Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 10

Saka Wikisumber

BAB 10 AKSARA MURDA[besut]

1. Murda = sirah (Walanda: hoofd, Inggris: head)

Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda: hoofdletter, Inggris: capital).
Aksara murda iku satemene ORA ANA. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang DIANGGEP minangka aksara murda iku sejatine AKSARA MAHAPRANA, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik)

2. Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda) ana wolu, yaiku:

ꦟ꧈ ꦑ꧈ ꦡ꧈ ꦯ꧈ ꦦ꧈ ꦘ꧈ ꦓ꧈ ꦨ
Pasangane:
◌꧀ꦟ꧈ ◌꧀ꦑ꧈ ◌꧀ꦡ꧈ ◌꧀ꦯ꧈ ◌꧀ꦦ꧈ ◌꧀ꦘ꧈ ◌꧀ꦓ꧈ ◌꧀ꦨ
Aksarane lumrah:
ꦤ꧈ ꦏ꧈ ꦠ꧈ ꦱ꧈ ꦥ ꦚ ꦒ ꦧ
Aksara ꦕ ora ana murdane, nanging pasangane ana murdane, yaiku: ◌꧀ꦖ, nanging ing jaman saiki wis ora kanggo.
Aksara murda ꦘ ing jaman saiki uga wis ora kanggo. (Mriksanana layang Sarining Paramasastra Jawa kaca 121).

3. Aksara murda mung kanggo ing tata-prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda.

Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. Tuladhane, kayata:
I. ꦑꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦟꦤ꧀ꦦꦑꦸꦨꦸꦮꦟꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦑꦂꦡꦲꦢꦶꦟꦶꦁꦫꦠ꧀꧈
Kanjeng Susuhunan Paku Buwana ing Surakarta Hadiningrat.
II. ꦢꦺꦮꦶꦯꦶꦤ꧀ꦡꦥꦸꦠꦿꦤꦺꦥꦸꦠꦿꦶꦦꦿꦨꦸꦗꦟꦑꦫꦡꦸꦤꦒꦫꦩꦤ꧀ꦡꦶꦭꦶꦏꦒꦂꦮꦦꦿꦨꦸꦫꦩ꧉
Dewi Sinta putrane putri Prabu Janaka ratu nagara Mantili kagarwa Prabu Rama.

4. Saiki jaman demokrasi. Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane , katulis nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara burine; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata:

1 ꦢꦶꦦꦥꦿꦮꦶꦫ Dipaprawira
2 ꦦꦿꦮꦶꦫꦩꦂꦠꦪ Prawiramartaya
3 ꦧꦸꦒꦸꦫꦸꦟꦸꦂꦫꦠꦿꦶ Bu Guru Nurratri
4 ꦥꦏ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶ ꦄꦫꦶꦦꦶꦤ꧀ Pak Mantri Aripin
5 ꦩꦱ꧀ꦯꦸꦢꦂꦱꦤ Mas Sudarsana
6 ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦨꦸꦂꦲꦩ꧀ Raden Burham
7 ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦗꦼꦁꦑꦂꦠꦶꦤꦶ Raden Ajeng Kartini
8 ꦫꦱꦼꦏ꧀ꦱꦶꦡꦿꦶꦗꦛ Raseksi Trijatha

Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksara murda saanane ditulis kabeh, mangkene: ꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