Menyang kontèn

Serat Rangsang Tuban

Saka Wikisumber

꧋ ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦁꦱꦁꦠꦸꦨꦤ꧀

꧋ ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦫꦁꦱꦁꦠꦸꦨꦤ꧀ ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶ
ꦥꦸꦤ꧀ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦠꦸꦨꦤ꧀ ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦱꦁ
ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃꦏꦸꦯꦸꦩꦱꦂꦠꦯꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦦꦡꦶ
ꦲꦟꦺꦴꦩ꧀ꦮꦂꦰꦏꦸꦯꦸꦩ꧈ ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦩꦠ꧀ꦠꦶꦁ
ꦕꦫꦶꦪꦪꦺꦴꦱ꧀꧈ ꦥꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ ꦮꦺꦢ꧀ꦝꦥꦫꦪ꧈
ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦩꦤ꧀ꦤꦼꦃꦓꦸꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦭꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀
ꦏꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶ
ꦏꦶꦦꦢ꧀ꦩꦯꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿ꧈

ꦠꦶꦪꦁꦩꦂꦢꦶꦏꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦂꦱꦸꦢꦶꦏꦱꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿꦤ꧀ꦗꦮꦶ
ꦲꦶꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈
ꦤꦭꦶꦏꦠꦲꦸꦤ꧀ ꧇꧑꧙꧐꧐꧇
꧋ ꦏꦲꦼꦕꦪꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦼꦕꦥ꧀ꦥꦤ꧀ N.V. ꦧꦸꦢꦶꦲꦸꦠꦩ
ꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈
꧇꧑꧙꧑꧒꧇

Serat Rangsang Tuban

Serat Rangsang Tuban, nyariyosaken lalampahanipun
pangéran kakalih ing Nagari Tuban,
ajujuluk Sang Pangéran Warih Kusuma
sarta Sang Pangéran Adipati Anom, Warsa Kusuma,
ngantos satamating cariyos.
Peṭikan saking Serat Wédḍaparaya,
anggitanipun Empu Manehguna ing Nagari Lamongan,
kaanggit déning Ki Padmasusastra,

Tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi
Ing Surakarta,
Nalika taun 1900
Kaecap wonten ing pangecapan N.V. Budi Utama
Ing Surakarta
1912.


꧋ꦲꦶꦁ​ꦤꦒꦫꦶ​ꦠꦸꦧꦤ꧀ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁ​ꦤꦠꦧꦶꦤꦛꦫ꧈​​ꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸ​ꦱꦶꦤ꧀ꦢꦸꦥꦠꦶ꧈​​ꦲꦒꦼꦁ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ​​ꦲꦤꦔꦿꦺꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦲꦠꦱ꧀ꦲꦔꦶꦤ꧀ ꦲꦶꦁ​ꦧꦮꦃ​ꦲꦔꦶꦤ꧀ ​​ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦲꦔꦼꦭꦂ​ꦗꦗꦃꦲꦤ꧀ ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦫꦶꦁ​ꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦺꦧꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦗꦒꦢ꧀ ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦱꦩꦶ​ꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦱꦩꦮꦶꦠ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦭꦪꦤ꧀ꦏꦒꦼꦧꦒ꧀ꦲꦶꦁ​ꦥꦼꦫꦁ꧈​​ꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶ​ꦲꦩ꧀ꦧꦛꦫ꧉​


​꧋ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦤꦼꦔꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ ꦩꦶꦭ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦥꦫ​ꦲꦧ꧀ꦢꦶ​ꦱꦩꦶ​ꦲꦸꦭꦃ​ꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤꦶꦁ​ꦏꦮꦿꦸꦃ​ꦥꦼꦫꦁ꧈​​ꦲꦗꦶ​ꦗꦪ​ꦏꦮꦶꦗꦪꦤ꧀ ꦏꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦤꦸꦫꦒꦤ꧀ ꦱꦩꦶ​ꦠꦼꦒꦸꦃ​ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦠꦼꦝꦱ꧀ꦠꦥꦏ꧀ꦥꦭꦸꦤꦶꦁ​ꦥꦤ꧀ꦝꦺ​ꦱꦶꦱꦤꦶꦁ​ꦒꦸꦫꦶꦤ꧀ꦢ꧈​​ꦭꦶꦩ꧀ꦥꦢ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦮꦺꦏ​ꦱꦸꦒꦶꦃ​ꦒꦼꦭꦂ​ꦥꦤꦶꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦁ​ꦱꦠꦿꦸ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦚꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦩꦼꦁꦱꦃ꧈​​ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦺꦥ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦧꦾꦸꦲꦏꦭꦮꦼꦫꦶꦠ꧀ ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦮꦼꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦥ꧀ꦥꦶꦁ​ꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤ꧀ ꦏꦱꦸꦢꦶꦫꦤ꧀ꦱꦂꦠ​ꦏꦮꦼꦒꦤꦶꦁ​ꦥꦱꦁ​ꦒꦼꦭꦂ​ꦮꦲꦸ:​ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦩꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁ​ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦱꦩꦶ​ꦏꦮꦼꦁꦏꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦗꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶ​ꦠꦸꦧꦤ꧀꧈​


