Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 11

Saka Wikisumber

BAB 11 AKSARA SWARA[besut]

1. Aksara swara iku sejatine mung ana lima, yaiku:

ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦎ꧈ ꦈ
ꦄ꧈ jenenge ꦄꦏꦫ unine a.
ꦆ꧈ jenenge ꦆꦏꦫ unine i.
ꦌ꧈ jenenge ꦌꦏꦫ unine e.
ꦎ꧈ jenenge ꦎꦏꦫ unine o.
ꦈ꧈ jenenge ꦈꦏꦫ unine u.
Ananging aksara
ꦉ jenenge ꦥ dicěrěk, dadi lelirune ꦫꦼ lan
ꦊ jenenge ꦔ dilělět, dadi lelirune ꦭꦼ
uga kalebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu.
Bab iku salaras karo kawruh sangkalan, tembung "swara" dianggep darbe watak wilangan pitu.
Wujude ꦔ dilělět iku dhek jaman biyen ꦔꦸꦹ꧈ lan kena dienggo pasangan dumunung ing sangisoring aksar. nanging sarehning wujude ꦔ dilělět ing jaman saiki ꦊ꧈ ora kena dienggo pasangan, supaya ora mujudake kaya aksara sungsun telu.

2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata:

1 ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ Agustus
2 ꦆꦧꦿꦲꦶꦩ꧀ Ibrahim
3 ꦌꦱ꧀ꦥꦿꦺꦱ꧀ Espres
4 ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ Oktober
5 ꦈꦱ꧀ꦩꦤ꧀ Usman
6 ꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ Inggris

3. Aksara swara ꦄ꧈ ꦆ꧈ ꦌ꧈ ꦎ꧈ ꦈ꧈ ora kena dadi pasangan. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara ꦉ dadine pasangan ◌꧀ꦉ katulis jejer karo aksara kang dipasangi; aksara swara ꦊ, dadine pasangan ◌꧀ꦭꦼ katulis ing sangisore aksara kang dipasangi; mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi.

1 ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀ Wulan April
2 ꦥꦏ꧀ꦆꦢꦿꦶꦱ꧀ Pak Idris
3 ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦎꦥ꧀ꦱꦶꦃꦠꦼꦂ Pangkat Opsihter
4 ꦩꦊꦩ꧀ꦉꦧꦺꦴ malem Rebo
5 ꦩꦱ꧀ꦈꦩꦂꦯꦆꦢ꧀ Mas Umarsaid [1]
6 ꦩꦔꦤ꧀ꦭꦼꦥꦼꦠ꧀ mangan lepet

4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara; mulane ora bener yen wong nulis:

ꦄꦶꦩꦩ꧀ benere kudu: ꦆꦩꦩ꧀ (Imam)
ꦄꦸꦩꦂ benere kudu: ꦈꦩꦂ (Umar)
ꦄꦺꦱ꧀ benere kudu: ꦌꦱ꧀ (Es)

5. Saweneh ana sing ngira manawa gunane aksara swara iku kanggo tata-prunggu utawa pakurmatan. Pangira mangkono iku ora bener, sabab yen wong nulis ꦌꦱ꧀ ꦄꦥꦿꦶꦭ꧀ ora ateges yen wong iku ngurmati marang es lan marang sasi April.

6. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sangsekerta “aksara” lumrahe mung katulis ꦲꦏ꧀ꦱꦫ꧉ Nanging manawa ditulis ꦄꦏ꧀ꦱꦫ ya ora luput.

  1. ora ateges mawa aksara murda telu, sabab aksara swara iku dudu aksara murda.