Surup

Saka Wikisumber
Kangen Sekolah
[ 37 ]
Surup
Dening: Nevia Audya Putri (9A)

Angin kang tumiyup
Langit kulon kang wiwit peteng
Swarane ombak kang teka lunga
Kahanan laut kang ngresepake ati
Wektu sore kang tansah dianti-anti
Srengenge kang alon-alon sumingkir
madhangi donya
Ngganti wernane angkasa
Endah ing panyawang
Manuk kang mabur bali
Menyang susuhe dadi pratandha
Wektu sore sedhela meneh kudu dipungkasi