Tresnaku Rp 20.000.000,00

Saka Wikisumber
Murkane Ibu

[ 110 ]Tresnaku Rp20.000.000,00

Nuri Lusiana SMA Negeri 1 Kokap, Kulonprogo

kd

D iki aku seneng tenan, amerga aku duwe kanca anyar jenenge Adit lan Uncle. Aku biasa kekancan karo wong kuwi wektu Unclelan Adit dolan nangomahe Aunt. Paskuwi aku yo dolan neng- gone Aunt. Uncle kuwi pacarea Aunt, kancaku sing wis tak anggep mbakyu dewe. Nek ana apa-apa aku sok curhat karo Aunt, kosok balene Aunt yo sok curhat marang awakku.

Meh saben dina aku kepethuk Adit. Aku lan Adit dadi kanca akrab.

“Dur, ayo melu nang omahku wae, ben lengedhit foto isa kaya sing tok kerepke”. Adit ngajak aku nang omahe.

“Yow...yow...yow wis ayo mangkat ndak selak sore”. Jareku mbales Adit. Tekan omahe Adit, bapakne biasa wae gelem ngguyu karo awaku, anangging ibune mung meneng wae. Nangging kuwi mau orab tak gawe pikiran, amerga aku ora arep ketemu bapak ibune.

“Eh, Dit ibumu kok judes pol karo aku? Emange aku ngapa?” takonku karo Adit.

“Ora-ora, nyante wae biyen Upik lebih dijudesi dimatke kadi ndhuwur tekan ngisor. “ Balesane Adit.

“Lha emange Upik kuwi sapa?” Pitakonku.

“Upik kuwi pacarku, wonge saiki mbalik ning Bali.” balese Adit. Ya uwis akhire aku lan Adit ngrampungke ngedhit foto.

Uwisrong wulan aku kancanan akrab karo Adit, dilalah wektu tanggap warsane mbakyune nang ruang sebelah ana aku, Aunt, Uncle, Bara, Yuni lan Adit. Nang kono lagi padha omong-omong,

110 = Antologi Crata Cekak ee. [ 111 ]teka-teka Adit nyelani omong-omong nek dheweke seneng karo awakku. Awakku kemrutuk campur isin.

“Ayo Dur, piye kuwi ditampa wae dadi pacarmu.” jarene Aunt.

“Jawabane sesuk wae yow.” Aku ngomong karo Adit.

“Yo wisra papa kok, tak tunggu sesuk, nanginga tenanan sesuk kowe njawab aja mundur-mundur suwe.” jawabane Adit.

“Iya.” aku njawab Adit.

Esukke bali sekolah aku dipethukAdhit. Ananging awake- dhewe ora langsung bali, nangging mampir distrone kancane Adit.

“Piye jawabanmu?” Adit nakoni aku.

“Yawis lah awakedhewe pacaran.” Jawabku karo Adit.

Akhire aku lan Adit pacaran saka dina kuwi. Awal kuwi aku ngresa seneng, amerga aku bakal duwe wong sing njaga awakku. Wiwitan pacaran ayem tentrem. Aku diajak dolan neng ngendhi- endhi, disanding, ora oleh adoh saka dheweke. Ibune karo awakku wis apikan, ora jades meneh. Aku diagggep anakke dhewe. Malah nekaku dolan nangomahe sok digawekke sayur senennganku, nang kana aku dikon maem.

Uwis ana sangan gsasi aku pacaran. Yen ulang tahun dheweke ngenehi aku hadiah. Kosok balene, aku yo ngenei hadiah nek dhe- weke ulang tahun. Ananging aku wis ora betah, aku wis ra tau disan- ding, arang diajak dolan, Adit wis beda. Saiki kerep-kerepe aku sing nguripi wonge, ning endi-endhi aku sing ngetokke ndhuwit, amergo aku tresno marang dheweke, dadi ora tak pikir. Adit ngajak dolan aku sing dhuwiti. Adit kepengen apa-apa aku sing nukoke. Saiki wonge malah sibuk dhewe karo baskete. Saben dina basket. Aku karo Adit jarang ketemu. Enthek-enthek ane aku nang ngendi- endi karo Adek kancaku sekolah. Aku curhat karo Adek, urip karo adek, susah seneng karo Adek.

“Uwis Dur, diputus wae, mbangane kowe mung anyel.” Adek omong karo awakku.

