu Guru Nurratri
4 ꦥꦏ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ ꦄꦫꦶꦦꦶꦤ꧀ Pak Mantri Aripin
5 ꦩꦱ꧀ꦯꦸꦢꦂꦱꦤ Mas Sudarsana
6 ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦨꦸꦂꦲꦩ꧀ Raden Burham
7 ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁꦑꦂꦠꦶꦤꦶ Raden Ajeng Kartini
8 ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱꦶꦡꦿꦶꦗꦛ Raseksi Trijatha

Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksara murda saanane ditulis kabeh, mangkene: ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉

BAB 11 AKSARA SWARA

[besut]

1. Aksara swara iku sejatine mung ana lima, yaiku:

ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦎ꧈ ꦈ
ꦄ꧈ jenenge ꦄꦏꦫ unine a.
ꦆ꧈ jenenge ꦆꦏꦫ unine i.
ꦌ꧈ jenenge ꦌꦏꦫ unine e.
ꦎ꧈ jenenge ꦎꦏꦫ unine o.
ꦈ꧈ jenenge ꦈꦏꦫ unine u.
Ananging aksara
ꦉ jenenge ꦥ dicěrěk, dadi lelirune ꦫꦼ lan
ꦊ jenenge ꦔ dilělět, dadi lelirune ꦭꦼ
uga kalebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu.
Bab iku salaras karo kawruh sangkalan, tembung "swara" dianggep darbe watak wilangan pitu.
Wujude ꦔ dilělět iku dhek jaman biyen ꦔꦸꦹ꧈ lan kena dienggo pasangan dumunung ing sangisoring aksar. nanging sarehning wujude ꦔ dilělět ing jaman saiki ꦊ꧈ ora kena dienggo pasangan, supaya ora mujudake kaya aksara sungsun telu.

2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata:

1 ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ Agustus
2 ꦆꦧꦿꦲꦶꦩ꧀ Ibrahim
3 ꦌꦱ꧀ꦥꦿꦺꦱ꧀ Espres
4 ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ Oktober
5 ꦈꦱ꧀ꦩꦤ꧀ Usman
6 ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ Inggris

3. Aksara swara ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦎ꧈ ꦈ꧈ ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara ꦉ dadine pasangan ◌꧀ꦉ katulis jejer karo aksara kang dipasangi; aksara swara ꦊ, dadine pasangan ◌꧀ꦭꦼ katulis ing sangisore aksara kang dipasangi; mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.

1 ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀ Wulan April
2 ꦥꦏ꧀ꦆꦢꦿꦶꦱ꧀ Pak Idris
3 ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦎꦥ꧀ꦱꦶꦃꦠꦼꦂ Pangkat Opsihter
4 ꦩꦊꦩ꧀ꦉꦧꦺꦴ malem Rebo
5 ꦩꦱ꧀ꦈꦩꦂꦯꦆꦢ꧀ Mas Umarsaid [1]
6 ꦩꦔꦤ꧀ꦭꦼꦥꦼꦠ꧀ mangan lepet

4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara; mulane ora bener yen wong nulis:

ꦄꦶꦩꦩ꧀ benere kudu: ꦆꦩꦩ꧀ (Imam)
ꦄꦸꦩꦂ benere kudu: ꦈꦩꦂ (Umar)
ꦄꦺꦱ꧀ benere kudu: ꦌꦱ꧀ (Es)

5. Saweneh ana sing ngira manawa gunane aksara swara iku kanggo tata-prunggu utawa pakurmatan. Pangira mangkono iku ora bener, sabab yen wong nulis ꦌꦱ꧀ ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀ ora ateges yen wong iku ngurmati marang es lan marang sasi April.

6. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sangsekerta “aksara” lumrahe mung katulis ꦲꦏ꧀ꦱꦫ꧉ Nanging manawa ditulis ꦄꦏ꧀ꦱꦫ ya ora luput.

BAB 12 AKSARA REKAN

[besut]

1. Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku :

꧇ꦏ꦳꧈ ꦢ꦳꧈ ꦥ꦳꧈ ꦗ꦳꧈ ꦒ꦳

Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung Arab. Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Tuladhane kayata:
ꦏ꦳ꦠꦶꦧ꧀ yen ora dicethakake ꦏꦠꦶꦧ꧀ (Khatib, katib - tg. punggawa mesjid andhahane pengulu).

꧇ꦢ꦳꧀ꦲꦶꦏꦶꦂ yen ora dicethakake ꦝꦶꦏꦶꦂ (Dzikir, dhikir - ngucap "Laillah haillullah" bola-bali). ꧇ꦥ꦳ꦲꦩ꧀ yen ora dicethakake ꦥꦲꦩ꧀ (Faham, paham - tg. ngreti banget). ꧇ꦗ꦳ꦏꦠ꧀ yen ora dicethakake ꦗꦏꦠ꧀ (Zakat, jakat - tg. dana saperanganing barang darbeke). ꧇ꦒ꦳ꦆꦧ꧀ yen ora dicethakake ꦒꦆꦧ꧀ (Ghaib, gaib - tg. samar, winadi).

2. Manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajroning pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak, cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. Tuladhane:

1 ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦲ꧀ fitrah
2 ꦥ꦳ꦂꦭꦸ farlu
3 ꦢ꧀ꦮꦶꦥ꦳ꦸꦁꦱꦶ dwifungsi
4 ꦥ꦳ꦶꦂꦩꦤ꧀ firman (tg. sabda Allah)

3. kajaba aksara rekan ꦥ꦳ kang wujuding pasangane ◌꧀ꦥ꦳ aksara rekan ora kena dadi pasangan. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladhane:

1 ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥ꦳ꦲꦩ꧀ sampun faham
2 ꦱꦮꦺꦒ꧀‌ꦢ꦳꧀ꦲꦶꦏꦶꦂ saweg dzikir
3 ꦗ꦳ꦏꦠ꧀ꦥ꦳ꦶꦠꦿꦲ꧀ zakat fitrah
4 ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀‌ꦒ꦳ꦆꦧ꧀ sumerep ghaib.

BAB 13 ANGKA JAWA

[besut]

1. Angka Jawa siji tekan sanga sarta das, wujude mangkene:

꧇꧑꧈ aksara ꦒ꧉
꧇꧒꧈ aksara ꦔ꧈ ꦢꦶꦊꦊꦠ꧀꧈
꧇꧓꧈ aksara ꦔ꧈ ꦢꦶꦥꦺꦁꦏꦭ꧀꧈
꧇꧔꧈ aksara ꦗ꧈ ꦩꦶꦫꦶꦔ꧀꧉
꧇꧕꧈ aksara ꦩ꧈ ꦏꦸꦫꦸꦔ꧀꧉
꧇꧖꧈ aksara ꦌꦏꦫ꧉
꧇꧗꧈ aksara ꦭ꧉
꧇꧘꧈ aksara ꦥ꧈ ꦥꦭꦾ (ꦥ꧈ ꦩꦸꦂꦢ)
꧇꧙꧈ aksara ꦪ
꧇꧐꧈ bunderan (Indonesia: nol)

2. Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa, supaya ora mbingungake, panulise kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene. Srana kang dienggo misah iku pada pangkat, mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat. Tuladhane:

1 ꧋ꦱꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧇꧑꧒꧇ꦮꦸꦭꦤ꧀꧈ Sataun wonten 12 wulan.
2 ꧋ꦱꦮꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧇꧓꧐꧇ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈ Sawulan punika 30 dinten.
3 ꧋ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦩꦱꦺꦲꦶꦱꦥꦸꦤꦶꦏ꧇꧑꧙꧘꧖꧉ Taun Masehi sapunika 1986.

3. Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi, ing saburine angka iku banjur tanpa pada pangkat. Tuladhane:

1 ꧋ꦩꦁꦏꦠ꧀ꦠꦺꦗꦩ꧀꧇꧗꧈ꦩꦸꦭꦶꦃꦲꦺꦗꦩ꧀꧇꧑꧐꧉ Mangkate jam 7, mulihe jam 10.
2 ꧋ꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦥꦏ꧀ꦒꦸꦫꦸ꧇꧓꧈ꦮꦪꦃꦲꦺ꧇꧘꧉ Putrane pak Guru 3, wayahe 8.
3 ꧋ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀SMPꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃꦲꦤ꧀ꦏꦸ꧇꧒꧙꧔꧈ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ꧇꧑꧐꧖꧉ Murid SMP ing sekolahanku 294, wadone 106.

BAB 14 PADA LAN TETENGER LIYA-LIYANE

[besut]

1. Pada lan tetenger liya-liyane kang kanggo ing sastra Jawa, wujude lan jenenge kaya kang kacetha ing ngisor iki :

I ꦥꦢꦭꦸꦲꦸꦂ꧉ Pada luhur
II ꦥꦢꦩꦢꦾ꧉ Pada madya
III ꦥꦢꦲꦤ꧀ꦝꦥ꧀꧈ Pada andhap
IV ꧄ꦧ꧀ꦕ꧄ ꦥꦸꦂꦮꦥꦢ꧉ Purwapada
V ꧄ꦟ꧀ꦢꦿ꧄ ꦩꦢꦾꦥꦢ꧉ Madyapada
VI ꧄ꦇ꧄ ꦮꦱꦤꦥꦢ꧉ Wasanapada
VII ꧋꧐꧋ ꦒꦸꦫꦸ (ꦲꦸꦒꦼꦂꦲꦸꦒꦼꦂ)꧉ Guru (uger-uger)
VIII ꦲꦢꦼꦓꦢꦼꦒ꧀ (ꦲꦢꦲꦢ)꧉ Adeg-adeg (ada-ada)
IX ꧉꧐꧉ ꦥꦢꦥꦤ꧀ꦕꦏ꧀꧈ Pada pancak
X ꦥꦢꦭꦶꦁꦱ꧉ Pada lingsa
XI ꦥꦢꦭꦸꦁꦱꦶ꧉ Pada lungsi
XII ꦥꦢꦥꦁꦏꦠ꧀꧈ Pada pangkat

2. Gunane pada lan tetenger liya-liyane mangkene :


I ꧅ Pada luhur

[besut]

Pada luhur, unine “mangajapa” kanggo bebukane layang kiriman ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang saka bangsa luhur (saka dhedhuwuran, penggedhe utawa wong tuwa). Tuladhane:

꧅ꦥꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀꧈

Pandonga slamet, ‌

II ꧄ Pada madya

[besut]

Pada madya, unine uga “mangajapa” trape ana ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka sapadha-padha. Tuladhane:

꧄ꦮꦶꦤꦤ꧀ꦠꦸꦲꦶꦁꦠꦏ꧀ꦭꦶꦩ꧀꧈

Winantu ing taklim.

III ꧃ Pada andhap

[besut]

Pada andhap, unine iya “mangajapa”, trape ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka andhahan (utawa saka wong enom). Tuladhane:

꧃ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦸꦩꦸꦁꦏꦼꦩ꧀꧈

Ingkang sembah sumungkem.

