Serat Nitisruti

Saka Wikisumber

Dhandhanggula[besut]

Sinom[besut]

1.[besut]

  • Tyas kumlungkung kumawagya,
  • luwih maning lamun uwis,
  • munggwing luhuring turangga
  • ngembat watang numbak siti
  • katon èstanya kadi,
  • kurang mungsuhing ngapupuh,
  • anyadèraken kuda,
  • mamprung alok cerik-cerik,
  • kang mangkana mung samono notoging prana.

2.[besut]

  • Dhapur amerang langenan,
  • para tandang nyanyampahi,
  • tandha candhula-candhala,
  • mumawawa angarani,
  • sabar mring liyan janmi,
  • tan wruh lamun dhèwèkipun,
  • katon ing jerihira,
  • angucira nora wani,
  • kang mangkana iku tingkah tan prayoga.

3.[besut]

  • Yoga kaki singkirana
  • tingkah kang saru kaeksi,
  • nulada para sujana
  • myang sarjana kang nimpuni,
  • ngambar gandané wangi,
  • apan ta uwus kasebut,
  • ana ing layang wacan,
  • caritané kyana patih
  • ri sang Koja jajahan lan sri Naréndra.

Delengen uga[besut]