Pinter, Minteri (Ratri Primadiati)

Saka Wikisumber
Kidung Megatruh

[ 78 ]PINTER MINTERI

Ratri Primadiati

Bagus kerep ngguyu dhewe ndelok polahe rewange kang kembar, Tuti lan Tati amarga yen omong-omongan mesthi keri-kerine kerengan. Kaya wektu subuh kuwi, Bagus ora sengaja krungu Tuti lagi omong- omongan karo Tati

“Ti, Tati... mesakake Ibu, ya?” jare Tuti. “Ana apa?” Tati sing lagi marut kambil katon ora patio nggatekake. Bagus mepetake awake ing tembok dheweke pengen ngerti apa kang arep diomongake wong kembar kuwi.

“Kuwi, pesenan panganane saiki lagi sepi...”

“Oh, iya.”

“Ibu saiki lagi mbutuhake duit akeh kanggo mbayar sekolah Mas Baguslan Mbak Suci...””Iya, ya...”

Tuti mbesengut nyawang sedulur kembare kang mung nonton iklan ing TV. Banjur Tuti nguncalake serbet mambu kang mentas dienggo ngelap wajan neng raine Tati.

“Tati, tampanana iki!” mangkono mbengoke Tuti. Tati gelagepen banjur muring-muring, Tuti mung bisa nyengir. Bagus ngguyu nyekakak nganti orarumangsa yen Ibu wis jumeneng ing sandhinge.

“Ngapa kowe, Gus. Kaya kucing ngincer iwak asin?” Bagus kaget banjur noleh. “Eh, Ibu. Menika nembe nedha roti.” Ibu banjur tindhak tumuju pawon. “Wong ngelih kok nganggo nginjen barang. Wis sholatsubuh durung?” “Sampun, Bu.”

Tuti lan Tati kang ndelok Ibu teko banjur mandheg olehe muring- muring lan nerusake pagaweane. Ibu nyawang rewange kaya-kaya arep ngendika nanging abot. Tati kang apal nyawang pakulinane Ibu banjur takon.

“Wonten menapa, Bu? Badhe dhawuh menapa?”Ibu mesem radha kapeksa banjur ngendika. “Nggg, iya. Ngene iki, Tuti, Tati...Ibu arep ngendika...”“Nggih dhawuh kemawon, Bu.”Ibu nyedaki Tuti lan Tati. [ 79 ]“Mbokmenawa kowe wis ngerti yen saiki pesenan panganan lagi sepi.” Tuti lan Tati ora semaur.

“Njalari olehku entuk duit sethithik,”

“Lajeng?” oyake Tuti. “Aduh, Ibu ora bisa ngendikake. Iki ndadekake Ibu prihatin.” “Bu, ngendika kemawon. Mboten sisah tedheng aling-aling,” ujare Tati. ”Dadi...dadi kepeksane aku kudu ngelongi salah siji ing antarane kowe sakklaran. Kanggone Ibu abot lan sumedot kudu pisah ing antarane kowe, nanging Ibu ora kuatnyangga.”

Tuti lan Tati kaget banget kaya-kaya mentas ana bledheg kang cerak marang dheweke. Wong loro mau banjur kumecap bebarengan.

“Bu, kula mboten saged pisah! Menawi sampun mboten dipunkersakaken, sedaya dipunlereni kemawon.”Ibu meneng. Bingung. Bagus kang isih nguping gela banget krungu omongan Tuti, Tati, lan Ibu banjur dadi melu-melu bingung. Padahal mau pas nguping, karepe kan arep golek seneng. Karo sebel lan sirah mumet mikirake kahanan kuwi, Bagus mlaku tumuju kamare. Luwih becik tata-tata adhus, banjur mangkat sekolah.

Bali sekolah, Bagus lan Suci ameh bareng olehe tekan omah, Kahanan ing jaba pas kuwi pancen panas, gawe ngorongan garing. Ameh bebarengan wae Bagus lan Suci mbengok ngundang si kembar Tuti lan Tati arep kongkonan gawe esjeruk.

“Tutiii, Tatiii...gawekna es jeruuuk!” bengoke Bagus lan Suci sinambi lungguh ing lincak. Ibu metu nggawa rong gelas es jeruk. Bagus lan Suci ndomblong.