IV ꧄ꦧ꧀ꦕ꧄ Purwapada

[besut]

Purwapada, unine “becik” trape ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan. Tuladhane:

꧄ꦧ꧀ꦕ꧄ꦤꦲꦼꦤ꧀ꦠꦒꦚ꧀ꦕꦂꦫꦶꦁꦏꦠ꧈‌​ꦩꦺꦴꦁꦏꦧꦸꦧꦸꦏꦤꦶꦁꦠꦸꦭꦶꦱ꧀​ꦏꦫꦗꦤ꧀ꦗꦼꦁꦒꦭꦉꦠ꧀ꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦿꦗꦢ꧀ꦮꦫꦮꦠꦶ꧈​ꦮꦼꦤꦁꦲꦶꦔꦸꦕꦥ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃ꧈​ꦤꦒꦫꦶꦥꦤ꧀ꦗꦁꦲꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦁ꧈​ꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦟꦫꦺꦤ꧀ꦢꦿ꧈​ꦩꦲꦦꦿꦧꦸꦄꦫꦶꦩꦸꦂꦡꦶ꧈​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦩꦲꦦꦿꦧꦸꦦꦢ꧀ꦩꦤꦧ꧈​ ...

(Sekar Sinom. Serat Abimanyukerem – M. Soekir)

Nahen ta gancaring kata, mangka bebukaning tulis, karajan Jenggalaretna, inggih praja Dwarawati, wenang ingucap bilih, nagari panjang apunjung, kang jumeneng Narendra, maha Prabu Arimurti, ajejuluk maha Prabu Padmanaba ...

V ꧄ꦟ꧀ꦢꦿ꧄ Madyapada

[besut]

Madyapada, unine "mandrawa"​, tegese “adoh, tangeh“, maksude isih adoh utawa isih tangeh tamate buku utawa carita iku. Trape ing wekasane pupuh manawa arep ganti pupuh liya, kayata ing wekasane pupuh sinom ing ngisor iki arep ganti pupuh Pucung.

……………ꦫꦸꦁꦱꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦫꦫꦱꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ꧈​ꦢꦺꦤ꧀ꦏꦕꦏꦸꦥ꧀ꦥꦩꦸꦕꦸꦁꦔꦶꦁꦥꦿꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ​꧄ꦟ꧀ꦝꦿ꧄ꦧꦧ꧀ꦥꦶꦁꦮꦺꦴꦭꦸ꧈​ꦲꦩꦂꦤꦯꦁꦦꦤ꧀ꦝꦸꦱꦸꦤꦸ꧈​ꦪꦯꦁꦢꦟꦚ꧀ꦗꦪ꧈​ꦤꦭꦶꦏꦤꦺꦩꦠꦶꦫꦒꦶ꧈​ꦏꦪꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦩꦸꦤꦶꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦲꦗꦂꦮ​꧄ꦲꦶꦪꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦤꦺꦴꦫꦧꦺꦢꦤꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦏꦸ꧈...

.................rungsiting rerasan iki, den kacakup pamucunging pralampita. Bab ping wolu, amarna sang Pandhusunu, ya sang Dananjaya, nalikane mati ragi, kaya kang wus muni ing Wiwahajarwa. Iya iku, nora beda nunggal laku, ...

VI ꧄ꦇ꧄ Wasanapada

[besut]

Wasana pada, unine “iti” tegese “tamat” trape ing wekasaning carita kang sinawung ing tembang. Tuladhane:

꧄ꦠꦼꦭꦱ꧀ꦱꦶꦥꦤꦸꦫꦠ꧀ꦠꦶꦫ꧈​ꦱꦱꦶꦧꦼꦱꦂꦥꦶꦁꦱꦔꦭꦱ꧀​ꦄꦏꦢ꧀ꦏꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤꦢꦭ꧀​ꦠꦠꦒꦸꦤꦱ꧀ꦮꦫꦺꦁꦤꦠ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦱ꧀ꦛꦮꦶꦤꦢꦸꦱꦚ꧀ꦕꦪ꧈​ꦮꦸꦏꦸꦱꦸꦁꦱꦁꦏꦁꦲꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥ꧈​ꦪꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦮꦶꦏꦤ꧀​ꦲꦺꦴꦧꦃꦲꦺꦴꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦏꦮꦸꦭ꧄ꦇ꧄

(Wulangreh tembang Girisa – Sri Pakubuwana IV)

Telasing panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad K​aliwon taun Dal, Tata guna swareng nata[2], mangsastha windu Sancaya, wuku Sungsang kang atampa, ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula.

VII ꧋꧐꧋ Guru (uger-uger)

[besut]

Guru utawa “uger-uger”, trape ing:

a. Sajroning layang kiriman ing sangarepe purwabasa, dadi sawise satatabasa utawa adangiyah. Tuladhane:

꧋꧐꧋ꦱꦱꦩꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦾꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦮꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ ... ꧉

Sasampunipun ingkang kadya punika, nuwun wiyosipun, ....

b. Ing wiwitane layang carita, layang dongeng lan sapanunggalane kang ora sinawung ing tembang. Tuladhane :

꧋꧐꧋ꦲꦤꦫꦠꦸꦊꦩꦸꦧꦔꦼꦠ꧀​ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦶꦝꦸꦏꦸꦤ꧀ꦏꦁꦮꦶꦱ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ꧉​ꦧꦉꦁꦝꦸꦏꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ ... ꧉

Ana ratu lemu banget, utusan nimbali dhukun kang wis misuwur pinter . Bareng dhukun wis sowan ....

VIII ꧋ Adeg-adeg (ada-ada)

[besut]

Adeg-adeg utawa ada-ada, trape ing bebukaning ukara, kayata:

꧋ꦭꦭꦫꦲꦶꦏꦸꦥꦤꦸꦭꦏ꧀ꦏꦭꦸꦮꦶꦃꦒꦩ꧀ꦥꦁꦱꦫꦤꦥꦚ꧀ꦗꦒ꧈​ꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦱꦫꦤꦠꦼꦠꦺꦴꦩ꧀ꦧ꧉

Lelara iku panulake luwih gampang sarana panjaga, tinimbang sarana tetamba.

IX ꧉꧐꧉ Pada pancak

[besut]

Pada pancak, trape ana ing:

a. Panutuping carita gancaran, mratandhani yen critane wis tamat. Tuladhane:

꧋ꦭꦶꦢꦶꦁꦢꦺꦴꦔꦺꦁꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇ꦲꦗꦔꦶꦤꦩꦫꦁꦱꦥꦝꦥꦝ꧉꧐꧉

Liding dongeng mangkene: aja ngina marang sapadha-padha.


b. Panutuping wasanabasa ing layang kiriman, kayata:

꧋ꦮꦱꦤꦏꦮꦸꦭꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦮꦼꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦮꦧ꧀ꦥꦔꦺꦱ꧀ꦠꦸ꧉꧐꧉

Wasana kawula nyuwun wewahing sawab pangestu.

Manawa papane isih ana, pada pancak kena katulis nganti sekebake larikan.

Perlu dielingi perangane layang kiriman cara Jawa, yaiku: 1 satatabasa (adangiyah), 2 purwabasa, 3. surasa basa, 4 wasanabasa, 5 titimangsa, 6 peprenahan, 7 tandha tangan.

X ꧈ Pada lingsa

[besut]

Pada lingsa, gunane dienggo misah gatraning gatraning ukara. Yen ing wekasane gatra kang pancene kudu mawa pada lingsa wis ana pangkon, pangkon iku dadi lelirune pada lingsa. Tuladhane:

꧋ꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦲꦶꦏꦸꦏꦸꦢꦸꦒꦼꦩꦶ꧈​ꦤꦱ꧀ꦠꦶꦠꦶꦭꦤ꧀ꦔꦠꦶꦲꦠꦶ꧉

Wong urip iku kudu gemi, nastiti lan ngati-ati.

꧋ꦲꦗꦢꦃꦮꦺꦤ꧀​ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦺꦴꦫꦏꦗꦺꦤ꧀

Aja dahwen, mundhak ora kajen.

XI ꧉ Pada lungsi

[besut]

Pada lungsi, kanggone ana ing wekasaning ukara, dadi dienggo misah ukara. Manawa ing wekasane ukara ana pangkon, dadine pada lungsi mung kari muwuhi pada lingsa utawa pada siji. Tuladhane:

꧋ꦕꦁꦏꦿꦶꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦺꦦꦿꦧꦸꦮꦡꦸꦒꦸꦤꦸꦁꦩꦫꦁꦨꦛꦫꦮꦶꦱ꧀ꦟꦸꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇ꦥꦤꦱ꧀ꦱꦺꦲꦥꦏꦁꦔꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦤꦱ꧀ꦱꦺꦒꦼꦤꦶ꧉ꦲꦏꦺꦃꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦏꦫꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀꧈

꧋ꦥꦩ꧀ꦧꦠꦁꦔꦺꦨꦛꦫꦮꦶꦱ꧀ꦟꦸ꧇ꦥꦤꦱ꧀ꦱꦶꦁꦲꦠꦶꦏꦁꦔꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦤꦱ꧀ꦱꦶꦁꦒꦼꦤꦶ꧉ꦩꦼꦱꦛꦶꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦧꦧ꧀​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦺꦭꦤꦁ꧈​ꦩꦤꦮꦲꦺꦴꦫꦮꦤꦶ​berjuangꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀꧈

Cangkrimane Prabu Watugunung marang Bathara Wisnu mengakene: “Panase apa kang ngungkuli panasing geni? Akeh endi wong lanang karo wong wadon?”

Pambatange Bathara Wisnu : “Panasing ati kang ngungkuli panasing geni. Mesthi luwih akeh wong wadon. Sabab, sanajan wujude lanang, manawa ora wani “berjuang” kudu dianggep wadon.”

XII ꧇ Pada pangkat

[besut]

Pada pangkat, gunane werna-werna, kayata :

a. Kanggo ngapit-apit angka Jawa (Mriksanana Bab 13)

b. Kanggo ngelet-eleti kandhane pangripta karo tembung/ukara kang ditirokake dening pangripta, kayata:

꧋ꦩꦫꦁꦮꦶꦨꦶꦱꦤ꧈​ꦢꦯꦩꦸꦏꦩꦿꦠꦺꦭꦏ꧀ꦲꦏꦺꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇​ꦒꦧꦸꦱ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦸꦩꦼꦊꦩ꧀​ꦮꦠꦸꦲꦶꦠꦼꦩ꧀ꦏꦸꦩꦩ꧀ꦧꦁ꧈​ꦩꦤꦮꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦱꦺꦴꦂꦫꦤꦭꦸꦩꦮꦤ꧀ꦱꦶꦫꦩ꧉

Marang Wibisana, Dasamuka mratelakake mangkene: “gabus bakal kumelem, watu item kumambang, manawa ingsun nganti kasoran lumawan si Rama”

c. Ing saburine tembung “yaiku” utawa “kayata”, manawa sawise tembung iku banjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro. Tuladhane:

꧋ꦦꦤ꧀ꦝꦮꦕꦕꦃꦲꦺ꧇꧕꧈ꦪꦲꦶꦏꦸ꧇​ꦪꦸꦝꦶꦱ꧀ꦛꦶꦫ꧈ꦨꦶꦩ꧈ꦄꦂꦗꦸꦟ꧈ꦟꦏꦸꦭꦭꦤꦯꦢꦺꦮ꧉

Pandhawa cacahe 5, yaiku: Yudhisthira, Bhima, Arjuna, Nakula lan Sadewa.