​꧋ꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦱꦔꦁ​ꦢꦱ​ꦱꦔ꧈​​ꦤꦔꦶꦁ​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦏꦏꦭꦶꦃ​ꦱꦩꦶ​ꦏꦏꦸꦁ꧈​​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦼꦥꦸꦃ​ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦒꦂꦮ​ꦥꦔꦽꦩ꧀ꦧꦺ​ꦠꦸꦫꦱꦶꦁ​ꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧈​​ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦩ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦱꦸꦩ꧈​​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦲꦤꦺꦩ꧀ꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦒꦂꦮ​ꦥꦢ꧀ꦩꦶ​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁ​ꦫꦠꦸ꧈​​ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦩ​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦂꦱ​ꦏꦸꦱꦸꦩ꧈​​ꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦒꦶꦤꦝꦁ​ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶ​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈​​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ​ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦫꦤ꧀ ​​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃ​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ꧈​​ꦱꦂꦠ​ꦲꦗꦿꦶꦃ​ꦲꦱꦶꦃ​ꦤꦫꦶꦩꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦼꦮꦼꦁꦏꦸꦤꦶꦁ​ꦥꦿꦗ꧉


​꧋ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦲꦤꦺꦩ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤ​ꦱꦲ​ꦫꦸꦩꦼꦁꦏꦸꦃ​ꦲꦒꦼꦁ​ꦒꦸꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ​ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈​​ꦩꦶꦭ​ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦥꦠꦶ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦼꦩꦺꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈​​ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦮꦼꦁꦏꦸ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ꧉​


꧋ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦶꦉꦤ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦲꦔꦸꦤꦶꦁꦔꦤꦶ​ꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦥꦸꦠꦿ​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦸꦭꦸꦂꦫꦤ꧀ ꦲꦕꦶꦥ꧀ꦠ​ꦧꦝꦺ​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦺꦏꦭ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦝꦸꦩꦮꦃ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦥꦸꦠꦿ:​ꦧꦶꦭꦶꦃ​ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦠꦼꦥꦼꦠ꧀ꦱꦸꦕꦶ꧉​


​꧋ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦥꦶꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀꧇꧕꧐꧇​​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ​ꦪꦸꦱ꧀ꦮ​꧇꧗꧕꧇​​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦝꦁ​ꦒꦼꦫꦃ​ꦱꦫꦶꦫ​ꦱꦢꦪ꧈​​ꦱꦁ​ꦤꦠ​ꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦺ​ꦥꦸꦥꦸꦠ꧀ꦪꦸꦱ꧀ꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦥꦸꦠꦿ​ꦱꦩꦶ​ꦲꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦢꦒꦤ꧀ꦱꦩꦶ​ꦲꦔꦸꦗꦸꦁꦔꦶ​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦱꦂꦠ​ꦱꦩꦶ​ꦭꦫ​ꦏꦫꦸꦤ​ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦤꦺꦠꦾꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦱꦮꦁ​ꦏꦸꦤꦂꦥ꧈​​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏ​ꦭꦶꦫꦶꦃ:​ꦏꦸꦭꦸꦥ꧀ꦱꦏꦫꦺꦴꦤꦺ​ꦒꦼꦫꦃ​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦏꦪ​ꦮꦸꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫ​ꦮꦭꦸꦪ​ꦢꦺꦤꦶꦁ​ꦲꦸꦱꦢ꧈​​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦸꦩꦼꦏ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦠꦶ꧈​​ꦱꦶꦫ​ꦱꦏꦫꦺꦴꦤꦺ​ꦢꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦱꦥꦸꦁꦏꦸꦫꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃ​ꦱꦩꦶ​ꦕꦫꦺꦴꦕꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦩꦥꦠ꧀ꦭꦗꦼꦁ​ꦱꦺꦢ꧈​​ꦠꦔꦶꦱ꧀ꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁ​ꦥꦸꦫ꧈​​ꦱꦁ​ꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ​ꦱꦂꦠ​ꦥꦫ​ꦒꦂꦮ​ꦥꦔꦽꦩ꧀ꦧꦺ​ꦱꦩꦶ​ꦉꦩ꧀ꦥꦸ​ꦲꦶꦁ​ꦒꦭꦶꦃ​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦃ​ꦲꦶꦁ​ꦫꦏ​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦕꦺꦴꦥ꧀ꦭꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦠꦾ​ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​​