“Lha aku ora tegel karo Adit. “Aku nyauri Adek. Ora let suwe kancane Adek teka jenenge Yayan. Aku lan dheweke ngobrol, omong- omongan. Aku dadi akrab karo Yayan. Aku sok dolan karo Adek lan Yayan.

Ndilalah bocah-bocah kelasku nganaake dolan bareng nang Ketep, ananging padha ora ngerti dalane. Aku arep ngajak Adit nanging wonge sibuk karo baskete.

> “Murkane Ibu” ee 111 [ 112 ]“Dur ngajak Yayan wae!”Jare Adek.

“Ya wis ora apa-apa”. Jawabanku.

Akhire sido ngajak Yayan. Aku mangkat karo Yayan lan kanca- kanca. Nang kana aku seneng, foto-foto, guyon lan nyeneng-nye- nengke ati.

Wulan pasa aku dodolan sup buah karo Adek lan kanca-kanca. Nang kana aku karo Adek diewangi Yayan. Nek Adit liwat, mesti ana Yayan. Yen ana aku mesthi ana Yayan. Aku luwih kerep dolan karo Yayan lan Adek, mbangane aku dolan karo Adit. Adit jarang ana wektu kanggo ngapeli aku.

Amergo aku kerep dolan karo Yayan, Adit sms Yayan akon ora nyeraki aku. Saploke kuwi aku ra tau kepethuk Yayan meneh. Saploke kuwi hubunganku aro Adit ora akur, anane padu lan mung nangis.

Saiki aku karo Adit uwis mlaku siji setengah taun, saiki aku ya uwis ora betah maneh neruske hubungan iki. Akhire tak wanek- wanekke, tak tegel-tegelke ngomong putus. Yo uwis aku ra ana hubungan maneh karo Adit, garek hubungan kanca. Kanca-kancaku seneng, sansaya keluargaku. Amerga aku ora disetujoni pacaran karo Adit, soale beda agama. Siji setengah tahun hubunganku karo Adit ora oleh restu, putus. Pangorbananku sia-sia, ananging aku seneng.

Lebar aku putus karo Adit, aku curhatmarang Adek lan kanca- kanca sekolahku, ana Pethok, Hohok, lan Cimol. Sawise ngrungokke curhatku, Pethok jupuk buku.

“Wis gek ngomong, apa wae barang sik tok wenehke Adit?” takone Pethok.

“Ho,o kuwiapa wae yuk diitung bareng-bareng!” kanca-kanca liyane melu nanduki.

“Akeh, ana HP, boneka, topi, clana. Ah... Okeh lah,” Jawabku. FEnthek-enthekane dipanta-panta karo Pethok, ditulis nang buku.

“Topi telungatus skeket ewu, clana satus sangan puluh ewu, njuk apa wae mau?” Pethok ngedumel dhewe.

“Kowe ki dhangapa kok malah kenthir, sing rugi aku kok sing ribut kowe kabeh.” Omonganku.

“Ya ora apa-apa Dur, jajal kowe enthek pira sasuwene iki karo Adit.” Adek nyambung,

BI > Antologi Crita Cekak ee [ 113 ]Dhuwit- dhuwit dienggo tuku HP, dienggo madhang, nukokke Adit bensin, clana, topi, nyaur utange Adit lan liya-liyane ditulis lan dijamlah karo Pethok.”

Jadi semua totalnya dua puluh juta rupiah ya mbak.” Omonge Pethok nganggo logat bahasa Indonesiane.

“Hwahahahaha...haha ....ha ...!!!!” kanca-kanca padha

ngguyu kabeh.

“Mosok okeh tenan?” takonku karo Pethok.

“Lha pancen semene iki kok, malah ngenyang barang. Kapok!! Biyen salahmen gelem.” Pethok nyauri aku.

“Halah Dur, kok goblok tenan to kowe? Mendhing-mendhing kowe karo aku wae! Hahahahaha ...” Hohok nyambung,

“Hm, sak karepmu dha muni apa” Panyanggahku.

“Wah cintaku rongpuluh yuta, hahahahaha......” Pethok nanduki.

“Hahahahaha, bener !!!” bocah-bocah padha ngguyu.

3

Nuri Lusiana, lairing Kulon Progo, 1 Asustus 1993, siswa SMA Negeri 1 Kokap, Jalan Jambon, Hargorejo, Kokap, Kulon Progo, agamane Islam, omahe ana ing Sindon, Hargorejo, Kokap, Kulon Progo, nomer hapene 085743143860, kesenengane mlaku-mlaku,


> “Murkane Ibu” ee 113