꧋ꦒꦂꦮꦤꦺꦄꦂꦗꦸꦟꦲꦏꦺꦃ꧈​ꦏꦪꦠ꧇​ꦢꦺꦮꦶꦯꦸꦩ꧀ꦧꦢꦿ꧈​ꦢꦺꦮꦶꦯꦿꦶꦏꦤ꧀ꦝꦶ꧈ꦢꦺꦮꦶꦈꦭꦸꦦꦶꦭꦤ꧀ꦭꦶꦪꦭꦶꦪꦤꦺ꧉

Garwane Arjuna akeh, kayata: Dewi Sumbadra, Dewi Srikandhi, Dewi Ulupi lan liya-liyane.

d. Ing saburine tembung “mangkene”, kayata:

꧋ꦲꦺꦪꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇​ꦲꦸꦭꦝꦲꦸꦭꦸꦩꦸꦂꦏꦧꦔꦼꦠ꧀​ꦪꦺꦤ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦱꦫꦤꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦸꦧꦸꦂꦫꦺ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦥꦶꦥꦶꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦤꦺꦥꦫꦏꦺꦴꦉꦥ꧀ꦠꦺꦴꦂ꧉

Eyang ngendika mangkene: ”Ula dhahulu[3] murka banget, yen mangan sarana cangkem lan dubure, iku pepindhane para koreptor.

e. Kanggo ngelet-eleti tembung utawa bab karo katrangane, supaya gampang dingreteni maksude. Tuladhane:

꧋ꦤꦒꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦏꦁꦏꦌꦏꦲꦢꦶꦢꦱꦥꦸꦂꦮ꧉​ꦌꦏꦩꦫꦁꦱꦮꦶꦗꦶ꧈​ꦲꦢꦶ꧇ꦭꦶꦤꦸꦮꦶꦃ꧈​ꦢꦱ꧇ꦱꦥꦸꦭꦸꦃ꧈​​ꦥꦸꦂꦮ꧇ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈

Nagari pundi kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi: linuwih, dasa: sapuluh, purwa: wiwitan.

f. Ing wekasaning gatraning tembang, Manawa tembung ing wiwitaning gatra candhake, pancene (mathuke) kudu dumunung ana ing wekasaning gatra iku. Tuladhane pada pangkat kang dumunung ing wekasane gatra kaping VIII ing tembang Sinom ing ngisor iki :

꧄ꦮꦲꦸꦠꦯꦿꦶꦟꦫꦤꦠ꧈​ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦤꦶꦮꦏꦺꦁꦢꦱꦶꦃ꧈​ꦲꦊꦁꦒꦃꦝꦩ꧀ꦥꦂꦏꦼꦚ꧀ꦕꦤ꧈​ꦥꦶꦤꦠꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾꦢꦶ꧈​ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦺꦂꦏꦁꦤꦁꦏꦶꦭ꧀​ꦱꦢꦪꦲꦩꦫꦶꦏꦼꦭꦸ꧈​ꦏꦁꦩꦸꦁꦒ꧀ꦮꦶꦁꦧꦾꦤ꧀ꦠꦫꦺꦤ꧀ꦢꦿ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦥꦠꦶ꧇​ꦲꦤꦺꦴꦩꦫꦢꦾꦤꦺ꧀ꦯꦺꦴꦩ꧀ꦧꦭꦭꦚ꧀ꦕꦸꦂꦫꦶꦁꦥꦿꦗ꧄

(Serat Abimanyu Kerem – M. Soekir)

Wau ta Sri Naranata, miyos siniwakeng dasih, alenggah dhampar kencana, pinatik ing sesotyadi, pepak andher kang nangkil, sadaya amarikelu, kang munggwing byantarendra, putra Pangeran Dipati: anom Radyan Samba lelancuring praja.

BAB 15 UNINE AKSARA ꦲ

[besut]

1. Unine aksara ꦲ ana sing anteb (mawa abab akeh) lan ana kang ampang. Aksara ꦲ kang unine anteb, yaiku:

a). Ing tembung manca sawetara, kayata:

1 ꦲꦮ hawa
2 ꦲꦶꦏ꧀ꦩꦠ꧀ hikmat (tg. kawicaksanan; iguh; kasekten)
3 ꦲꦏꦶꦩ꧀ hakim
4 ꦲꦶꦩꦮꦤ꧀ himawan (tg. gunung kang puncake tansah ketutupan salju)

b). Manawa kadunungan sandhangan wyanjana, kayata:

1 ꦲꦿꦸ hru (tg. panah)
2 ꦲꦽꦢꦪ hredaya (tg. ati)
3 ꦲꦾꦸꦤ꧀ hyun (tg. arep)
4 ꦲꦾꦁ hyang (tg. dewa)

c). Yen ana saburine wanda menga kang nunggal swara, kayata:

1 ꦱꦲ saha (tg. tuwin)
2 ꦠꦸꦲꦸ tuhu (tg. nyata)
3 ꦲꦺꦲꦺ ehe (tg. arane taun Jawa kang angka loro)
4 ꦠꦲꦠꦲ taha-taha (tg. wigah-wigih)

d). Manawa dumunung ing wanda wekasan kang sigeg karaketan sandhangan suku; samono iku yen wanda sangarepe menga kadunungan sandhangan suku utawa taling tarung. Tuladhane:

1 ꦕꦺꦴꦲꦸꦔ꧀ cohung (tg. manuk merak)
2 ꦥꦺꦴꦲꦸꦔ꧀ pohung
3 ꦝꦸꦲꦸꦫ꧀ dhuhur (tg. dhuwur)
4 ꦭꦸꦲꦸꦫ꧀ luhur (tg. dhuwur)

e). Ana maneh aksara ha (a) kang unine anteb kang ora kena dipathoki, kayata:

1 ꦲꦫ hara
2 ꦲꦸꦱ꧀ hus
3 ꦲꦺꦴꦫꦺ hore
4 ꦲ꧀ꦭꦺꦴ hlo

2. Aksara ha kang unine ampang, yaiku:

a). yen dumunung saburine wanda menga kang ora nunggal swara, kayata:

1 ꦗꦲꦺ jae
2 ꦧꦲꦸ bau
3 ꦥꦲꦶꦁ paing
4 ꦏꦲꦺ kae

b). Yen dadi bebukaning tembung kang ora kedunungan sandhangan wyanjana, kayata:

1 ꦲꦁꦒꦼꦂ angger
2 ꦲꦮꦺꦃ aweh
3 ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ esuk
4 ꦲꦸꦩꦸꦏ꧀ umuk

c). Aksara ꦲ kang dumunung ing saburine wanda sigeg unine kaya aksara sesigeging wanda iku. Dadi pamacane miturut sastralaku (Çastralampah) [4]; kajaba manawa sesigege wanda iku aksara ꦏ꧉ Tuladhane:

ꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ pamacane: ꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦸꦫꦶꦥ꧀ (ngurip-urip)
ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦸꦩꦺꦴꦧ꧀ pamacane: ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦸꦩꦺꦴꦧ꧀ (wis umob)
ꦄꦢꦩ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦢꦸꦱ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ pamacane: ꦲꦢꦩ꧀ꦩꦉꦥ꧀ꦥꦢꦸꦱ꧀ꦱꦺꦱꦸꦏ꧀꧈ (Adam arep adus esuk)
Nanging:
ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ ora kena diwaca: ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦏꦺꦱꦸꦏ꧀ (esuk-esuk)
ꦧꦥꦏ꧀ꦲꦫꦶꦥ꧀ ora kena diwaca: ꦧꦥꦏ꧀ꦏꦫꦶꦥ꧀ (bapak arip)
ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦿꦶꦠ꧀ ora kena diwaca: ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦿꦶꦠ꧀ (manuk emprit)

3. Ana tembung mawa wanda aksara ꦲ kang aksarane ꦲ kena diwaca anteb utawa ampang, amarga tegese tembung iku ana werna loro, kayata:

ꦠꦲꦸ = 1 tau (tg. wis ngalami, wis nindakake). 2 Tahu (arane lawuhan).
ꦠꦸꦲꦸ = 1 tuu (arane manuk). 2. Tuhu (tg. nyata).

Tulisen paragraf ngisor iki gunakake sandhangan mandaswara 1.menawa kue wis ora krasan menyang perantoan, balia wae nang Semarang tinimbang gawe awakmu kaloro loro apa maneh dhuitmu wis saya entek

BAB 16 UNINE AKSARA ꦮ꧈ ꦪ꧉

[besut]

1. Ing ngarep wis dipratelakake yen aksara ꦮ lan ꦪ iku aksara mandaswara, tegese aksara kang unine manda-manda, ora cetha. Aksara ꦮ unine ing antarane aksara ꦮ karo ꦲ꧉ Aksara ꦪ unine ing antarane aksara ꦪ karo aksara ꦲ꧉ Nanging ora kabeh wandane tembung kang mawa ꦮ utawa ꦪ iku unine mung manda-manda utawa ora cetha. Akeh uga wandane tembung kang mawa ꦮ utawa ꦪ sing unine cetha.

