Menyang kontèn

Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 20

Saka Wikisumber

BAB 20 TEMBUNG LINGGA[besut]

1. Panulise tembung lingga ora kena ngrangkep aksara, kayata:

ꦢꦲꦤ dahana

ꦱꦽꦔꦺꦔꦺ srengenge

ꦊꦫꦶ leri

ꦧꦽꦔꦺꦴꦱ꧀ brengos

Ora kena katulis:

ꦢꦃꦲꦤ ꦱꦽꦁꦔꦺꦔꦺ ꦊꦂꦫꦶ ꦧꦽꦁꦔꦺꦴꦱ꧀

Sing nyebal: ꦠꦤ꧀ꦚ (tannya)

Manawa katulis ꦠꦚ, pakecapane wanda ing ngarep (wandane wiwitan) mesthi banjur kliru jejeg, sing benere kudu diwaca miring.

2. Endi sing kudu katulis nganggo pepet-layar, lan endi kang katulis nganggo keret?

a. Mung wanda wekasaning lingga kang katulis nganggo pepet – layar

ꦮꦢꦼꦂ wader

ꦧꦼꦤꦼꦫ꧀ bener

ꦱꦤ꧀ꦠꦼꦂ santer

ꦊꦩ꧀ꦥꦼꦂ lemper

ꦱꦼꦒꦼꦂ seger

b. Kang dudu wanda wekasaning lingga kang katulis ngango keret, ora kena nganggo pepet layar

ꦥꦽꦭꦸ prelu

ꦒꦽꦩ grema

ꦏꦽꦠꦼꦒ꧀ kreteg

ꦠꦽꦧꦁ trebang

ꦥꦽꦏꦸꦠꦸꦠ꧀ prekutut

c. Wandane tembung manca kang dicethakake, senajan dudu wanda wekasaning lingga, katulis nganggo pepet-layar, kayata:

ꦮ꦳ꦼꦂꦧꦤ꧀ asline: verband ꦮ꦳ꦼꦂꦒꦢꦿꦶꦁ asline: vergadering ꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀ asline: Gouvernement

d. Purwane lingga kang katulis mung nganggo layarbae (ora nganggo pepet-layar, ora nganggo keret), kayata:

ꦮꦂꦠ warta

ꦏꦂꦤ karna

ꦱꦂꦠ sarta

ꦮꦂꦤ warna

ꦢꦂꦩ darma

3. Manawa nunggal tembung, pasangan ca, ja ora kena katulis ana ing sangisore aksara na, kudu mnganggo ana sangisore aksara nya, kayata:

ꦭꦚ꧀ꦕꦶꦥ꧀ lancip

ꦩꦺꦚ꧀ꦕꦺꦁ menceng

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ banjur

ꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁ kancing

ꦏꦺꦚ꧀ꦕꦸꦂ kencur

ꦊꦚ꧀ꦕꦼꦁ lenceng

ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦂ slonjor

ꦒꦚ꧀ꦗꦶꦭ꧀ ganjil

Titikane nunggal tembung utawa ora, bisane katon Manawa katulis ing aksara Latin.

a. Nunggal tembung, yen katulis nganggo aksara Latin nunggal sagandhengan, kayata:

ꦗꦚ꧀ꦗꦶ janji

ꦗꦶꦚ꧀ꦗꦶꦠ꧀ jinjit

ꦥꦚ꧀ꦕꦶ panci

ꦭꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦁ lonjong

Manawa aksara sesigegeing wanda kang ngarep kudu dipangku uga kudu aksara nya dudu aksara na

aꦚ꧀ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀ anjlog oꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦁ onclang ꦩꦺꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦩꦺꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦺ mencla-mencle ꦏꦶꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦺꦴꦁꦏꦶꦚ꧀ꦕ꧀ꦭꦺꦴꦁ kinclong-kinclong

b. Ora nunggal tembung, yen katulis nganggo aksara Latin ora nunggal sagandhengan, kayata:

ꦗꦔꦤ꧀ꦕꦶꦥꦶꦂ Jangan cipir ꦥꦏꦤ꧀ꦗꦁꦏꦿꦶꦏ꧀ pakan jangkrik ꦥꦔꦤꦤ꧀ꦕꦸꦕꦸꦂ Panganan cucur

4. Wanda kang mawa panjingan ꦭ꧈ kang mawa sandhangan cakra utawa kang mawa sandhangan keret, ora kena kaulur didadekake rong wanda, kayata:

