Pangorbanan

Saka Wikisumber
Lintang Biru
[ 69 ]

SEPTIANA MUNDIARNATI

SMP Negeri 2 Bantul

Pangorbanan

Ibu........
Wiwit kuncung nganti gelungku
Sliramu satya ngrumat awakku
Sanajan rekasa jiwa lan raga
Nanging sliramu ora tau lena

Rina wengi sliramu andedonga
Nyenyuwun marang Gusti kang kuasa
Supaya uripku tansah santosa
Ora tau nemoni cintra