Pitulung:Konfigurasi aksara Jawa ing XKB

Saka Wikisumber

XKB inggih punika piranti alus kagem nata tata panggèning (layout) keyboard ing Linux. Piranti alus punika limrahipun sampun kapasang ing sistem operasi Linux, dados awakipun piyambak kantun ngothak-athik konfigurasinipun saperlu nggantos keyboard aksara Latin dhateng aksara Jawi.

XKB wonten kakiranganipun, boten saged nata kalih karakter Unicode ing setunggal tombol. Mila panjenengan kedah ngagem tombol 'e' (ꦺ) kaliyan tombol 'o' (ꦴ) saperlu ndamel sandhangan swanten 'o' (ꦺꦴ). Tata panggèn ingkang dipunagem inggih punika Natāksara wohing Konggrès Aksara Jawa ing Ngayogyakarta.

  1. Damel barkas mawi nami jv
    Sumangga ndamel barkas jv ing /usr/share/X11/xkb/symbols mawi hak aksès root. Lajeng isi barkasipun kaliyan kodhe ing kaca Pitulung:Konfigurasi aksara Jawa ing XKB/jv.
  2. Ambali konfigurasi xkb-data
    $ sudo dpkg-reconfigure xkb-data
    
  3. Ngagem keyboard aksara Jawa

    Sapunika panjenengan sampun saged ngagem tata panggèning keyboard aksara Jawa mawi préntah:

    $ setxkbmap jv
    

    Bokbilih panjenengan kapéngin mangsulaken dhumateng tata panggèning keyboard aksara Latin, caranipun kados mekaten:

    $ # pijet tombol Alt tengen (right Alt) saperlu ngetik ngagem aksara Latin.
    $ setxkbmap us -variant ""
    

Manawi panjenengan wonten pitaken babagan konfigurasi XKB ing Linux, kula aturi rembagan dhateng Parembugan Pitulung:Konfigurasi aksara Jawa ing XKB.