Menyang kontèn

Sial

Saka Wikisumber
Murkane Ibu

[ 18 ]Sial

Wahyuningsih SMA Muhammadiyah Wates, Kulonprogo

kd

iyah lagi bingung, merga entuk sms. Ana bocah lanang sing

pengin kenalan. Dheweke penasaran. Walah, jebule kanca se-

kolahane. Dheweke ora ngira, kancane sing jenenge Duta, bisa duwe nomere.

“Dhik, wis arep bali pa?”

“Durung, mengko ndhisik, aku lagi arep njupuk hp.”

“Padha, aku iya arep njupuk hp sing di-razia mau.”

Sakwise njupuk hp, Diyah bali. nanging, ora ketemu kancane mau. Tekane ngomah, Diyah ngaso sinambi mangan lan ngombe. Dhasar awake kesel, Diyah bubar mangan keturon ana ing kasur.

Diyah nglilir kaget, uceg-uceg mripat terus mbukak lawang,

“Eh, Mas Duta, ta? Kapan le tekan kene, Mas?” Diyah kaget nde- leng Duta.

“Lagi entas, Dhik. Diyah lagi ngapa?” wangsulane Duta.

“He, he, he, aku lagi wae tangi turu Mas. Kene, kene mlebu Mas. Kok tumben Mas Duta gelem dolan mrene? Sajake ana sing wipati banget ya Mas?” pitakone Diyah.

“Ngene lho Dik, iki yen Dhik Diyah gelem lo. Aku kok pengin banget ngajak Dhik Diyah dolan. Lha kira-kira Dhik Diyah gelem apa ora?” pitakone Duta karo rada ndhredheg,

“Eeeee, iya Mas, aku gelem, wong ya lagi ora ana tugas kelas kok. Ning tak adus dhisik ya, Mas, enteni sedhela wae ya.” semaure Diyah karo mesem.

18 = Antologi Crata Cekak ee. [ 19 ]Sakwise Diyah rampung adus lan wis dandan, Diyah banjur pamitan yen arep dijak dolan karo Duta.

Wektu Diyah lunga karo Duta, dheweke weruh kancane Duta sing lagi kebanan ana ing pinggir dalan.

“E, Mas, mbok ditulungi kancane dhewe kae, mesakake motore lagi kebanan.” kandhane Diyah karo njawil Duta.

“Wegah Dhik, aku lagi males.” semaure Duta karo sajak nesu.

“Mbok ya aja ngono ta Mas, mesakake nek kancane sampeyan nyurung montor tekan bengkel tambal ban dhewekan.” kandhane Diyah. “Iya, iya Dhik. Aku tak nulungi kancaku dhisik ya. Dhik Diyah nunggu ana kene. Mengko tak balik mrene maneh.” “Ya gek cepet Mas, nanging ya aja suwe-suwe lo Mas, mengko ndak aku kaya bocah ilang,” “Iya, iya Dhik. Wis, nunggu ana kene wae, yen ana apa-apa Dhik Diyah SMS wae.” Sakwise Duta tekan bengkel, dheweke banjur methuk Diyah.

“Lho kok cepet banget Mas, ngeterke tekan bengkel ora mau Mas?” “Lha ya tak terke tekan bengkel, ndilalah mung cedhak kono ana bengkel.”

“Ooo ngono ta, la saiki awake dhewe arep menyang ngendi Mas?” pitakone Diyah.

“Yamung mubeng-mubeng wae, sing penting bisa boncengan karo Dhik Diyah.” kandhane Duta karo njiwit lengene Diyah.

Diyah banjur lungguh anaing montore Duta. Montore Duta ban- jur diuripake. nagging wis dislah bola-bali kok mmesine ora gelem urip blas. Duta tetep nguripake mesin montore, nganti kringete gumrobyos.

“Piye Mas, macet ya?” pitakone Diyah.

“Iya ki, embuh kok ndingaren, mau wae ora apa-apa kok.” semaure Duta karo sajak rikuh karo Diyah.

“Dhuh piye iki Dhik, la mau Dhik Diyah ndadak njaluk aku nu- lungi kancane sih, dadine montore dadi macet.” kandhane Duta.

“Nah, ya kaya ngene iki Mas, sajake Mas Duta mau ora ikhlas ya nulungi kancene dhewe mau?” pitakone Diyah.

“Mbok aja ngawur Dhik, aku ki ya ikhlas tenan mau!” semaure Duta sajak rada nesu.