ꦧ꧀ꦊꦢꦸꦒ꧀ bledug

ꦏꦿꦸꦥꦸꦏ꧀ krupuk

ꦏꦽꦠꦼꦒ꧀ kreteg

ꦕꦿꦶꦮꦶꦱ꧀ criwis

ꦱ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦗꦺꦴꦂ slonjor

ꦱꦽꦒꦼꦥ꧀ sregep

mung yen ana perlune, kayata tumrap ing tembang, dienggo ngganepi guru wilanganing gatraning tembang, kena kaulur dadi:

ꦧꦊꦢꦸꦒ꧀ baledug

ꦏꦫꦸꦥꦸꦏ꧀ karupuk

ꦏꦉꦠꦼꦒ꧀ kareteg

ꦕꦫꦶꦮꦶꦱ꧀ cariwis

ꦱꦭꦺꦴꦤ꧀ꦗꦺꦴꦂ salonjor

ꦱꦉꦒꦼꦥ꧀ saregep

5. Wandane tembung kang mawa sandhangan pengkal, ora kena kaulur didadekake rong wanda, sanajan tumrap ing tembang:

ꦱꦺꦢꦾ sedya

ꦭꦒꦾ lagya

ꦏꦢꦾ kadya

ꦧꦒꦾ bagya

ꦱꦼꦠꦾ setya

Ora kena kaulur mangkene:

ꦱꦼꦢꦶꦪ sediya

ꦭꦒꦶꦪ lagiya

ꦏꦢꦶꦪ kadiya

ꦧꦒꦶꦪ bagiya

ꦱꦼꦠꦶꦪ setiya

6. Aksara Jawa ora kena nganti sungsun telu, mundhak ngebakebaki papan, mulane pasangan kang dumunung ana ing sangisoe aksara, ora kena ditrapi panjingan ꧀ꦭ utawa panjingan ꧀ꦮ (ꦮ gembung) Tuladhane:

ꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦊꦱ꧀ ambles

ꦗꦸꦩ꧀ꦧ꧀ꦊꦁ jumbleng

ꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦸꦏ꧀ gembluk

ꦩꦔꦤ꧀ꦏ꧀ꦮꦕꦶ mangan kwaci

ꦲꦤꦏ꧀ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ anak kwalon

Tumrap pasangan kang katulis jejer karo aksara kang dipasangi, ora ana pekewuhe ditrapi panjingan la utawa panjingan wa (wa gembung ). Tuladhane, kayata:

ꦕꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ cumplung

ꦠꦸꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦏ꧀ tumplak

ꦏꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁ kemplung-kemplung

ꦚꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦏ꧀ nyempluk

ꦩꦤꦸꦏ꧀ manuk

ꦱ꧀ꦮꦫꦶ swari

ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ pendhok

ꦱ꧀ꦮꦱ swasa

Cathetan: Tembung kang mawa wanda panjingan ꧀ꦮ (ꦮ gembung ), wanda iku kena diulur didadekake rong wanda, kajaba tembung kang mung sawanda. Tuladhane, kayata:

ꦏ꧀ꦮꦕꦶ꧈ kwaci

ꦏ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ kwalon

ꦱ꧀ꦮꦂꦒ swarga

kena diulur dadi:

ꦏꦸꦮꦕꦶ kuwaci

ꦏꦸꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ kuwalon

ꦱꦸꦮꦂꦒ suwarga

Nanging ꦢ꧀ꦮꦶ ora kena kaulur dadi: ꦢꦸꦮꦶ.

Apa tulisan ing ngisor iki bener?

ꦄꦩ꧀ꦧꦾꦃ Ambyah

ꦲꦩ꧀ꦧꦾꦂ ambyar

ꦲꦩ꧀ꦧꦾꦸꦂ ambyur

ꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦾꦺꦴꦏ꧀꧈ gombyok

Bener. Tulisan ing dhuwur iku ora ana aksara kang sungsun telu, sabab pengkal iku dudu aksara, nanging sandhangan, kalebu sandhangan wyanjana.