2. Aksara ꦮ sing mandaswara, manawa dumunung ing:

a. Wanda menga ing saburine wanda kang uga menga mawa sandhangan suku utawa taling tarung, kayata:

1 ꦏꦸꦮꦺ kuwe
2 ꦏꦺꦴꦮꦺ kowe
3 ꦩꦸꦮꦫ muwara
4 ꦠꦸꦮꦶ tuwi
5 ꦱꦸꦮꦫ suwara
6 ꦭꦸꦮꦺ luwe
7 ꦠꦸꦮ tuwa
8 ꦠꦿꦸꦮꦺꦭꦸ truwelu

b. Wanda sigeg ing saburine wanda menga mawa sandhangan taling-tarung, manawa wanda sigeg iku tanpa sandhangan swara

1 ꦏꦿꦺꦴꦮꦏ꧀ krowak
2 ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ sowan
3 ꦒꦿꦺꦴꦮꦃ growah (tg. kalong akeh)
4 ꦥꦺꦴꦮꦤ꧀ powan
5 ꦧ꧀ꦭꦺꦴꦮꦃ blowah (tg. sigaran degan)
6 ꦢꦶꦱꦺꦴꦮꦏ꧀ disowak (tg. dicabut, diilangi)

c. Wanda sigeg ing saburine wanda menga mawa sandhangan suku, kayata:

1 ꦲꦸꦮꦺꦴꦁ uwong
2 ꦭꦸꦮꦼꦱ꧀ luwes
3 ꦝꦸꦮꦶꦠ꧀ dhuwit
4 ꦝꦸꦮꦼꦠ꧀ dhuwet
5 ꦏꦸꦮꦠ꧀ kuwat
6 ꦱꦸꦮꦺꦏ꧀ suwek

d. ꦮ malihane panambang ꦲ꧈ kayata :

1 ꦠꦸꦏꦸꦮ tukua
2 ꦔꦁꦒꦺꦴꦮ nganggoa
3 ꦩꦲꦶꦢꦺꦴꦮ maidoa
4 ꦠꦸꦫꦸꦮ turua
5 ꦔ꧀ꦒꦸꦪꦸꦮ ngguyua
6 ꦔꦁꦱꦸꦮ ngangsua

e. ꦮ ing wanda ꦮꦤ꧀ malihane panambang ꦲꦤ꧀ kayata:

1 ꦗꦒꦺꦴꦮꦤ꧀ jagoan
2 ꦏꦭꦸꦮꦤ꧀ kaluan
3 ꦏꦼꦧꦺꦴꦮꦤ꧀ keboan
4 ꦗꦼꦗꦺꦴꦝꦺꦴꦮꦤ꧀ jejodhoan
5 ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ bantuan
6 ꦗꦼꦫꦺꦴꦮꦤ꧀ jeroan

3. Saliyane kang kasebut ing dhuwur iku, unine wanda mawa aksara ꦮ ora mung mandaswara, nanging cetha. Tuladhane:

1 ꦮꦶꦱ꧀ wis
2 ꦮꦺꦴꦢ꧀ wod
3 ꦭꦶꦮꦠ꧀ liwat
4 ꦮꦺꦴꦃ woh
5 ꦠꦶꦮꦱ꧀ tiwas
6 ꦭꦶꦮꦠ꧀ liwat
7 ꦫꦺꦮꦁ rewang
8 ꦒꦮꦠ꧀ gawat (tg. mbebayani)

4. Aksara ꦪ mandaswara manawa dumunung ing:

a. Wanda menga saburine wanda kang uga menga mawa sandhangan wulu utawa taling, kayata:

1 ꦏꦸꦪꦺ kiye
2 ꦧꦺꦪ beya
3 ꦥꦿꦶꦪ priya (tg. lanang)
4 ꦏꦥꦿꦶꦪꦺ kapriye
5 ꦏꦸꦥꦶꦪ kupiya (tg. tuladha)
6 ꦲꦶꦪ iya
7 ꦭꦶꦪ liya
8 ꦱꦶꦪꦱꦶꦪ siya-siya (tg. seneng nganiaya)

b. Wanda sigeg saburine wanda menga mawa sandhangan wulu lan taling, kayata:

1 ꦠꦶꦪꦁ tiyang
2 ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ rupiyah
3 ꦏꦺꦪꦺꦴꦁ keyong
4 ꦏꦶꦪꦼꦁ kiyeng (tg. kenceng lan kiyat)
5 ꦏ꧀ꦭꦺꦪꦁ kleyang (tg. godhong garing)
6 ꦏꦶꦪꦠ꧀ kiyat
7 ꦒꦺꦪꦺꦴꦭ꧀ geyol (tg. isi salak)
8 ꦕꦿꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ criyos

c. ꦪ malihane panambang ꦲ kayata:

1 ꦫꦺꦤꦺꦪ renea
2 ꦧꦭꦶꦪ balia
3 ꦔꦠꦶꦲꦠꦶꦪ ngati-atia
4 ꦒꦮꦺꦪ gawea
5 ꦒꦺꦩꦶꦪ gemia
6 ꦔꦗꦶꦪ ngajia

d. ꦪ ing wanda ꦪꦤ꧀ malihane panambang ꦲꦤ꧀ kayata:

1 ꦠꦩꦶꦪꦤ꧀ tamian (tg. dialect: kedhayohan)
2 ꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ gawean
3 ꦏꦱꦸꦕꦶꦪꦤ꧀ kasucian
4 ꦒꦝꦺꦪꦤ꧀ gadhean
5 ꦥꦿꦗꦚ꧀ꦗꦶꦪꦤ꧀ prajanjian
6 ꦥꦔꦗꦶꦪꦤ꧀ pangajian

5. Saliyane kang kasebut ing dhuwur iku, unine wanda mawa aksara ora mung mandaswara, nanging cetha. Tuladhane:

1 ꦢꦪꦸꦤ꧀ dayun (tg. abdine Menakjingga)
2 ꦧꦪꦼꦩ꧀ bayem
3 ꦒꦸꦪꦸꦧ꧀ guyub
4 ꦏꦪꦸꦤ꧀ kayun (tg. karep)
5 ꦒꦺꦴꦪꦁ goyang (tg. oyang, gonjing)
6 ꦥꦸꦪꦸꦃ puyuh (tg. gemak)

BAB 17 UNINE AKSARA ꦏ YEN DADI SESIGEG

[besut]

1. Aksara ꦏ yen dadi sesigeging wanda, sing akeh-akeh swarane ampang, nanging uga ana kang aswara anteb, yaiku:

a. Yen wanda urute (kang nunggal tembung) aksara ꦕ꧈ ꦠ꧈ ꦱ꧈ utawa ꦩ꧈ kayata:

1 ꦱꦸꦏ꧀ꦗꦶ sukci
2 ꦫꦸꦏ꧀ꦩ rukma
3 ꦠꦏ꧀ꦱꦏ taksaka
4 ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ Oktober
5 ꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱ priksa
6 ꦥꦏ꧀ꦱ paksa
7 ꦫꦸꦏ꧀ꦩꦶ rukmi
8 ꦮꦶꦭꦠꦶꦏ꧀ꦠ wilatikta

b. Yen dadi sesigeging wanda kang mawa sandhangan pepet, kayata:

1 ꦧꦕꦼꦏ꧀ bacek
2 ꦧꦸꦤꦼꦏ꧀ bunek
3 ꦕꦸꦉꦏ꧀ curek
4 ꦱꦸꦩ꧀ꦥꦼꦏ꧀ sumpek
Wanda mawa pepet sigeg ꦏ akeh kang manawa pepete dibuwang, ora ngowahake tegese, kayata:
1 ꦥꦶꦕꦼꦏ꧀ = ꦥꦶꦕꦏ꧀
2 ꦮꦠꦼꦏ꧀ = ꦮꦠꦏ꧀
3 ꦏꦼꦧꦼꦏ꧀ = ꦏꦺꦧꦏ꧀
4 ꦕꦼꦝꦼꦏ꧀ = ꦕꦼꦝꦏ꧀
5 ꦥꦶꦠꦼꦏ꧀ = ꦥꦶꦠꦏ꧀
6 ꦥꦼꦉꦏ꧀ = ꦥꦼꦫꦏ꧀
Nanging ora kabeh wanda mawa pepet kang aswara anteb mesthi sigeg aksara ꦏ akeh uga kang sigeg ꦒ kayata:
1 ꦔꦢꦼꦒ꧀ ngadeg
2 ꦲꦗꦼꦒ꧀ ajeg
3 ꦧꦸꦝꦼꦒ꧀ budheg
4 ꦏꦽꦠꦼꦒ꧀ kreteg
5 ꦲꦸꦤ꧀ꦕꦼꦒ꧀ unceg
6 ꦒꦼꦧ꧀ꦭꦼꦒ꧀ gebleg

c. Yen dumunung ing sajroning tembung kang ateges nirokake uni utawa nirokake swara, kayata:

1 ꧋ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦒ꧀ꦭꦛꦶꦏ꧀ꦲꦸꦤꦶꦤꦺ꧇ꦛꦶꦏ꧀ꦛꦶꦏ꧀꧈ Manuk glathik unine "thik-thik".
2 ꧋ꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦩꦲꦸꦥꦼꦠꦺꦴꦏ꧀ꦥꦼꦠꦺꦴꦏ꧀꧉ Babonmu mau petok-petok.
3 ꦱꦶꦁꦛꦏ꧀ꦛꦸꦏ꧀ꦏꦲꦺꦱ꧀ꦮꦫꦤꦺꦲꦥ꧉ Sing “thak-thuk” kae swarane apa?

Cathetan:

Tembung Arab kang kanggo ing basa Jawa, sing mawa wanda sigeg ꦏ unine ana kang ampang lan ana sing anteb, kayata:

ꦩꦸꦏ꧀ꦩꦶꦤ꧀ wanda ꦩꦸꦏ꧀ swarane ampang
ꦠꦏ꧀ꦢꦶꦂ wanda ꦠꦏ꧀ swarane anteb.

BAB 18 DAYANE TEMBUNG ꦲꦶꦁ꧉

[besut]

1. Sarupane tembung kang dumunung saburine tembung “ING” purwane kudu diunekake kanthi mbrengenging aksara irung. Yen purwane aksara ꦢ꧈ ꦠ꧈ ꦝ kanthi mbrengengenging aksara ꦤ꧉ Yen apurwa ꦥ꧈ ꦧ kanthi mbrengeging aksara ꦩ꧉ Yen apurwa ꦲ꧈ ꦫ꧈ ꦏ꧈ ꦒ꧈ ꦮ꧈ ꦭ꧈ ꦪ kanthi mbrengengenge ꦔ꧉

a.

ꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ (ing alas). Unine: ꦲꦶꦁꦔꦭꦱ꧀
ꦲꦶꦁꦫꦠꦤ꧀ (ing ratan). Unine: ꦲꦶꦁꦔꦿꦠꦤ꧀
ꦲꦶꦁꦢꦭꦸ (ing dalu). Unine: ꦲꦶꦁꦤ꧀ꦢꦭꦸ
ꦲꦶꦁꦗꦧ (ing jaba). Unine: ꦲꦶꦁꦚ꧀ꦗꦧ
ꦲꦶꦁꦝꦸꦏꦸꦃ (ing dhukuh). Unine: ꦲꦶꦁꦤ꧀ꦝꦸꦏꦸꦃ
ꦲꦶꦁꦪꦺꦴꦗ (ing Yoja). Unine: ꦲꦶꦁꦔꦾꦺꦴꦗ
ꦲꦶꦁꦒꦭꦸꦃ (ing Galuh). Unine: ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦒꦭꦸꦃ
ꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦝꦸꦁ (ing Bandhung). Unine: ꦲꦶꦁꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦝꦸꦁ

b.

