Pakulinan ing Dina Riyaya

Saka Wikisumber
Sandhal Goreng

[ 79 ]Pakulinan Ing Dina Riyaya

Chusnindyah Sri Nastiti

a A

Dina riyadin utawa riyaya tumrapku lan keluargaku dadi dina kang nyenengake. Bapakku asale saka kampung ing tlatah Purworejo, prenahe ing desa Kroyolor kecamatan Kemiri kabu- paten Purworejo Jawa Tengah, kira-kira 65 km saka Jogja, yen numpak kendaraan dewe merlokake wektu siji setengah jam.

Wis dadi kabiyasan ing keluwargaku menawa Riyaya pada mulih kampung ing Purworejo, sungkem marang eyangku ka- kung putri. Sak purnane sholat Idul Fitri kabeh pada ngumpul sajroning omah kabeh pada lenggah sila mirengake wejangane eyang kanggo putra wayah dalah para sanak kadang liyane kang, pada melu ngumpul. Wasiate eyang kanggo aku lan kabeh para sedulur, kamas, adik,paman, bulik,pakde lan bude intine kepiye caranenata urip kang prasaja tumrap bebrayan agung ana tengahe masyarakat, lan kepiye carane pada ngupaya cita-cita kanggo ma- sa depan kanthi dalan kang benerlan diberkahi Gusti. Pangandi- kaneeyang tansah tak ugemi tak pundhi lan tak dadekake pusaka tumrap uripku.

Yen tak pikir, aku iki kalebu wong kang begja amarga isih bisa mirengake wejangane eyang kang isine pituturluhur. Sanajan saben dina tansah mirengake apa dhawuheromo lan ibu, nanging pangandikane eyang nambahi manteping atiku lan keyakinanku anggone nggayuh masa depan.

Putra wayahe eyang yen ngumpul cacahe ana meh satus, ka- lebu keluarga gede ana kampung. Ana sing mapan ing Jakarta,

ma 709 [ 80 ]

Bandung, Pekalongan, Bogor lan Ngayojo. Dina Riyoyo tansah takimpi-impi amarga menawa dina riyoyo aku bisa ketemu kabeh sedulurku yo putra-putrane paklik, pakdelan kabeh kerabat kang mapan ana kiwo tengene daleme eyang.

Sawise acara sungkeman cukup banjur diterusake sungkem marang para leluhur kang ana kampung, bebarengan pada mlaku anjur sowan daleme pinisepuh pindhah-pindhah nganti tekan wayah sore. Dina kapisan bada biyasanerasane kesel amarga sak wisenindakake siam iing wulan ramadhon nutug sak wulan, ana dino riyoyo tansah disuguh panganan kang maneka warna, ora krasa kabeh dijajal sithik sithik nanging tekan wayah sore rasane wetenge krasa tuwuk lan ora kepenak, mula yen sore banjur pada leyeh-leyeh maneh ana daleme eyang karo guyon lan geguneman

aro kabeh sedulurku. Pakulinan mudhik iku kebak kasenengan lan gawe mong- oging atiku lan kabeh sedulurku, mula rasane sajrone setahun tansah ngarep-arep tekane dina riyoyo. Suwene ana kampung jasane nganti pitung dina. Nganti dina kapitu kabeh isih pada ebarengan manggon ana daleme eyang. Yen tekan wancine pada pisah bali menyang omahe dhewe-dhewe rasane sumedot lan se- dih, nganti okeh sing pada nangis amarga arep pisah karo sedulur abeh. Adi-adiku sing isih cilik-cilik biasane pada ora gelem kon- dur ana omahe dhewe-dhewe karepe isih pada kepingin tansah bebarengan guyon,oyak-oyakan, dolanan bebarengan. Nanging wektu ora kena disuwolo, amarga tugas lan kewajiban kabeh ku- du kondurana daleme dhewe-dhewe kendhati rasa sedih tangsah anglimputi ana jroning ati.

Sawijining dina sajrone aku pada ngumpul ana dalemeeyang, aku diajak mlaku-mlaku kliling kampung ndelok kahanan sawah lan tegalan, Bapak ngriwayatke nalika isih timur lan durung kra- maisih mapan manggon sakomah karo kabeh adhine lan kamase. Nalika isih mapan ana desa Bapak uga nduweni tanggung jawab nggarap sawah lan tegalan kaya dene umume wong kampung. Mula aku lan sedulurku diajak menyang sawah lan tegalan. Swa-



ma 80 = [ 81 ]

sana ing sawah lan tegalan tansah nyenengake, kabeh katon ijo royo-royo, banyu kalenan katon bening lan isih ana iwak banyu kang urip ana jroning kalen. Karo mlaku-mlaku bapak ngendika maneka warna pengalamane rikala jaman semana. Lingkungan sawah ketok asri amarga ana tanggulan gede kang misahake blok- blokutawa petak-petak sawah, miturut Bapak, tanggul mau bekas rel sepur jaman Belanda kanggo ngangkuti asil tetanen utamane tebu. Ambane kira-kira rong meter mapan ana tengahe bulak sa- wah. Bapak ketok semangat nyritakakeriwayate nalika isih timur sajroning mlaku-mlaku bebarengan.

Ana tengahe mlaku-mlaku ora kanyana ketemu karo siwa Cakra, ngendikane bapak aku basane siwa marang dheweke. An- tarane rombonganku banjur mlaku bareng karo siwa Cakra. Ora suwe maneh banjur kepethuk mbah Jiman. Siwa Cakra tindak paling ngarep dhewe, bapak katon ngajeni marang dheweke amarga luwih sepuh, mula siwa Cakra tindake ana ngarep dhewe. Pas kepethuk Mbah Jiman, banjur kabeh pada ngrungokake pangandikane wong loro mau.

“Kowe arep menyang sawah, Kro?” pitakone Mbah Jiman.

“Ora kang, aku arep menyang sawah,” sauté wo Cokro.

Mbah Jiman nuli mangsuli maneh, “Oh, ya wis yen ngono. Tak arani kowe ki arep neng sawah.”

Ngrungokake dhialoge antarane wong loro mau kabeh ban- jur padha ngguyu kepingkel-pingkel. Amarga ketoke ukarane nyambung ning sejatine ora gathuk. Banjur kabeh padha bisik-bisik, Oh yen ngana piyayi loro kae jane wis padha sudo pamirengan.

Aku, bapak, kamas, adik lan uga siwa Cakra banjur nerusake laku nyawang endahing sawah lan tegalan. Sawise sawetara wek- tu banjur mulih amarga wis krasa kesel.

Crita ing antarane mbah Jiman lan siwa Cakra mau dadi kenangan lelucon kang ora bisa tak lalekke. Tekan omah daleme eyang banjur tak critakke marang poro sedulur kang ora melu mlaku-mlaku killing kampung. Kabeh ya padha ngguyu keping- kel-pingkel ngerteni dialoge wong loro mau.


me 81 [ 82 ]

Nganti tekan saiki yen aku ngumpul padha geguyonan karo kanca menawa tak baleni crita mau mesti kabeh pada ngguyu kepingkel-pingkel. Pancen lucu menawa wong loro kabeh pada suda rungon banjuromong-omongan. Ketoke ukarane nyambung nanging sajane ora bisa gathuk karepe. Mula yen sak iki ana tem- bang “Saliwange” cak Dikin aku banjur kelingan marang kedade- yan kang tau tak alami rikala aku lebaran mudhik ana daleme eyang.

ma 82