“Ingkang dipuntimbali Tuti lan Tati, kok Ibu ingkang medal?” Ibu menehake gelas es jeruk marang Bagus lan Suci. Banjur ngendhika, “Tuti lan Tati wis ora nyambut gawe ing kene maneh... "Bagus lan Suci kang lagi ngombeesjeruk banjur keselek.

“Pesenan panganan lagi sepi dadi Ibu ora duwe duwit maneh kanggo mbayar wong loro. Sakdurunge Ibu njaluk salah sawijining wae mandheg nanging jarene wong loro kae ora bisa dipisahake.” Bagus lan Suci banjur ora kepenak ngrungokake kabar kuwi. Bagus lan Suci mung bisa ngematke Ibu mesakake. Tanpa ngenteni rasanan anak-anake, Ibu banjur nerusake pagaweane ing pawon. Suci ngematke Bagus kang isih meneng. [ 80 ]Adhine kuwi pancen wis krungu kedadean mau esuk, nanging ora ngira masalahe bakal segedhe iki. Suci banjurnyusul Ibu ing pawon.

“Nembe ndamel menapa, Bu?” pitakone Suci. “Roti pisang. Kebeneran wit gedhang mburi omah wis mawoh, dadi Ibu gawe roti wae. Gelem?” Ibu menehi siji roti saka piring. Suci ngicipi lan banjur kesengsem.

“Wah, eco, Bu. Pripun bilih roti-roti menika dipunsade kemawon?”

“Ah, arep didol neng endi?”

“Wonten sekolah kemawon. Kengken Bagus mbeta roti-roti menika. Mesti laris, kok. Lare-lare sekolah kan remen jajan sedaya!” Ibu manthuk-manthuk.

“Bener banget. Ning apasi Bagus gelem?”

“Babagan menika Suci kemawon ingkang atur!”

Suci banjur nemoni Bagus kang isih ndomblong ing omah ngarep. “Gus, aja ndomblong terus. Awake dhewe kudu ngewangi Ibu. Dadi sesuk kowekudu dodol roti gawean Ibu ing sekolah!”Bagus kaget.

“Menapa? Nyaderoti? Roti menapa?” “Aja kakehan takon, pokoke kowe, wong lanang kudu ngewangi Ibu golek duit. Oke?” Bagus saya ndomblong.

Sakjane Ibune ora ameh kongkonan Bagus dodolan, utawa Suci ngewangi gaweroti. Kanggo Ibune, pagawean bocah-bocah kuwi sinau. Lan kuwi wis cukup abot, ora perlu maneh ditambahi karo urusan golek duwit. Nanging amarga Suci maksa, kuwatir ora ana duit maneh kanggo blanja, mula subuh-subuh, pas si pitik jago kluruk, ibune wis nggugah Bagus sinambi nyangking kranjang.

“Gus, iki roti kang kudu mbok dol! Ibu wis lek-lekan sewengi nggaweroti-roti iki!” Bagus gelem ora gelem kudu nampa.

Esuk-esuk ing sekolah, Bagus ora wani langsung mlebu lewat regol ngarep. Bagus isin nggawa kranjang roti. Kaya ibu-ibu wae. Dheweke banjur celingak-celinguk sinambi mlebu liwat lawang cilik ing sanding sekolah. Bocah-bocah kang lagi teka, padha ndomblong ndelokakesi Bagus.

Lagi mbesengut dimatke bocah-bocah, ngerti-ngerti Ayu teka. Bocah kang ditaksir Bagus. [ 81 ]”Eh, lagi ngapaki?”

“Eh, anu...anu...ro-ro-ro00...”

“RoroJonggrang?”

“Oh, dhudhu. Iki aku sengaja nggawa roti kanggo kowe kok...”

Bagus kelingan yen roti kuwi kanggo didol, dhudhu gratis. Tapi Bagus leleh- luweh. Malah banjur menehake roti-roti kuwi marang Hana. Ayu seneng banget dipawakakeroti. Banjur ngicipi.

“Enak banget, kepriye yen aku gawa ing kelas kanggo dibagi-bagi marang kanca-kanca? Oleh ora?”“Oleh, Oleh. Gawa wae!”