ꦲꦶꦁꦕꦶꦩꦲꦶ (ing Cimahi). Unine: ꦲꦶꦁꦚ꧀ꦕꦶꦩꦲꦶ
ꦲꦶꦁꦏꦸꦛ (ing kutha). Unine: ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦏꦸꦛ
ꦲꦶꦁꦠꦸꦧꦤ꧀ (ing Tuban). Unine: ꦲꦶꦁꦤ꧀ꦠꦸꦧꦤ꧀
ꦲꦶꦁꦱꦭ (ing Sala). Unine: ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦱꦭ
ꦲꦶꦁꦮꦫꦸꦔ꧀ (ing warung). Unine: ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦮꦫꦸꦔ꧀
ꦲꦶꦁꦥꦫꦤ꧀ (ing paran). Unine: ꦲꦶꦁꦩ꧀ꦥꦫꦤ꧀
ꦲꦶꦁꦢꦭꦤ꧀ (ing dalan). Unine: ꦲꦶꦁꦤ꧀ꦢꦭꦤ꧀

2. Yen purwane tembung kang dumunung ing saburine tembung ꦲꦶꦁ aksara ꦲ꧈ ꦫ꧈ utawa ꦭ꧈ mangka tembunge dudu tembung aran, aksara ꦔ kang tumrap ing purwane tembung mau, lumrahe katulis. Tuladhane, kayata:

ꦲꦶꦁꦲꦉꦥ꧀ katulis:ꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ (ing ngarep).
ꦲꦶꦁꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶ katulis:ꦲꦶꦁꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶ (ing ngendi).
ꦲꦶꦁꦫꦶꦏꦶ katulis:ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶ (ing ngriki).
ꦲꦶꦁꦫꦶꦏꦸ katulis:ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ (ing ngriku).
ꦲꦶꦁꦫꦶꦏ katulis:ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏ (ing ngrika).
ꦲꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ katulis:ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦭꦼꦧꦼꦠ꧀ (ing nglebet).


3. Apa tulisan ing ngisor iki bener?

ꦲꦶꦁꦔꦭꦱ꧀
ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦭꦲꦶꦂ꧈
ꦲꦶꦁꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦔ꧈
ꦲꦶꦁꦔꦿꦠꦤ꧀꧈
LUPUT! Sabab: ꦲꦭꦱ꧀ ꦭꦲꦶꦂ꧈ ꦭꦸꦫꦸꦔ꧀꧈ ꦫꦠꦤ꧀ iku kabeh tembung aran. Dadi benere kudu katulis:
ꦲꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ (ing alas)
ꦲꦶꦁꦭꦲꦶꦂ꧈ (ing lair)
ꦲꦶꦁꦭꦸꦫꦸꦔ꧈ (ing lurung)
ꦲꦶꦁꦫꦠꦤ꧀꧈ (ing ratan)

BAB 19 AKSARA SESIGEGING WANDA

[besut]

1. Sok ana wong nulis:

ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦒ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ kliru ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀
Nggodhog endhog kliru nggodhok endhok
ꦱꦶꦧꦼꦒꦺꦴꦒ꧀ꦏꦼꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦒ꧀ kliru ꦱꦶꦧꦼꦒꦺꦴꦏ꧀ꦏꦼꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦏ꧀
Si Begog kecocog kliru si begok kecocok
ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦡꦫꦸꦧ꧀ꦱꦽꦒꦼꦥ꧀ kliru ꦏꦶꦲꦒꦼꦁꦠꦫꦸꦥ꧀ꦱꦽꦒꦺꦧ꧀
Ki Ageng Tarub sregep kliru Ki Ageng Tarup sregeb
ꦥꦏ꧀ꦢꦮꦸꦢ꧀ꦲꦶꦏꦸꦩ꧀ꦭꦫꦠ꧀ kliru ꦥꦏ꧀ꦢꦮꦸꦠ꧀ꦲꦶꦏꦸꦩ꧀ꦭꦫꦢ꧀
Pak Dawud iku mlarat kliru Pak Dawut iku mlarad

Sing njalari klira-kliru mangkono iku, amarga wong sing nulis ora ngerti titikane wanda mawa sesigeg, aksara apa sesigege. Awit saka iku, supaya wong aja nganti klira-kliru panulise tembung kang mawa wanda sigeg, kudu ngerti titikane sesigeg.

2. Kang dianggo nitik wanda “SIGEG AKSARA APA” lumrahe sarana tembunge dipanambangi ꦲꦺ꧉ Tuladhane kayata:

Wong kae ayake ꦧꦸꦝꦼꦒ꧀꧈

ꦧꦸꦝꦼꦒ꧀ katulis wandane wekasan sigeg ꦒ꧈ sabab yen tembunge dipanambangi ꦲꦺ꧈ dadi ꦧꦸꦝꦼꦒ꧀ꦒꦺ꧉ Panambang ꦲꦺ malih dadi ꦒꦺ꧈ mulane panulise tembung iku wandane wekasan sigeg ꦒ꧉

Banyu blumbang iku ꦧꦸꦛꦼꦏ꧀꧈

ꦧꦸꦛꦼꦏ꧀ katulis wandane wekasan sigeg ꦏ꧈ sebab yen tembunge dipanambangi ꦲꦺ꧈ dadi ꦧꦸꦛꦺꦏ꧀ꦏꦺ꧉ Panambang ꦲꦺ malih dadi ꦏꦺ꧈ mulane panulise tembung iku wandane wekasan sigeg ꦏ꧉

Bu Guru tuku ꦏꦺꦕꦥ꧀꧈

ꦏꦺꦕꦥ꧀ katulis wandane sigeg ꦥ꧈ sabab yen tembunge dipanambangi ꦲꦺ dadi ꦏꦺꦕꦥ꧀ꦥꦺ꧉ Panambang ꦲꦺ malih dadi ꦥꦺ꧈ mulane panulise tembung iku wandane wekasan sigeg ꦥ꧉

3. Yagene tembung-tembung ing ngisor iki wandane wekasan katulis sigeg ꦒ꧉

1 ꦕꦺꦴꦕꦺꦴꦒ꧀ cocog
2 ꦧ꧀ꦭꦧꦒ꧀ blabag
3 ꦧ꧀ꦭꦺꦝꦺꦒ꧀ bledheg
4 ꦒꦸꦲꦸꦝꦶꦒ꧀ gudhig
5 ꦒ꧀ꦭꦸꦝꦸꦒ꧀ gludhug
6 ꦮꦉꦒ꧀ wareg
7 ꦲꦤ꧀ꦗꦺꦴꦒ꧀ anjog
8 ꦲꦤ꧀ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀ anjlog
9 ꦥꦺꦤ꧀ꦕꦶꦒ꧀ pencig

4. Yagene tembung-tembung ing ngisor iki wandane wekasan katulis sigeg ꦏ꧉

1 ꦩ꧀ꦊꦠꦶꦏ꧀ mletik
2 ꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦾꦺꦴꦏ꧀ gombyok
3 ꦏ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ klumpuk
4 ꦚꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦏ꧀ nyampluk
5 ꦲꦩ꧀ꦧꦿꦸꦏ꧀ ambruk
6 ꦔꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀ ngemplok

5. Yagene tembung-tembung ing ngisor iki wandane wekasan katulis sigeg ꦢ꧉

1 ꦕꦕꦢ꧀ cacad
2 ꦱꦽꦧꦺꦢ꧀ srebed
3 ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ murid
4 ꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ wujud
5 ꦲꦸꦮꦺꦴꦢ꧀ uwod
6 ꦧꦼꦧꦼꦢ꧀ bebed

6. Yagene tembung-tembung ing ngisor iki wandane wekasan katulis sigeg ꦠ꧉

1 ꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ tobat
2 ꦕ꧀ꦭꦸꦫꦶꦠ꧀ clurit
3 ꦧꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ buntut
4 ꦕꦿꦺꦮꦺꦠ꧀ crewet
5 ꦕꦺꦴꦥꦺꦴꦠ꧀ copot
6 ꦲꦼꦚ꧀ꦗꦼꦠ꧀ enjet

7. Yagene tembung-tembung ing ngisor iki wandane wekasan katulis sigeg ꦧ꧉

1 ꦱꦧ sabab
2 ꦒꦸꦪꦸꦧ꧀ guyub
3 ꦏꦶꦏꦶꦧ꧀ kikib
4 ꦒꦆꦧ꧀ gaib
5 ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ murub
6 ꦉꦧꦧ꧀ rebab

8. Yagene tembung-tembung ing ngisor iki wandane wekasan katulis sigeg ꦥ꧉

1 ꦏ꧀ꦭꦫꦥ꧀ klarap
2 ꦲꦶꦤ꧀ꦠꦶꦥ꧀ intip
3 ꦏꦸꦤ꧀ꦕꦸꦥ꧀ kuncup
4 ꦭꦤ꧀ꦝꦼꦥ꧀ landhep
5 ꦏꦱꦺꦥ꧀ kasep
6 ꦱꦼꦭꦺꦴꦥ꧀ selop

BAB 20 TEMBUNG LINGGA

[besut]

1. Panulise tembung lingga ora kena ngrangkep aksara, kayata:

ꦢꦲꦤ dahana

ꦱꦽꦔꦺꦔꦺ srengenge

ꦊꦫꦶ leri

ꦧꦽꦔꦺꦴꦱ꧀ brengos

Ora kena katulis:

ꦢꦃꦲꦤ ꦱꦽꦁꦔꦺꦔꦺ ꦊꦂꦫꦶ ꦧꦽꦁꦔꦺꦴꦱ꧀

Sing nyebal: ꦠꦤ꧀ꦚ (tannya)

Manawa katulis ꦠꦚ, pakecapane wanda ing ngarep (wandane wiwitan) mesthi banjur kliru jejeg, sing benere kudu diwaca miring.