> “Murkane Ibu” ee 19 [ 20 ]“Lho, kok nesu Mas, ora wis, aku mau mung guyon kok.” Omong mangkono Diyah karo ngepuk-epuk gegere Duta.

“Wah, aku dadi mesakake karo Dhik Diyah ki, dolan sepisan wae kok ya apes tenan, ndadak macet barang montore.” kandhane Duta.

“Ngene wae mas, mau rak cedhak bengkel ta, wis saiki digawa ana bengkel kana wae.” ajake Diyah marang Duta.

“Lha apa kowe gelem mlaku tekan bengkel pa Dhik?” pitakone Duta.

“Ya gelem ra gelem kudu gelem ta Mas, wis ayo ndang mlaku anaing bengkel.”

Bocah sakloron terus mlaku bareng, Duta nuntun sepedha mon- tore, Diyah mlaku anaing mburine Duta. Ora letsuwe, Duta lan Diyah wis tekan ana ing bengkel sing mau nambal ban montore kancane.

Tekan bengkel, kebeneran bengkele ya lagi sepi. Duta banjur masrahake montore supaya dibenakake.

“Suwe ora ya Mas, aku didukani ora ya yen lunga suwengene iki?”

“Ya paling sedhela Dhik, wong paling ya mung busine wae kok.” kandhane Duta.

“Yen suwe, apa aku tak bali dhisik wae pa MasDiyah.

“Walah Dhik, ora suwe wis ta, sabar ya, aku mengko tak matur mbakyumu wis.” kandhane Duta.

Ora suntara wektu, montore Duta wis bisa diuripake maneh. Sakwise mbayar wragad marang bengkel, montore wis siyap ditum- paki.

“Wis Dhik, ayo bali. Kene gek mbonceng!”

Diyah banjur mbonceng montore Duta. Mlakune montor saiki wis ngidit mlayu kepenak. Wayah wis rada peteng, srengenge wis angslup. Dalan dadi rada peteng. Nanging, durung nganti tekan omahe Diyah, lampu montore Duta pedhot.

“Adhuh Dhik, lampune montor mati! Wah ora bisa weruh dalan ki!” kandhane Duta karo gugup.

“Wah jan apes tenan Mas, piye ki Mas?” pitakone Diyah.

“Apuranen aku ya Dhik, dadi isin tenan aku.” kandhane Duta karo rada isin-isin.

“Mulane Mas, sesuk maneh yen Mas Duta arep ngajak dolan aku, mbok ya ditiliki ndhisik montore, dicek mesine lan liya-liyane. dadi ora nganyelke ati kaya ngene iki.” kandhane Diyah.

20 = Antologi Crita Cekak ee [ 21 ]“Nggih, nggih den nganten!” semaure Duta karo sajak mesem.

“Wis, saiki mandheg neng kene dhisik, tak gantine lampune nganggo lampu serep ana ing ngisor jok iki, sabar ya Dhik.”

Duta banjurmbukak jok montore. banjur ndandani lampu mon- tore. Ora suwelampune wis bisa murub maneh. Bocak sakloron ban- jur boncengan maneh tumuju ana ngomahe Diyah.

Nalika tekan ngomah, Diyah isih rada jengkel amarga montore kancane rewel.

“Wis Dhik, saiki wis tekan ngomah, saku tak langsung pamit ya, nuwun banget wis pelem tak jak dolan.”

“Ya Mas, ngati-ati ya, muga-muga montore ora macetmaneh.” semaure Diyah.

“Ooo, ya Dhik. Sesuk mangkat sekolah dak ampiri ya, bareng aku wae?” kandhane Duta.

“Iya Mas, nanging janji ya montore ora macet maneh.”

Iya Dhik, mas Janji. Wis ya aku pamit.”

Duta banjur pamitan terus nguripake mesin montore, sabanjure bali ana ngomahe. Atine marem banget bisa ngajak dolan Diyah.

Esuke Duta wis teka mruput banget saperlu ngampiri Diyah mangkat sekolah. Duta lungguh ana kursi ngarep omahe. Ora let suwe, Diyah uga wis siyap arep mangkat sekolah.

“Wis suwe Mas le ngenteni?” pitakone Diyah.

“Ya durung Dhik, lagi wae teka kok.”