Bubar sekolah, wektu srengenge lagi panas-panase madangi bumi, Bagus kesel banget ora semangat mlaku ing trotoar. Kaya biyasane, Bagus mlaku dhewe. Dheweke ora wani bali, amarga wedi diseneni Ibune. Bagus ngupayakake golek ide, nanging mentok terus. Lagi sedhih-sedhihe, ngerti- ngerti saka sebrang dalan teka Mas Hari, tepungane biyen.

“Eh, Mas Hari?”

“Bagus, ya? Kowe ameh ing endi, Gus? Kok nggawa kranjang barang?””“Eh, anu...mau dikengkeng blanja kalihan Ibu. Mas Hari piyambak badhe dhateng pundi?””Ah, aku ora ameh ing endi-endi. Aku ora nduwe tujuan, Gus. Mumet. Saiki aku wis ora nyambut gawe maneh. Mulane yen bisa ewangana aku, Gus. Aku gelem wis pagawean apa wae.”

“Saestu, Mas?”

“Temenan, Gus. Aku gelem pagawean apa wae. Aku mung butuh papan ngeyup lan mangan sajroning telung sedina. Tulungi aku, Gus.” Bagus bingung. Kepriye cara nulung Mas Hari iki? Ngerti-ngerti wae dhewekeentuk ideapik.

“Eh, Mas, kepriye yen nyambut gawe neng omahku dhisik? Ngewangi Ibu neng pawon. Nanging kanggo wiwitane mungkin ora dibayar dhisik...” “Pawon? Mesthineakeh panganan?”

Tanpa mikir suwe, Mas Hari banjur setuju. Bagus uga ngajak Mas Hari menyang omahe. Tekan omah, Suci methukake Bagus kanthi mesam- mesem.

“Wah, kayanelaris kabeh rotine, ya, Gus? Untung gedhe?” Bagus ora nggatekake mbakyune, banjur dheweke ngomong marang ibune [ 82 ]kanglagi nanggung ngedhuk liwetan.

“Bu, tepangaken. Menika Mas Hari, Bu.” Mas Hari manthuk hormat marang ibune Bagus. Nanging Suci banjur duwe firasat elek. Dheweke ngerti banget adat si Bagus yen duwe salah. Seneng ngenggokake omongan. Suci banjur narik Bagus ing pojok ruangan tengah, ora lali ibune ugamelu digeret.

“Gus, kowedurung mangsuli pitakonanku!”

“Bab menapa?” Bagus etok-etok ora ngerti.”Bab bathen dodolan roti!” Ibune uga dadi pengen ngerti. “Ho-o, Gus, apa rotine entek kabeh?”Bagus manthuk. Suci sumringah. “Hebat, kowe. Kowe pancen duwe bakat dodolan. Terus duite endi? Wenehake Ibu lo!” “Artane ugi telas. “Suci lanibune mendelik.

“Entek?”

“Nggg, kenging niki, Bu. Bab arta menika, sakleresipun wonten sesambetanipun kaliyan Mas Hari. Sedaya duit dodolan roti kangge mbayar Mas Hari nyambut damel ing ngriki.” “Nyambut gawe neng kene?” ibu kaget.”Inggih.

Bagus melas yen Ibu mboten kagungan rewang. Yen Mas Hari, kan sregep. Ibu mboten sisah sayah-sayah malih. Piyambakipun saged umbah- umbah, ngepel, mbeneraken gendheng, dolanan sulap, pokokipun murakabi sedaya, lah. Lan kalih wulan menika mboten digaji amargi sampun kula bayar ngangge arta bathen roti!”Ibune isih arep ora terima manging Bagus kanthi licikke memelas maneh,

“Kula mboten tegel nyawang Ibu tumadang damel piyambakan. Mangke Ibu gerah, lho!” Ibune bingung nganti wusanane setuju. “Nah, sesukjatahe Mbak Suci kang mbeta roti ing sekolah!” jare Bagus seneng.

Ratri Primadiati siswa SMAN 7

Jalan: MT Haryono47, Yogyakarta.

Telepon (0274) 377740.

Lair23 April 1991. Alamatomah, Onggobayan 106A, RT.02, Jalan: Wateskm. 3,5, Ngestiharjo, Kasihan, Bantul 55182. Telepon (0274) 617051.

Hobi: maca.