2. Endi sing kudu katulis nganggo pepet-layar, lan endi kang katulis nganggo keret?

a. Mung wanda wekasaning lingga kang katulis nganggo pepet – layar

ꦮꦢꦼꦂ wader

ꦧꦼꦤꦼꦫ꧀ bener

ꦱꦤ꧀ꦠꦼꦂ santer

ꦊꦩ꧀ꦥꦼꦂ lemper

ꦱꦼꦒꦼꦂ seger

b. Kang dudu wanda wekasaning lingga kang katulis ngango keret, ora kena nganggo pepet layar

ꦥꦽꦭꦸ prelu

ꦒꦽꦩ grema

ꦏꦽꦠꦼꦒ꧀ kreteg

ꦠꦽꦧꦁ trebang

ꦥꦽꦏꦸꦠꦸꦠ꧀ prekutut

c. Wandane tembung manca kang dicethakake, senajan dudu wanda wekasaning lingga, katulis nganggo pepet-layar, kayata:

ꦮ꦳ꦼꦂꦧꦤ꧀ asline: verband ꦮ꦳ꦼꦂꦒꦢꦿꦶꦁ asline: vergadering ꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀ asline: Gouvernement

d. Purwane lingga kang katulis mung nganggo layarbae (ora nganggo pepet-layar, ora nganggo keret), kayata:

ꦮꦂꦠ warta

ꦏꦂꦤ karna

ꦱꦂꦠ sarta

ꦮꦂꦤ warna

ꦢꦂꦩ darma

3. Manawa nunggal tembung, pasangan ca, ja ora kena katulis ana ing sangisore aksara na, kudu mnganggo ana sangisore aksara nya, kayata:

ꦭꦚ꧀ꦕꦶꦥ꧀ lancip

ꦩꦺꦚ꧀ꦕꦺꦁ menceng

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ banjur

ꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁ kancing

ꦏꦺꦚ꧀ꦕꦸꦂ kencur

ꦊꦚ꧀ꦕꦼꦁ lenceng

ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦂ slonjor

ꦒꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ ganjil

Titikane nunggal tembung utawa ora, bisane katon Manawa katulis ing aksara Latin.

a. Nunggal tembung, yen katulis nganggo aksara Latin nunggal sagandhengan, kayata:

ꦗꦚ꧀ꦗꦶ janji

ꦗꦶꦚ꧀ꦗꦶꦠ꧀ jinjit

ꦥꦚ꧀ꦕꦶ panci

ꦭꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦁ lonjong

Manawa aksara sesigegeing wanda kang ngarep kudu dipangku uga kudu aksara nya dudu aksara na

aꦚ꧀ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀ anjlog oꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦁ onclang ꦩꦺꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦩꦺꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦺ mencla-mencle ꦏꦶꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦺꦴꦁꦏꦶꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦺꦴꦁ kinclong-kinclong

b. Ora nunggal tembung, yen katulis nganggo aksara Latin ora nunggal sagandhengan, kayata:

ꦗꦔꦤ꧀ꦕꦶꦥꦶꦂ Jangan cipir ꦥꦏꦤ꧀ꦗꦁꦏꦿꦶꦏ꧀ pakan jangkrik ꦥꦔꦤꦤ꧀ꦕꦸꦕꦸꦂ Panganan cucur

4. Wanda kang mawa panjingan ꦭ꧈ kang mawa sandhangan cakra utawa kang mawa sandhangan keret, ora kena kaulur didadekake rong wanda, kayata:

ꦧ꧀ꦊꦢꦸꦒ꧀ bledug

ꦏꦿꦸꦥꦸꦏ꧀ krupuk

ꦏꦽꦠꦼꦒ꧀ kreteg

ꦕꦿꦶꦮꦶꦱ꧀ criwis

ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦗꦺꦴꦂ slonjor

ꦱꦽꦒꦼꦥ꧀ sregep

mung yen ana perlune, kayata tumrap ing tembang, dienggo ngganepi guru wilanganing gatraning tembang, kena kaulur dadi:

ꦧꦊꦢꦸꦒ꧀ baledug

ꦏꦫꦸꦥꦸꦏ꧀ karupuk

ꦏꦉꦠꦼꦒ꧀ kareteg

ꦕꦫꦶꦮꦶꦱ꧀ cariwis

ꦱꦭꦺꦴꦤ꧀ꦗꦺꦴꦂ salonjor

ꦱꦉꦒꦼꦥ꧀ saregep

5. Wandane tembung kang mawa sandhangan pengkal, ora kena kaulur didadekake rong wanda, sanajan tumrap ing tembang:

ꦱꦺꦢꦾ sedya

ꦭꦒꦾ lagya

ꦏꦢꦾ kadya

ꦧꦒꦾ bagya

ꦱꦼꦠꦾ setya

Ora kena kaulur mangkene:

ꦱꦼꦢꦶꦪ sediya

ꦭꦒꦶꦪ lagiya

ꦏꦢꦶꦪ kadiya

ꦧꦒꦶꦪ bagiya

ꦱꦼꦠꦶꦪ setiya

6. Aksara Jawa ora kena nganti sungsun telu, mundhak ngebakebaki papan, mulane pasangan kang dumunung ana ing sangisoe aksara, ora kena ditrapi panjingan ꧀ꦭ utawa panjingan ꧀ꦮ (ꦮ gembung) Tuladhane:

ꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦊꦱ꧀ ambles

ꦗꦸꦩ꧀ꦧ꧀ꦊꦁ jumbleng

ꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦸꦏ꧀ gembluk

ꦩꦔꦤ꧀ꦏ꧀ꦮꦕꦶ mangan kwaci

ꦲꦤꦏ꧀ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ anak kwalon

Tumrap pasangan kang katulis jejer karo aksara kang dipasangi, ora ana pekewuhe ditrapi panjingan la utawa panjingan wa (wa gembung ). Tuladhane, kayata:

ꦕꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ cumplung

ꦠꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦏ꧀ tumplak

ꦏꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ kemplung-kemplung

ꦚꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦏ꧀ nyempluk

ꦩꦤꦸꦏ꧀ manuk

ꦱ꧀ꦮꦫꦶ swari

ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ pendhok

ꦱ꧀ꦮꦱ swasa

Cathetan: Tembung kang mawa wanda panjingan ꧀ꦮ (ꦮ gembung ), wanda iku kena diulur didadekake rong wanda, kajaba tembung kang mung sawanda. Tuladhane, kayata:

ꦏ꧀ꦮꦕꦶ꧈ kwaci

ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ kwalon

ꦱ꧀ꦮꦂꦒ swarga

kena diulur dadi:

ꦏꦸꦮꦕꦶ kuwaci

ꦏꦸꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ kuwalon

ꦱꦸꦮꦂꦒ suwarga

Nanging ꦢ꧀ꦮꦶ ora kena kaulur dadi: ꦢꦸꦮꦶ.

Apa tulisan ing ngisor iki bener?

ꦄꦩ꧀ꦧꦾꦃ Ambyah

ꦲꦩ꧀ꦧꦾꦂ ambyar

ꦲꦩ꧀ꦧꦾꦸꦂ ambyur

ꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦾꦺꦴꦏ꧀꧈ gombyok

Bener. Tulisan ing dhuwur iku ora ana aksara kang sungsun telu, sabab pengkal iku dudu aksara, nanging sandhangan, kalebu sandhangan wyanjana.

7. Tembung manca kang wandane wekasan menga lan legena aswara miring, wanda iku kudu katulis mawa wignyan. Tuladhane:

ꦄꦥ꦳ꦿꦶꦏꦃ Afrika

ꦌꦫꦺꦴꦥꦃ Eropa

ꦄꦩꦺꦫꦶꦏꦃ Amerika

Cathetan: Tembung “wathathitha” (tembung pangungun kata seru)) Manawa iku dianggep tembung manca (saka basa apa ? ꦦ꧀ꦩ꧀) kudu katulis aksara Jawa: ꦮꦛꦃꦛꦶꦛꦃ꧉ Nanging yen iku tembung Jawa (Tembung Jawa kang muncul anyar-anyaran), katulis tanpa wignyan, mangkene: ꦮꦛꦛꦶꦛ꧉

8. Tembung lingga 3 wanda:

a. Yen kabeh wandane menga, wanda kapindho lan katelu legena, sanajan pakecapane wanda kapisan mawa pepet, panulise tanpa pepet. Tuladhane:

ꦱꦒꦫ sagara

ꦢꦤꦮ danawa

ꦮꦠꦫ watara

ꦏꦠꦫ katara

b. Yen wandane kapisan lan kapindho menga legena, wandane kapisan sigeg aksara irung lan pakecapane mawa pepet, panulise wanda kapisan uga mawa pepet

ꦧꦼꦤ꧀ꦢꦫ bendara

ꦏꦼꦤ꧀ꦕꦤ kencana

ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ tembaga

ꦧꦼꦁꦒꦭ benggala

Sing nyebal: ꦥꦤ꧀ꦝꦮ꧉. Katulis ꦥꦤ꧀ꦝꦮ꧈ sabab tembung iku ateges ꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦦꦤ꧀ꦝꦸ꧉ Yen Katulis ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦮ banjur ateges ꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦦꦼꦤ꧀ꦝꦸ mangka ora ana paraga wayang kang jenenge ꦦꦼꦤ꧀ꦝꦸ꧉

c. Tembung lingga 3 wanda liya-liyane, panulise wandane kapisan mawa pepet utawa ora miturut pakecapane . Tuladhane:

ꦱꦁꦱꦫ sangsara

ꦊꦤ꧀ꦠꦺꦫ lentera

ꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ lampita

ꦕꦼꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶꦠ꧀ cempurit

d. Tembung manca 3 wanda kang wis rumasuk dadi tembung Jawa, panulise lan pakecapane miturut kedaling swarane ilat Jawa .

ꦩꦱ꧀ꦏꦥꦺ Asline: maatschapij
ꦒꦫꦱꦶ Asline: garage
ꦧꦒꦱꦶ Asline: bagage

9. Tembung lingga 3 wanda sing kramane mung ganti swarane sawanda utawa rong wanda, panulise wandane kapisan ing tembunge krama padha karo wandane kapisan ing tembunge ngoko.

ꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ ꦮꦠꦫ watawis watara

ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒꦶ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ tembagi tembaga

ꦩꦤꦮꦶ ꦩꦤꦮ manawi manawa

ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦱꦒꦫ saganten sagara

10. Panulise tembung yogyaswara, tembunge sing ngarep karo sing buri mung beda wandane wekasan. Tuladhane:

ꦧꦛꦫ ꦧꦛꦫꦶ bathara-bathari

ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱ ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱꦶ raseksa-raseksi

ꦲꦥ꧀ꦱꦫ ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ apsara-apsari

11. Wandane tembung kang kaprungu mawa aksara wa sanajan mung mandaswara, aksara wa iku kudu ditulis, kayata:

ꦧꦸꦮꦤ buwana

ꦏꦸꦮꦱ kuwasa

ꦱꦸꦮꦫ suwara

ꦏꦸꦮꦺꦤꦶ kuweni

ꦏꦸꦮꦠ꧀ kuwat

ꦭꦸꦮꦏ꧀ luwak

ꦫꦸꦮꦼꦢ꧀ ruwed

ꦒꦺꦴꦮꦁ gowang

12. Wandane tembung kang kaprungu mawa aksara ya sanajan mung mandaswara, aksara ya iku kudu ditulis, kayata:

ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ rupiyah

ꦱꦶꦪꦁ siyang

ꦕꦿꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ criyos

ꦧꦺꦪ beya

ꦫꦺꦪꦺꦴꦒ꧀ reyog

ꦏꦺꦪꦺꦴꦏ꧀ keyok

ꦱꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ siyos

BAB 21 TEMBUNG DWI PURWA

[besut]

1. Yen puwaning lionggane awujud aksara legena, dadine dwipurwa wandane kapisan lan kapindho uga awujud aksara legena, kayata:

1 ꦭꦫ -- ꦭꦭꦫ
2 ꦗꦏ -- ꦗꦗꦏ
3 ꦧꦪ -- ꦧꦧꦪ
4 ꦥꦠꦶ -- ꦥꦥꦠꦶ
5 ꦢꦤ -- ꦢꦢꦤ
6 ꦧꦚꦸ -- ꦧꦧꦚꦸ

Dwipurwa, ejaan aksara Latin karo aksara Jawa beda. Panulise Latin tembuing-tembung ing dhuwur iku wandane kapisan nganggo “e”, mangkene:

1 Lelara
2 Jejaka
3 bebaya
4 pepati
5 dedana
6 bebanyu

2. Sandhangan swara katut ing dwipurwa, kajaba taling tarung palsu, kayata:

1 ꦭꦶꦫꦸ -- ꦭꦶꦭꦶꦫꦸ liru leliru
2 ꦠꦼꦭꦸ -- ꦠꦼꦠꦼꦭꦸ telu tetelu
3 ꦠꦺꦭ -- ꦠꦺꦠꦺꦭ Tela tetela
4 ꦏꦺꦴꦤꦔ꧀ -- ꦏꦺꦴꦏꦺꦴꦤꦔ꧀ konang kekonang
5 ꦱꦸꦒꦸꦃ -- ꦱꦸꦱꦸꦒꦸꦃ suguh sesuguh
6 ꦱꦶꦭꦶꦃ -- ꦱꦶꦱꦶꦭꦶꦃ silih sesilih

Sing nyebal:

ꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱ -- ꦥꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱ (Mriksanana layang Paramasastra Jawa I kaca 54 - M.Ng. Dwidjasewaya).

