Sekar

Saka Wikisumber
Kangen Sekolah
[ 40 ]
Sekar
Dening : Tetania tasya S.P (9A)


Tansah ayu...
Kayata ratu...
Rupamu kang werna - weni
Dadi seneng ati iki
Sumilir bayu
Anggawa arum wangimu
Wangi nganti narik kupu
Kupu kang ayu
Wingi nganti narik tawon
Kang ana ewon
Kayata lintang
Kasebar ing antariksa
Wujudmu kang endah
Kasebar ing jenggala
Nanging isih bakal alum
Sekar...