Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa/Bab 1

Saka Wikisumber

BAB 1. DENTAWYANJANA[besut]

1. Dentawyanjana ateges aksara untu (denta = untu, wyanjana = aksara) lumrahe ditegesi carakan yaiku urut-urutane aksara Jawa wiwit saka a tekan z cacahe rong puluh yaiku :

ꦲ꧈ꦤ꧈ꦕ꧈ꦫ꧈ꦏ꧈ꦢ꧈ꦠ꧈ꦱ꧈ꦮ꧈ꦭ
ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la,
ꦥ꧈ꦝ꧈ꦗ꧈ꦪ꧈ꦚ꧈ꦩ꧈ꦒ꧈ꦧ꧈ꦛ꧈ꦔ
pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga.

2. Aksara 20 ing dhuwur iku siji-sijine diarani aksara legena. (Jawa kuna lagna), tegese aksara wuda, tanpa sandhangan.

3. Miturut kedaling pakecapane , aksara 20 iku kena diperang dadi lima yaiku :

a. Aksara gorokan : ꦲ꧈ꦏ꧈ꦒ꧈ꦔ꧉
b. Aksara untu : ꦤ꧈ꦢ꧈ꦠ꧈ꦱ꧉
c. Aksara cethak : ꦕ꧈ꦗ꧈ꦪ꧈ꦚ꧉
d. Aksara ilat : ꦫ꧈ꦭ꧈ꦝ꧈ꦛ꧉
e. Aksara lambe : ꦮ꧈ꦥ꧈ꦩ꧈ꦧ꧉

Kejaba iku ana aksara kang diarani

f. Aksara irung : ꦤ꧈ꦚ꧈ꦩ꧈ꦔ꧉
g. Aksara luluh : ꦫ꧈ꦭ꧉
h. Aksara mandaswara : ꦮ꧈ꦪ꧉

4. Wujude aksara Jawa iku jejeg utawa dhoyong. Jejeg, lumrahe tumrap aksara cap-capan; dhoyong, tumrap tulisan tangan. Dhoyonge tulisan Jawa mangun pojok 60 grad.

5. Unine aksara Jawa ing sajroning carakan iku jejeg. Nanging yen ana ing sajroning tembung, unine aksara Jawa legena iku ana sing jejeg lan ana sing miring. Tuladhane :

a. Sing unine jejeg, kayata aksarane tembung-tembung ing ngisor iki :

ꦲꦥ ꦠꦩ ꦭꦫ ꦩꦠ ꦗꦪ ꦲꦤ ꦏꦤ ꦔꦥ

b. sing unine miring, kayata aksara ing purwane tembung-tembung telung wanda ing ngisor iki :

ꦗꦮꦠ ꦲꦏꦱ ꦕꦫꦏ ꦫꦮꦤ ꦮꦤꦫ ꦢꦲꦤ

Katrangan : Sing diarani uni jejeg utawa swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asale.

Tuladha : a tetep a : sapa, kana, mara, rasa, bala, bata, nala lsp.

Sing diarani swara miring yaiku swara sing wis owah saka asale.

Tuladha : a dadi ā : pāpān , pāngān, bārāng, sāwāng, pāsār lsp.