​꧋ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦏꦭꦶꦃ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦩꦠꦃ​ꦧꦧ꧀ꦲꦸꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦶꦁ​ꦭꦪꦺꦴꦤ꧀ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦥ꧀ꦠ꧈​​ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦭꦗꦼꦁ​ꦏꦲꦁꦏꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦪꦤ꧀ꦥꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧈​​ꦏꦱꦫꦺꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦲꦱ꧀ꦠꦤ​ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦫ​ꦭꦸꦭꦸꦲꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​​


​꧋ꦠꦶꦝꦼꦩ꧀ꦩꦶꦁ​ꦥꦿꦗ​ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀꧇꧗꧇​​ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦱꦸꦩ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ​ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦥꦠꦶ​ꦮꦂꦱ​ꦏꦸꦱꦸꦩ​ꦏꦲꦁꦏꦠ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ​ꦱꦸꦮꦂꦒꦶ꧈​​ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦩꦮꦶ​ꦥꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ​ꦱꦂꦠ​ꦩꦮꦶ​ꦏꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦥꦫ​ꦫꦠꦸ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁ​ꦤꦠ꧈​​ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦫꦶꦁ​ꦲꦱ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦱꦲꦶꦫꦶꦧ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦩ꧈​​ꦥꦶꦏꦼꦏꦃꦲꦶꦁ​ꦥꦿꦗ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦁꦒꦸꦭꦁꦔꦶꦁ​ꦩꦸꦁꦱꦸꦃ​ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ​ꦤꦩꦸꦁ​ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦱꦸꦩ꧉​


​꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦮꦫꦶꦃ​ꦏꦸꦱꦸꦩ​ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦩꦮꦶ​ꦏꦿꦩ꧈​​ꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦕꦁꦔꦤ꧀ꦱꦁꦏꦤꦶꦁ​ꦠꦶꦩꦸꦂ​ꦏ‌ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦏ꧀ꦱꦤꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦧꦶꦧꦶ꧈​​ꦏꦭ​ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁ​ꦢꦶꦮꦱ꧈​​ꦱꦥꦸꦤꦶꦏ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦺꦝꦺꦁ​ꦧꦶꦫꦲꦶ꧈​​ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦧꦝꦺ​ꦔ꧀ꦭꦩꦂ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ‌ꦉꦢ꧀ꦢꦶ꧈​​ꦥꦩꦶꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦪꦶ​ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ꧈​​ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸ​ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁ​ꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦒꦼꦱꦁ​ꦩꦮ​ꦏꦿꦩ꧈​​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦭꦁꦏꦸꦁ​ꦥꦺꦂꦭꦸ​ꦲꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦮꦼꦭꦶꦁꦔꦶꦁ​ꦏꦏꦶ​ꦱꦁ​ꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ​ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦢ꧀ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦲꦶꦭꦁꦔꦤ꧀ ꦪꦺꦤ꧀ꦥꦶꦤꦕꦁ​ꦱꦁꦏꦤꦶꦁ​ꦭꦫꦺ​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦁ​ꦮꦽꦱ꧀ꦠꦶ​ꦱꦸꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁ​ꦲꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦩꦸꦢꦭ꧀ ꦥꦠꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁ​ꦲꦺꦤ꧀ꦢꦁ​ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦧꦶꦧꦶ꧉​


​꧋ꦱꦁ​ꦥꦿꦧꦸ​ꦱꦉꦁ​ꦩꦶꦝꦔꦼꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ​ꦧꦝꦺ​ꦥꦭꦏꦿꦩ​ꦱꦏ​ꦭꦁꦏꦸꦁ​ꦥꦶꦉꦤ​ꦲꦶꦁ​ꦥꦁꦒꦭꦶꦃ꧈​​ꦭꦗꦼꦁ​ꦲꦝꦝꦮꦸꦃ​ꦏꦂꦱ​ꦔꦠꦼꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁ​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ​ꦫꦏ​ꦱꦁ​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ ꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦁ​ꦮꦽꦱ꧀ꦠꦶ​ꦝꦠꦼꦁ​ꦲꦶꦁ‌ꦉꦢ꧀ꦢꦶ꧈​​ꦠꦶꦪꦁ​ꦱꦥꦿꦗ​ꦲꦺꦴꦠꦺꦂ​ꦱꦩꦶ​ꦠꦠ​ꦠꦠ꧉​​

Ing Nagari Tuban, wonten ingkang Jumeneng Natabinaṭara, ajujuluk Prabu Sindupati, ageng karatonipun, angrèhaken para ratu ing atas angin, ing bawah angin, Sang Prabu tansah angelar jajahan, misuwuring asmanipun angébekti jagad, para ratu sami suyud samawita boten kalayan kagebag ing perang, anggepipun sami ambaṭara.