“Yawisayondang budhal, mengko selak kawanen, sapa ngerti montore macetmaneh.” kandhane Diyah terus nyengklak ana bon- cengan.

“Tenang Dhik, montore ora bakal macet maneh, awake dhewe ora bakal kawanen lan telat tekan sekolahan.”

Diyah lan Duta banjur mangkat tumuju ana sekolahane. Ana ing dalan sakloron padha gegojegan.

“Piye Dhik, wis kepenak ta montore?” kandhane Duta karo sajak bangga banget.

“Iya, iya. Pancen ya ngleter tenan yen montore lancer ya Mas?” “Ya siapa dulu ta Dhik, Mas Duta sing duwe montor kepenak.” kandhane Duta nggaya banget.

Lagi wae tekan tengah-tengah antarane omahe Diyah karo sekolahan, lakune montore kok rada gliyat-gliyut. Duta banjur midak rem. Monore mandheg,


= “Murkane Ibu” ee 21 [ 22 ]“Lho ana apa Mask ok mandheg?” pitakone Diyah.

“Mengko dhisik Dhik, kok bane gliyat-gliyut ya? Wah aja-aja bane ki!” Duta medhun saka montore terus niliki ban montore.

“Wah ya aja dadi atimu Dhik, ban gembos je.” kandhane Duta.

“Haaaa? Gembos?” Diyah rada kaget.

“Iya Dhik, jan apes kok ora entek-entek ya Dhik. Piye ki Dhik?” pitakone Duta.

“Wis ngene wae Mas, mumpung isih ana wektu. Montore di- tipake wae anaing omahku, wong ya durung adoh banget, kepriye Mas?” ajake Diyah.

“Ya wis yen mangkono idemu. Aku mung manut wae.”

Dutalan Diyah banjurmlaku. Duta nuntun montore sajak sayah banget. kringete gumrobyos. Sragam sekolahe dadi teles kabeh kebak kringet Tekan omahe Diyah, montore banjur ditipake marang mbakyune Diyah. Sakwise iku, Diyah lan Duta banjurmlaku menyang sekolahan.

“Ayo rada cepet sithik mlakune Mas, selak telat ki awake dhewe. Lakune bocah sakloron dicepetake ben ora telat mlebu seko- lah.

Duta lan Diyah wis tekan ana ing sekolahane. nanging sakloron rada bingung amarga sekolahane kok wis sepi, sajake murid-murid liyane wis padha mlebu ana ing kelase dhewe-dhewe.

“Wah telat ki Mas, lha wis sepi ngene je Mas.”

“Iya Dhik, paling wis dha mlebu ana kelas ki.”

“Wah nek ngono aku dak cepet-cepetmlebu kelas Mas, mengko mundhak didukani karo Bu Guru.”

“Iya Dhik, wis gek ndang mlebu kelas kana.”

Diyah lan Duta banjur padha mlebu kelase dhewe-dhewe. Tujune ora didukani karo gurune wong ya ora suwe le telat.

Bel anaing sekolahan wis muni pratandha sekolahan wis entek jam pelajaran. Diyah nngenteni Duta. sakwise Duta teka, sakloron banjur mlaku bareng tumuju ana ngomahe Diyah. Karo mlaku Diyah kandha marang Duta.

“Mas, sampeyan ki aneh, mosok duwe montor kok ora bisa ngrumat sih? Mbuh rusak mesine, mati lampune, nggembos bane, piye to Mas?” kandhane Diyah.

“Ya jenenge wae lagi sial Dhik. Ya ana-ana wae.” semaure Duta.


22, = Antologi Crita Cekak ee [ 23 ]“Mengkonjenengan aja lali, montore disservice sing apik tenan, ya Mas?”

“Iya, iya Dhik, ning sesuk dolan maneh ya?” ajake Duta.

“Uuukh.... ke ....sel dheh yen mung entuk sial, sial, lan sial!” kandhane Diyah nggresula amarga jengkel nanging sajak karo mesem manis banget karo njiwit tangane Duta.

ek

Wahyuningsih, lair ing Kulon Progo, 9 Maret 1993, sekolah ing SMA Muhammadiyah Watrs, Kedunggong, Wates, Kulon Progo, telepon (0274) 4774646, agamane Islam, omahe ana ing Sebokarang, triharjo, Wates, Kulon “| Progo, nomere hape 081808060985, kesenengane maca, | olah raga, dan ngrungokake musik.


= “Murkane Ibu” ee 238