7. Tembung manca kang wandane wekasan menga lan legena aswara miring, wanda iku kudu katulis mawa wignyan. Tuladhane:

ꦄꦥ꦳ꦿꦶꦏꦃ Afrika

ꦌꦫꦺꦴꦥꦃ Eropa

ꦄꦩꦺꦫꦶꦏꦃ Amerika

Cathetan: Tembung “wathathitha” (tembung pangungun kata seru)) Manawa iku dianggep tembung manca (saka basa apa ? ꦦ꧀ꦩ꧀) kudu katulis aksara Jawa: ꦮꦛꦃꦛꦶꦛꦃ꧉ Nanging yen iku tembung Jawa (Tembung Jawa kang muncul anyar-anyaran), katulis tanpa wignyan, mangkene: ꦮꦛꦛꦶꦛ꧉

8. Tembung lingga 3 wanda:

a. Yen kabeh wandane menga, wanda kapindho lan katelu legena, sanajan pakecapane wanda kapisan mawa pepet, panulise tanpa pepet. Tuladhane:

ꦱꦒꦫ sagara

ꦢꦤꦮ danawa

ꦮꦠꦫ watara

ꦏꦠꦫ katara

b. Yen wandane kapisan lan kapindho menga legena, wandane kapisan sigeg aksara irung lan pakecapane mawa pepet, panulise wanda kapisan uga mawa pepet

ꦧꦼꦤ꧀ꦢꦫ bendara

ꦏꦼꦤ꧀ꦕꦤ kencana

ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ tembaga

ꦧꦼꦁꦒꦭ benggala

Sing nyebal: ꦥꦤ꧀ꦝꦮ꧉. Katulis ꦥꦤ꧀ꦝꦮ꧈ sabab tembung iku ateges ꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦦꦤ꧀ꦝꦸ꧉ Yen Katulis ꦥꦼꦤ꧀ꦝꦮ banjur ateges ꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦦꦼꦤ꧀ꦝꦸ mangka ora ana paraga wayang kang jenenge ꦦꦼꦤ꧀ꦝꦸ꧉

c. Tembung lingga 3 wanda liya-liyane, panulise wandane kapisan mawa pepet utawa ora miturut pakecapane . Tuladhane:

ꦱꦁꦱꦫ sangsara

ꦊꦤ꧀ꦠꦺꦫ lentera

ꦭꦩ꧀ꦥꦶꦠ lampita

ꦕꦼꦩ꧀ꦥꦸꦫꦶꦠ꧀ cempurit

d. Tembung manca 3 wanda kang wis rumasuk dadi tembung Jawa, panulise lan pakecapane miturut kedaling swarane ilat Jawa .

ꦩꦱ꧀ꦏꦥꦺ Asline: maatschapij
ꦒꦫꦱꦶ Asline: garage
ꦧꦒꦱꦶ Asline: bagage

9. Tembung lingga 3 wanda sing kramane mung ganti swarane sawanda utawa rong wanda, panulise wandane kapisan ing tembunge krama padha karo wandane kapisan ing tembunge ngoko.

ꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ ꦮꦠꦫ watawis watara

ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒꦶ ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦒ tembagi tembaga

ꦩꦤꦮꦶ ꦩꦤꦮ manawi manawa

ꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦱꦒꦫ saganten sagara

10. Panulise tembung yogyaswara, tembunge sing ngarep karo sing buri mung beda wandane wekasan. Tuladhane:

ꦧꦛꦫ ꦧꦛꦫꦶ bathara-bathari

ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱ ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱꦶ raseksa-raseksi

ꦲꦥ꧀ꦱꦫ ꦲꦥ꧀ꦱꦫꦶ apsara-apsari

11. Wandane tembung kang kaprungu mawa aksara wa sanajan mung mandaswara, aksara wa iku kudu ditulis, kayata:

ꦧꦸꦮꦤ buwana

ꦏꦸꦮꦱ kuwasa

ꦱꦸꦮꦫ suwara

ꦏꦸꦮꦺꦤꦶ kuweni

ꦏꦸꦮꦠ꧀ kuwat

ꦭꦸꦮꦏ꧀ luwak

ꦫꦸꦮꦼꦢ꧀ ruwed

ꦒꦺꦴꦮꦁ gowang

12. Wandane tembung kang kaprungu mawa aksara ya sanajan mung mandaswara, aksara ya iku kudu ditulis, kayata:

ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ rupiyah

ꦱꦶꦪꦁ siyang

ꦕꦿꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ criyos

ꦧꦺꦪ beya

ꦫꦺꦪꦺꦴꦒ꧀ reyog

ꦏꦺꦪꦺꦴꦏ꧀ keyok

ꦱꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ siyos