3. Taling tarung palsu ora katut ing dwipurwa, kayata:

1 ꦠꦺꦴꦩ꧀ꦧ -- ꦠꦠꦺꦴꦩ꧀ꦧ Tamba tetamba
2 ꦩꦺꦴꦁꦱ -- ꦩꦩꦺꦴꦁꦱ mangsa memangsa
3 ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ -- ꦒꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ Ganda geganda
4 ꦠꦺꦴꦁꦒ -- ꦠꦠꦺꦴꦁꦒ tangga tetangga

4. Sandhangan wyanjana ora katut ing dwipurwa, kayata:

1 ꦠꦿꦸꦏ -- ꦠꦸꦠꦿꦸꦏ truka tetruka
2 ꦏꦿꦩꦱ꧀ -- ꦏꦏꦿꦩꦱ꧀ kramas kekramas
3 ꦏꦿꦺꦴꦝꦺꦴꦁ -- ꦏꦺꦴꦏꦿꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ Krodhong kekrodhongan

5. Sandhangan panyigeging wanda ora katut dwipurwa

1 ꦮꦂꦠ -- ꦮꦮꦂꦠ warta wewarta
2 ꦭꦸꦁꦒꦸꦃ -- ꦭꦸꦭꦸꦁꦒꦸꦃ lungguh lelungguhan
3 ꦭꦶꦁꦒꦶꦃ -- ꦭꦶꦭꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦤ꧀ linggih lelinggihan
4 ꦮꦂꦤꦶ -- ꦮꦮꦂꦤꦶ warni wewarni

6. Aksara sesigeg ora katut ing dwipurwa, kayata:

1 ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸ -- ꦭꦶꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸ lintu lelintu
2 ꦭꦚ꧀ꦕꦸꦂ -- ꦭꦭꦚ꧀ꦕꦸꦂ lancur lelancur
3 ꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ -- ꦊꦊꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ Lembut lelembut
4 ꦒꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ -- ꦒꦸꦒꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ grumbul gegrumbulan
5 ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦤ꧀ -- ꦭꦸꦭꦸꦩ꧀ꦧꦤ꧀ lumban lelumban
6 ꦥꦶꦤ꧀ꦝ -- ꦥꦶꦥꦶꦤ꧀ꦝꦤ꧀ pindha pepindhan

BAB 22 TEMBUNG DWILINGGA

[besut]

1. Sadurunge ngandharake tembung dwilingga, luwih dhisik panitra nedya mratelakake “sastralaku”, Jawa kuna “ çastralampah”

Apa ta sastra laku utawa çastra lampah iku ?

Sastra laku (çastralampah ) iku carane maca utawa carane ngucapake tembung apurwa aksara ꦲ kang dumunung ing saburine tembung kang wandane wekasan sigeg, sarana ꦲ iku diucapake kaya aksara sesigeging wanda iku; kajaba yen sesigege iku aksara ꦏ꧉ Tuladhane, kayata:

Panulise:

ꦩꦔꦤ꧀ꦲꦥꦼꦩ꧀ ꦮꦶꦯꦢꦸꦱ꧀ ꦲꦉꦦꦸꦢꦤ꧀

Pamacane kudu miturut sastra laku:

ꦩꦔꦤ꧀ꦤꦥꦼꦩ꧀ ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦢꦸꦱ꧀ ꦲꦉꦥ꧀ꦥꦸꦢꦤ꧀

2. Ing basa Jawa kuna ora mung pamacane bae sing kudu miturut çastralampah, uga panulise. Tuladhane, pethikan saka layang Bharatayuddha karangane Empu Sedah:

ꦲꦊꦥꦶꦏꦔꦸꦩꦃ (kaca 8), yen katulis Latin: Halep ikang umah = endahing omahe, endahing kedhatone.

ꦏꦢꦶꦤꦺꦠꦿꦤꦶꦔꦺꦴꦓꦫꦥꦸꦃ (kaca 9) Yen katulis Latin: Kadi netra ning ogha rapuh = kaya mripate wong kang nandhang susah dening lara asmara.

3. Saiki ngrembug bab sing pokok, yaiku tembung dwilingga.

a. Tembung dwilingga ora kena katulis nganggo angka 2, kayata:

ꦊꦩꦸꦊꦩꦸ꧈ ꦉꦥꦼꦠ꧀ꦉꦥꦼꦠ꧀ ꦊꦔꦸꦏ꧀ꦭꦼꦔꦸꦏ꧀꧈
Ora kena: ꦊꦩꦸ2꧈ ꦉꦥꦼꦠ꧀2꧈ ꦊꦔꦸꦏ꧀2

b. Tembung dwilingga kang linggane apurwa ꦲ lan wandane wekasan sigeg saliyane ꦏ pamcane miturut sastralaku nanging panulise ora.

Panulise:

ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ ꦲꦒꦸꦭ꧀ꦲꦒꦸꦭ꧀ ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ ꦲꦶꦕꦶꦥ꧀ꦲꦶꦕꦶꦥ꧀ ꦲꦶꦭꦶꦂꦲꦶꦭꦶꦂ꧈ ꦲꦁꦒꦁꦲꦁꦒꦁ꧉

Pamacane:

ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦤꦭꦸꦤ꧀ ꦲꦒꦸꦭ꧀ꦭꦒꦸꦭ꧀ ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦭꦺꦁꦒꦭ꧀ ꦲꦶꦕꦶꦥ꧀ꦥꦶꦕꦶꦥ꧀ ꦲꦶꦭꦶꦂꦫꦶꦭꦶꦂ꧈ ꦲꦁꦒꦁꦔꦁꦒꦁ꧉

Nanging:

ꦲꦥꦶꦏ꧀ꦲꦥꦶꦏ꧀ ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀

Ora kena diwaca:

ꦲꦥꦶꦏ꧀ꦏꦥꦶꦏ꧀ ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦏꦺꦤꦏ꧀ ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦏꦺꦱꦸꦏ꧀

BAB 23 TEMBUNG TJAMBORAN

[besut]

1. Tembung tjamboran (camboran) tugel utawa tjamboran wancahan panulise padha karo pakecapane, kayata:

ꦏ꧀ꦮꦼꦊꦩ꧀ Kwelem

ꦢꦸꦧꦁ dubang

ꦏꦏ꧀ꦏꦺꦴꦁ kakkong

ꦏꦺꦴꦔꦼꦭ꧀ kongel

2. Tembung jamboran wutuh, yen tembunge ngarep wandane wekasan sigeg saliyane ka tembunge sing buri apurwa aksara ha pamacane miturut sastra laku, nanging panulise ora.

Panulise: ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦲꦱꦼꦩ꧀ ꦲꦸꦫꦁꦲꦪꦸ ꦲꦪꦩ꧀ꦲꦭꦱ꧀ ꦲꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦱꦺꦴꦂ

Pamacane: kembang-asem urang-ayu ayam-alas andhap-asor

3. Tembung jamboran wutuh liyane, panulise padha karo pamacane, kayata:

ꦤꦒꦱꦫꦶ naga-sari

ꦏꦸꦥꦸꦠꦫꦸꦔ꧀ kupu tarung

ꦒꦸꦫꦸꦮꦶꦭꦔꦤ꧀ guru-wilangan

ꦱꦥꦸꦠ꧀ꦊꦩꦃ saput-lemah

ꦒꦸꦒꦸꦂꦒꦸꦤꦸꦁ gugur-gunung Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 24 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 25 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 26 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 27 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 28 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 29 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 30 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 31 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 32 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 33 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 34 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 35 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 36 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 37 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 38 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 39 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 40 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 41

BAB 42. PADHA UNINE, BEDA TULISANE

[besut]

1. Ing basa Jawa akeh wandane tembung kang padha unine, beda tulisane, kayata:

ꦏꦫ꧈ ꦏꦺꦴꦫꦶ꧉ kara, kori
Ing tembung loro iku, wanda ꦏ karo ꦏꦺꦴ padha unine sanajan bedha tulisane.
ꦲꦱꦶꦤ꧀ ꦱꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀꧈
Ing tembung loro iku, wanda ꦱꦶꦤ꧀ karo ꦱꦺꦤ꧀ iya padha unine sanajan bedha tulisane.
ꦥꦶꦏꦸꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦭ꧀꧈
Ing tembung loro iku, wanda ꦏꦸꦤ꧀ karo ꦏꦺꦴꦤ꧀ uga padha unine sanajan bedha tulisane.