​Sang Prabu nengenaken kaprawiran, mila ingkang para abdi sami ulah kasampurnaning kawruh perang, aji jaya kawijayan, kadigdayan lan kanuragan, sami teguh timbul, boten wonten ingkang teḍas tapak paluning panḍé sisaning gurinda, limpad ing wiwéka sugih gelar paningkeping satru sekti boten kanyanan ing mengsah, sumerepipun sampun kasèp kalebet ing byuhakalawerit, angèl wenganipun, kontaping kaprawiran, kasudiran sarta kaweganing pasang gelar wau: adamel mirising para ratu ingkang dèrèng sami kawengku ing jajahanipun Nagari Tuban.

​Garwanipun Sang Prabu sangang dasa sanga, nanging putranipun namung kakalih sami kakung, ingkang sepuh mijil saking garwa pangrembé turasing Panḍita, kaparingan nama Radèn Warih Kusuma, ingkang anèm miyos saking garwa padmi putraning ratu, kaparingan nama Radèn Warsa Kusuma, punika ingkang ginaḍang anggentosi Karatonipun ingkang Rama, Radèn kakalih rukun anggènipun saduluran, Radèn sepuh sanget momong ḍateng ingkang rayi, sarta ajrih asih narimah ing pandum ingkang sampun dados leresipun jumeneng Pangèran Ageng dados wewengkuning praja.

​Radèn anèm sanget tresna saha rumengkuh ageng gunganipun ḍateng ingkang raka prasasat ḍateng ingkang rama, mila jumenengipun Pangéran Adipati boten adamel kemèronipun ḍateng ingkang rama, saking ingkang rayi rumaos kawengku ḍateng ingkang raka.

Sang Prabu sanget pirena ing galih hanguningani rukunipun ingkang putra anggènipun saduluran, acipta baḍé boten wonten sambékala ingkang ḍumawah ḍateng putra: bilih Sang Prabu sampun murud ḍateng tepet suci.

Jumenengipun Sang Prabu antawis pikantuk 50 taun dumugi yuswa 75 taun nanḍang gerah sarira sadaya, Sang Nata karaos baḍé puput yuswanipun, ingkang putra sami ingandikan, wonten ing dagan sami angujungi sampéyanipun ingkang rama sarta sami lara karuna sumerep nétyanipun ingkang rama sampun asawang kunarpa, Ingkang rama angendika lirih: kulup sakaroné gerah Ingsun kaya wus ora waluya déning husada, Ingsun bakal kumeka ing pati, sira sakaroné dibecik sapungkuringsun, Sang Pangéran tansah sami carocosan, Sang Prabu mapat lajeng sèda, tangis gumuruh salebeting pura, Sang Pramèswari sarta para garwa pangrembé sami rempu ing galih koncatansih ing raka kados coploking sosotya saking embanan.

Sang pangéran kakalih lajeng matah bab upakartining layon, boten dangu sampun samapta, Sang Prabu lajeng kaangkataken kalayan pakurmatan ageng, kasarékaken ing astana nunggil para luluhuripun.

Tiḍeming praja antawis 7 dinten, karsanipun Sang Pangéran Warih Kusuma ingkang rayi Sang Pangéran Adipati Warsa Kusuma kaangkat jumeneng ratu anggentosi ingkang rama suwargi, kalampahan mawi pakurmatan ageng sarta mawi kajenengan para ratu ingkang nunggil jaman kaliyan Sang Nata, misuwuring asmanipun Sang Prabu sahirib lan ingkang rama, pikekahing praja ingkang dados tanggulanging mungsuh sekti namung Sang Pangéran Warih Kusuma.

Kacariyos Sang Pangéran Warih Kusuma dèrèng mawi krama, kagungan pacangan sangkaning timur kaleresan ḍèrèkipun naksanak piyambak saking bibi, kala samanten dèrèng diwasa, sapunika sampun nèḍèng birahi, karsanipun Sang Pangéran baḍé nglamar ḍateng ingredi, pamit ḍateng ingkang rayi Sang Prabu, nyariyosaken karsanipun wau punika, awit boten namung wajibipun ingagesang mawa krama, ingkang langkung perlu angèstokaken piwelinging kaki Sang Panḍita ingkang sampun murud ḍateng ing jaman kailangan, yèn pinacang sangkaning laré kaliyan Ènḍang Wresti sutaning umbul mudal, patutan saking Éndang saḍèrèking bibi.


Sang Prabu sareng miḍanget yèn ingkang raka baḍé palakrama saka langkung pirena ing panggalih, lajeng aḍaḍawuh karsa ngateraken piyambak ing tindakipun ingkang raka Sang Pangéran, meṭuk Ènḍang Wresti ḍateng ingredi, tiyang sapraja oter sami tata-tata.