2. Miturut tuladha ing dhuwur iku, wanda kang padha unine beda tulisane ana warna telu:

a. Wanda menga mawa aksara legena aswara jejeg, padha unine karo wanda menga mawa taling tarung aswara miring, kayata:

ꦧꦭ꧈ ꦧꦺꦴꦭꦸꦠꦥ bala, bolu
ꦩꦫ꧈ ꦩꦺꦴꦫꦶ mara, mori
ꦗꦭ꧈ ꦗꦺꦴꦭꦶ jala, joli
ꦮꦭ꧈ ꦮꦺꦴꦭꦸ wala, wolu
ꦏꦏ꧈ ꦏꦺꦴꦏꦶ kaka (tg. kakang), koki
ꦠꦥ꧈ ꦠꦺꦴꦥꦶ tapa, topi
ꦭꦫ꧈ ꦭꦺꦴꦫꦶ lara, lori
ꦏꦭ꧈ ꦏꦺꦴꦭꦸ kala, kolu
ꦫꦠ꧈ ꦫꦺꦴꦠꦶ rata, roti
lan sapanunggalane

b. Wanda sigeg aksara irung mawa suku aswara miring, padha unine karo wanda sigeg aksara irung mawa taling tarung aswara jejeg, kayata:

ꦥꦶꦏꦸꦤ꧀꧈ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦭ꧀ pikun, kontal
ꦚꦸꦫꦸꦔ꧀꧈ ꦫꦺꦴꦁꦒꦺꦁ nyurung, ronggeng
ꦭꦶꦩꦸꦤ꧀꧈ ꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦫ꧀ limun, moncer (pinter akeh sesurupane)
ꦔꦿꦸꦧꦸꦁ꧈ ꦧꦺꦴꦁꦒꦤ꧀ ngrubung, bonggan (tg. lupute dhewe)
ꦱꦧꦸꦤ꧀꧈ ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦤ꧀ sabun, bondhan (tg. araning joged)
ꦱꦸꦒꦸꦤ꧀꧈ ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦁ sugun (tg. kanthi gita utawa gupuh olehe nampani dhayoh), gondhang (tg. telak, gorokan; keyong gondhang = keyong gedhe)
ꦤꦩꦸꦁ꧈ ꦩꦺꦴꦁꦒꦁ namung, monggang (tg. araning gendhing)
ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈ ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ purun, rontek (tg. jinise gendera)
ꦥꦱꦸꦁ꧈ ꦱꦺꦴꦁꦏꦺꦭ꧀ pasung, songkel
lan sapanunggalane

c. Wanda sigeg aksara irung mawa wulu aswara miring, padha unine karo wanda sigeg aksara irung mawa taling aswara jejeg, kayata:

ꦲꦱꦶꦤ꧀꧈ ꦱꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ asin, sendhok
ꦧꦕꦶꦤ꧀꧈ ꦕꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ bacin, cendhol (tg. glintiran pathi onggok)
ꦲꦩꦶꦤ꧀꧈ ꦩꦺꦤ꧀ꦢ amin, menda
ꦪꦏꦶꦤ꧀꧈ ꦏꦺꦤ꧀ꦝꦁ yakin, kendhang
ꦠꦗꦶꦤ꧀꧈ ꦗꦺꦤ꧀ꦠꦺꦴꦭ꧀ tajin, jentol
ꦲꦔꦶꦤ꧀꧈ ꦔꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ angin, ngendhong
ꦧꦗꦶꦁ꧈ ꦗꦺꦁꦒꦺꦴꦠ꧀ bajing, jenggot
ꦏꦺꦴꦩꦶꦁ꧈ ꦩꦺꦁꦒꦺꦴꦏ꧀ koming, menggok
ꦥꦲꦶꦔ꧀꧈ ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ paing, enggal
lan sapanunggalane

BAB 43. PADHA TULISANE, BEDA UNINE

[besut]

1. Ing basa Jawa akeh wandane tembung kang padha tulisane, beda unine, kayata:

ꦏꦫꦺꦴ꧈ ꦫꦺꦴꦠꦶ꧉ kara, kori
Ing tembung loro iku, wanda ꦫꦺꦴ ing tembunge sing siji karo wanda ꦫꦺꦴ ing tembung sijine padha tulisane, nanging bedha unine. Wanda ꦫꦺꦴ ing tembunge sing ngarep aswara jejeg, ꦫꦺꦴ ing tembung sing buri aswara miring.
ꦢꦸꦫꦺꦤ꧀ ꦫꦺꦤ꧀ꦢ꧉ duren, renda
Ing tembung loro iku, wanda ꦫꦺꦤ꧀ ing tembunge sing siji karo wanda ꦫꦺꦤ꧀ ing tembung sijine padha tulisane, nanging bedha unine. Wanda ꦫꦺꦤ꧀ ing tembunge sing ngarep aswara miring, ꦫꦺꦤ꧀ ing tembung sing buri aswara jejeg.
ꦥꦲꦶꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ꧉ paing, inggih
Ing tembung loro iku, wanda ꦲꦶꦁ ing tembunge sing siji karo wanda ꦲꦶꦁ ing tembung sijine padha tulisane, nanging bedha unine. Wanda ꦲꦶꦁ ing tembunge sing ngarep aswara miring, ꦲꦶꦁ ing tembung sing buri aswara jejeg.
ꦱꦧꦸꦤ꧀ ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦱ꧀꧈ sabun, bundhas
Ing tembung loro iku, wanda ꦧꦸꦤ꧀ ing tembunge sing siji karo wanda ꦧꦸꦤ꧀ ing tembung sijine padha tulisane, nanging bedha unine. Wanda ꦧꦸꦤ꧀ ing tembunge sing ngarep aswara miring, ꦧꦸꦤ꧀ ing tembung sing buri aswara jejeg.
ꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁ꧈ ꦭꦺꦴꦁꦒꦂ꧉ bolong, longgar
Ing tembung loro iku, wanda ꦭꦺꦴꦁ ing tembunge sing siji karo wanda ꦭꦺꦴꦁ ing tembung sijine padha tulisane, nanging bedha unine. Wanda ꦭꦺꦴꦁ ing tembunge sing ngarep aswara miring, ꦭꦺꦴꦁ ing tembung sing buri aswara jejeg.

2. Miturut tuladha ing dhuwur iku, wanda kang padha tulisane beda unine ana warna 5, yaiku:

a. Wanda menga mawa taling tarung kang aswara jejeg lan kang aswara miring.

ꦏꦫꦺꦴ꧈ ꦫꦺꦴꦠꦶ karo, roti
ꦱꦲꦺꦴꦠꦺꦴ꧈ ꦠꦺꦴꦥꦶ saoto, topi
ꦕꦲꦺꦴ꧈ (ꦥꦿꦶꦁ)ꦲꦺꦴꦫꦶ cao, (pring) ori
ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦏꦺꦴ꧈ ꦏꦺꦴꦥꦶ tembako,kopi
ꦧꦼꦭꦺꦴ꧈ ꦭꦺꦴꦫꦶ belo, loji
ꦏꦼꦧꦺꦴ꧈ ꦧꦺꦴꦭꦸ kebo, bolu
ꦠꦺꦴꦏꦺꦴ꧈ ꦏꦺꦴꦭꦸ toko, kolu
ꦒꦺꦴꦕꦺꦴ꧈ ꦕꦺꦴꦧꦶ goco, cobi
ꦱꦮꦺꦴ꧈ ꦮꦺꦴꦭꦸ sawo, wolu
lan sapanunggalane

b. Wanda sigeg aksara irung mawa sandhangan taling kang aswara miring lan kang aswara jejeg.

ꦠ꧀ꦭꦠꦺꦤ꧀꧈ ꦠꦺꦤ꧀ꦝ tlaten, tendha
ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀꧈ ꦕꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ pancen, cendhol
ꦕꦼꦩꦺꦁ꧈ ꦩꦺꦁꦒꦺꦴꦏ꧀ cemeng, menggok
ꦏꦺꦁꦏꦺꦤ꧀꧈ ꦏꦺꦤ꧀ꦝꦁ kengken, kendhang
ꦢꦩꦺꦤ꧀꧈ ꦩꦺꦤ꧀ꦢ damen, menda
ꦥꦤꦺꦤ꧀꧈ ꦤꦺꦤ꧀ꦢꦿ panen, nendra
ꦢꦸꦫꦺꦤ꧀꧈ ꦫꦺꦤ꧀ꦢ duren, renda
ꦠꦺꦧꦁ꧈ ꦧꦺꦁꦏꦺꦴꦁ tebeng, bengkong

꧇ꦏꦸꦂꦱꦺꦤ꧀꧈ ꦱꦺꦤ꧀ꦛꦺ kursen, senthe

lan sapanunggalane

c. Wanda sigeg aksara irung mawa sandhangan wulu kang aswara miring lan kang aswara jejeg.

ꦥꦲꦶꦁ꧈ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃ paing, inggih
ꦪꦏꦶꦤ꧀꧈ ꦏꦶꦚ꧀ꦗꦺꦲꦼꦁ yakin, kinjeng
ꦧꦕꦶꦤ꧀꧈ ꦕꦶꦤ꧀ꦝꦶꦭ꧀ bacin, cindhil
ꦔꦼꦭꦶꦩ꧀꧈ ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦺ ngelim, limpe
ꦲꦱꦶꦤ꧀꧈ ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ asin, sinten
ꦪꦠꦶꦩ꧀꧈ ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ yatim, timbang
ꦏꦶꦫꦶꦩ꧀꧈ ꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀ kirim, rimbag
ꦧꦗꦶꦁ꧈ ꦗꦶꦁꦒ bajing, jingga
ꦥꦼꦏꦶꦁ꧈ ꦏꦶꦁꦏꦺꦴꦁ peking, kingkong
lan sapanunggalane

d. Wanda sigeg aksara irung mawa sandhangan suku kang aswara miring lan kang aswara jejeg.

ꦱꦧꦸꦤ꧀꧈ ꦧꦸꦤ꧀ꦝꦱ꧀ sabun, bundhas
ꦭꦸꦠꦸꦁ꧈ ꦠꦸꦁꦒꦏ꧀ lutung, tunggak
ꦲꦭꦸꦩ꧀꧈ ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦁ alum, lumpang
ꦔꦼꦠꦸꦩ꧀꧈ ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦼꦁ ngetum, tumpeng
ꦏꦭꦸꦁ꧈ ꦭꦸꦁꦏꦿꦲ꧀ kalung, lungkrah
ꦠꦶꦩꦸꦤ꧀꧈ ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ timun, mundhak
ꦱꦫꦸꦔ꧀꧈ ꦫꦸꦁꦏꦢ꧀ sarung, rungkad
ꦫꦕꦸꦤ꧀꧈ ꦕꦸꦤ꧀ꦛꦼꦭ꧀ racun, cunthel
ꦩꦸꦗꦸꦁ꧈ ꦗꦸꦁꦏꦠ꧀ mujung, jungkat
lan sapanunggalane

e. Wanda sigeg aksara irung mawa sandhangan taling-tarung kang aswara miring lan kang aswara jejeg.

ꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁ꧈ ꦭꦺꦴꦁꦒꦂ bolong, longgar
ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦁ lakon, kondhang
ꦥꦺꦴꦕꦺꦴꦁ꧈ ꦕꦺꦴꦁꦏꦿꦲ꧀ pocong, congkrah
ꦱꦫꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦏ꧀ saron, rontek
ꦊꦱꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦱꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦂ leson, sondher
ꦧꦧꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦤ꧀ babon, bondhan
ꦧ꧀ꦭꦁꦏꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺ blankon, kondhe
ꦩꦁꦒꦺꦴꦤ꧀꧈ ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦏ꧀ manggon, gondhek
ꦏꦺꦴꦥꦺꦴꦁ꧈ ꦥꦺꦴꦁꦒꦺ kopong, pongge
lan sapanunggalane

Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 44 Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 45

  1. ora ateges mawa aksara murda telu, sabab aksara swara iku dudu aksara murda.
  2. ​Sangkalan ateges taun 1735
  3. ​​jinise ula kang asirah loro. (Bisa uga saka tembung "dhohulu." Dho = ro, loro. Hulu = sirah. Dhohulu = sirah loro).
  4. Bab sastralaku (Jawa-kuna: Çastralampah) mriksanana katrangan bab 22